ENGET DHUMATENG ALLAH SWT
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ENGET
DHUMATENG ALLAH SWT
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem
pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah
SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga
wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas
karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing
akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi
Muhammad SAW.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Enget
dhumateng Allah SWT utawi Dzikrullah mujudaken salah satunggalipun dhawuh
ingkang wajib kita estokaken, engkang saget mbekta dhateng kebahagiaaning
gesang ing ndonya dalah ing akhirat. Atur punika selaras kaliyan dhawuh
pangandikanipun Allah SWT, kasebat ing Al-Qur’an Surat Jum’ah ayat 10 :
وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ
كَثِيرً۬ا لَّعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ
“Lan sira kabeh padha ngakeh-ngakehhna anggonira eling
marang Allah supaya sira kabeh oleh kabegjan”.
Lan
ingkang jelas kanthi enget dhumateng Allah SWT, manah kita lajeng saget dados
tentrem. Kados kasebat wanten ing Surat Ar-Ra’du ayat 28 :
أَلَا بِذِڪۡرِ
ٱللَّهِ تَطۡمَٮِٕنُّ ٱلۡقُلُوبُ
“Elinga! Yen mung kanthi eling marang Allah ati-atine para
manungsa iku bisa dadi tentrem”.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Saking
kalih ayat punika, insya Allah kita saged mendhet piwucal ingkang adiluhung. Sepisan,
bilih ngathah-ngathahaken enget dhumateng Allah punika dados penyebab
kagayuhing kebahagiaan lan kesejahteraan gesang. Angko kalih, enget
dhumateng Allah punika mahanani tentreming manah. Kalih-kalihipun mutlak dados
kebetahan gesang ingkang utami. Dene caranipun inggih punika kaperang dados
kalih, sepisan kanthi nindakaken shalat gangsal wekdal. Sebab sholat pancen
satunggalipun kaifiyah kangge enget dhumateng Allah. Hal punika kita dhasaraken
atas dhawuh pangandikanipun Allah SWT, QS Thoha ayat 14 :
إِنَّنِىٓ أَنَا
ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ
لِذِڪۡرِىٓ
“Satemene Ingsun iki yaiku Ingsung Allah. Ora ana pangeran
kang sabener-benere kejaba Ingsung. Mula saka iku sira nyembaha marang Ingsung.
Lan sira ngedegna sholat kanggo eling marang Ingsun”.
Lajeng
cara ingkang angka kalih , inggih punika enget dhumateng Allah ing sanjawinipun
sholat. Caranipun sepindah, kanthi
nggatosaken alam semesta ciptaanipun Allah SWT. Wonteng ing bab punika Allah
sampun ngendika kados kasebat ing QS Ali Imran ayat 190 :
إِنَّ فِى خَلۡقِ
ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱخۡتِلَـٰفِ ٱلَّيۡلِ وَٱلنَّہَارِ لَأَيَـٰتٍ۬
لِّأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
“Satemene ana sajrone kedadiane langi lan bumi lan gilir
gumantine bengi lan rina iku nyata-nyata mujudake tandha bukti kuwasane Allah
tumrape wong-wong kang duwe akal pikiran kang nggunakake akal pikirane”.
ٱلَّذِينَ يَذۡكُرُونَ
ٱللَّهَ قِيَـٰمً۬ا وَقُعُودً۬ا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمۡ وَيَتَفَڪَّرُونَ فِى خَلۡقِ
ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ
“Yaiku wong-wong kang eling marang Allah, nalika ngadeg
utawa linggih, utawa ana sajrone teturon; lan wong-wong mau padha mikir-mikir
marang kedadeane langit lan bumi”. (QS Ali Imran:191).
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wusana
cara enget dhumateng Allah ingkang pungkasan, inggih punika enget dhumateng
Allah wonten ing sadhengah kawontenan lan jaman utawi mangsa, inggih punika
ngadeg; ing nalikane linggih lan lan ing nalikane teturonan.
Tembung-tembung
“nalikane ngadeg, nalikane linggih lan nalikane turon ngaten punika nyasmitani,
bilih enget dhumateng Allah SWT punika dipun leksanakaken wonten ing sadhengah
kawontenan, wonten ing sedaya situasi lan kondisi. Nalika kita badhe nindakaken
punapa kemawon, kita wajib enget dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang Maha Kuwaos,
Maha Adil, Maha Mirsani, Maha Midhanget, Maha Sugih lan Maha sapanunggilipun.
Yen punika kita enget, insya Allah urusan utawi pendamelan ingkang kita
tindakaken punika badhe sae hasilipun, badhe sukses lan badhe ageng manfaatipun
lan pikantuk ridlanipun Allah SWT. Dene supe dhumateng Allah mbekta pengaruh
awon. Wonten ing bab punika Allah SWT ugi sampun ngengetaken dhateng kita
kanthi dhawuh pangandikanipun makaten :
وَلَا تَكُونُواْ
كَٱلَّذِينَ نَسُواْ ٱللَّهَ فَأَنسَٮٰهُمۡ أَنفُسَہُمۡۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ
ٱلۡفَـٰسِقُون
“Lan (he wong-wong mukmin) sira kabeh aja kaya wong-wong
kang lali marang Allah sahengga Allah banjur ndadekake wong-wong mau lali
marang awake dhewe. Dheweke mau yaiku wong-wong kang fasik”. (QS Al-Hasyr:19).
Kanthi jelas sanget ayat punika nerangaken bilih tiyang ingkang nyingkur lan supe dhumateng
Allah badhe ngalami kapitunan ingkang ageng, awit supe dhumateng Allah
mahanani supe dhumateng badanipun piyambak,
supe yen piyambakipun punika manungsa ingkang dipun titahaken dening Allah
kanthi kuwajiban namung setunggal, inggih punika ngibadah dhumateng Allah kados
ingkang dipun ngendikakaken wonten ing Al-Qur’an surat Ad-Dzariyat ayat 56 :
وَمَا خَلَقۡتُ
ٱلۡجِنَّ وَٱلۡإِنسَ إِلَّا لِيَعۡبُدُونِ
“Lan Ingsung (Allah) ora nyipta jin lan manungsa kejaba
mung supaya ngibadah (ngumawula) marang Ingsung”.
Tiyang engkang mboten ngertos lan mboten sadhar tugas
minangka kawulanipun Allah ingkang wajib ngibadah utawi ngumawula dhumateng
panjenenganipun, limrahipun mboten nggatosaken dhateng hukum-hukumipun Allah,
jalaran pancen mboten ngertos dhateng bab punika. Mila ugi lajeng mboten saged
mbentenaken antawisipun barang haq lan barang batal, antawisipun haram lan halal,
lan saterusipun.
Akhiripun, namung
dzikrullah ingkang sayektos mujudaken landhasan utawi fondasi ingkang kokoh lan
benteng ingkang kiyat kangge mageri diri kita saking sawarnining penyakit
mental tuwin virus ahklaq ingkang tetela saged nuwuhaken bebaya ingkang ageng
lan dahsyat sangt tumrapin didi pribadi dalah masyarakat. Mugia kita kallis
saking sedaya pacoben gesang, wilujeng wiwit ing ndonya ngantos ing akhirat
mbenjang. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar