KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NUTUP TAHUN 2018



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
NUTUP TAHUN 2018
Ed. : ANIS PURWANTO




إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dinten Jum’ah samangke kleres dhumawah ing tanggal 28 Desember 2018,  Dados mujudaken dinten Jum’at pungkasas tumraping tahun 2018. Pamila saking punika, sajak pantes bilih  khutbah punika  kita aturaken babagan evaluasi utawi panaliten tumrap sedaya ibadah kita ingkang sampun kita tindakaken salami tahun 2018 punika.
            Kanti panaliten utawi evaluasi punika kita badhe mangertosi kemajengan utawi malah kekirangan anggen kita nindakaken sedaya amal lan ibadah. Sahingga kagungan greget nedya badhe nyampurnakaken dalah ningkataken  amal ingkang sampun sae lan gumregah nedya nutup sedaya kekirangan, kanthi amal tumindak iangkang langkung sae.
            Wanten ing bab punika Gusti Allah sampun paring penget dhumateng kita sedaya, ingka kahemot ing Al-Qur’an Surat Al-Hasyr : 18 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬‌ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ
E wong-wong kang iman !. Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah. Lan saben wong iku supaya nggatekna marang samubarang gawe kang wis ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur kanggo kepentingane dina sesuk. Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah !. saatemene Allah iku Maha Ngawuningani samubarang dhengah kan podo kok tindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Ayat ing nginggil kanthi jelas lan gamblang nerangaken pentingipun ngawontenaken panaliten dhumateng sedaya amal lan ibadah kita wanten ing mangsa-mangsa kepengker, kagem keperluan dalah kemajengan ing mangsa ingkang badhe dhateng. Kanthi pangajab, supados amal tumindak kita langkung sae lan langkung sampurna.
Panaliten kita tindakaken nyakup sedaya kegiatan kita ing ngalam ndonya, sae amalan engkang magepokan kaliyan urusan duniawi  lan ugi ing babagan uhkrowi. Ing urusan kadonyan, kita teliti, supados kegiatan kita dados saya sampurna lan meningkat. Makaten ugi amalan kita wanten ing bidhang ukhrawi, kita teliti , kanthi pengajab pengibadahan lan sedaya amalan keakhiratan kita dados saya meningkat.
Ingkang waunipun ibadahipun taksih gothang-gothang lajeng dados istiqomah. Ingkang waunipun pengamalan agaminipun taksih kacampuran bab-bab ingkang kirang leres , dados langkung mantep lan murni, mligi kangge ngupadi ridlanipun Allah SWT. Islamipun dados Islam ingkang murni, manut ketetapanipun Allah lan Rasulipun. Sahingga ing alan akhirat mangke insya Allah kita badhe klebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Allah SWT ngendika makaten :
ثُمَّ جَعَلۡنَـٰكَ عَلَىٰ شَرِيعَةٍ۬ مِّنَ ٱلۡأَمۡرِ فَٱتَّبِعۡهَا وَلَا تَتَّبِعۡ أَهۡوَآءَ ٱلَّذِينَ لَا يَعۡلَمُونَ
Wusana Ingsun  banjur netepake sira mapan ana ing syariat (aturan) saka urusane  (agama) iku (Islam). Mula, sira manuta marang syariat iki, lan sira aja manut marang hawa nafsu pepinginane wong-wong kang padha ora ngerti”(QS. Jasiyah : 18).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ibarat tiyang kekesahan , kita tartamtu mbetahaken sangu. Wandene sangu ingkang paling utami, langkung-langkung kangge nglebeti tahun enggal 2019, ingih punika taqwa dhumateng Allah SWT, kanthi ters nindakaken sedaya dhawuhin Allah SWT dalan ninggalaken kanthi sekuat kemampuan kagen nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT.
Dhawuh makaten punika , kita dasaraken pangandikanipun Allah SWT, wanten ing Al-Qur’an surat Baqarah ayat 197 :
وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰ‌ۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ .
Lan sira kabeh padha sangua. Banjur padha ngertia satemene sangu kang paling utma iku, yaiku taqwa marang Allah. Mula saka iku, sira kabeh padha taqwa-a marang panjenenganingsun, he wong-wong kang padha gelem mikir”.
            Makaten dhawuh pangandikanipun Allah SWT ingkang menthe leresipun , pramila kita wajib pitados lan wajib ngestokaken sedaya dhawuh punika. Awit kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, nilih kanthi taqwa dhumateng Allah kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun, kita badhe pikantuk perlindungan saha pangayomanipun Allah SWT. Mugia kita pikantuk kalwilujengan saha kanugrahan Allah SWT wiwit ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA