KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MUSIBAH MINANGKA PEPENGETIPUN ALLAH SWT
KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
MUSIBAH MINANGKA
PEPENGETIPUN ALLAH SWT
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ
يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا
مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin,
sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT,
ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya.
Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah
SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika
saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
Shalawat
saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang
sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami.
Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah,
bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sekedar ngengetaken
dhumateng kita sedaya bilih ing wekdal sak punika sebagian masyarakat kita
nembe nampi musibah dalah ujianipun Allah SWT , wanten ingkang awujud banjir
ugi tanah longsor. Ingkang saestu mbekta kapitunan ingkang mboten sekedik,
kerugian material ugi jiwa. Pramila saking punika sekedar kagem
ngengetaken dhumateng kita sedaya,
mboten wonten awonipun manawi ing kesempatan khutbah Jum’at siang punika
kita aturaken bab dhatengipun musibah –musibah punika, saboten-botenipun saged
dados peringatan tumraping kita sedaya.
Kasebad
ing Surat Al-Hadid ayat 22 lan 23 :
مَآ أَصَابَ مِن
مُّصِيبَةٍ۬ فِى ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمۡ إِلَّا فِى ڪِتَـٰبٍ۬ مِّن
قَبۡلِ أَن نَّبۡرَأَهَآۚ إِنَّ ذَٲلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ۬ (٢٢)
لِّكَيۡلَا تَأۡسَوۡاْ عَلَىٰ مَا فَاتَكُمۡ وَلَا تَفۡرَحُواْ بِمَآ ءَاتَٮٰڪُمۡۗ
وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخۡتَالٍ۬ فَخُورٍ
“Ora ana musibah kang dumadi ana
ing lumahing bumi lan uga kang ngenani ing awak-awakira, kejaba kabeh iku mau
pancen wis tinulis ing buku gedhe (lauhil ahfudh), wiwit sakdurunge ingsun
mujudake dadi kasunyatan. Satemene kang mangkono iku menggahe Allah gampang
banget. (Sung jelasake, kang mangkono iku) supaya sira kabeh aja pada ngluwihi
wates anggonira nguja kesenengan kanthi sakabehing barang kang diparingake
dening Allah marang sira. Awit Allah iku pancen ora seneng marang saben wong
kang sombong lan gumedhe ”.
Para sederek, ayat punika jelas
lan tegas ngengetaken kita sedaya, kanthi peringatan ingkang keras. Peringatan
kanthi keras lan tegas punika kanthi maksud supadas kita para manungsa sampun
ngantos tledor, sampun ngantos nggampilaken lan malah nyepelekaken peringatan
Allah punika. Awit peringatan Allah SWT punika wanten sebagian ingkang awujud
musibah ingkang dahsyat sanget sanget ingkang boten badhe wonten kekiyatanipun
manungso kados punapa kemawon ingkang saged nanggulangi, yen boten angsal idzin
saha pitulunganipun Allah SWT.
Pancen yen kita piker lan kita gatosaken,
wonten saat punika, sampun cekap kathah tingkah lakunipun manungsa ingkang
sampun nglangkungi wates. Kebrutalanipun manungsaa, ingkang saajak sampun
mboten nggatosaken malih dhateng rambu-rambu moral punapa malih agami. Kanthi
mawarni-warni cara, ingkang penting tujuanipun saged kasembadan.
Pokokipun , para sederek, sedaya
kerisakan ingkang dumados wonten ing sawarnining bidhang pagesanganipun
manungsa punika sampun merajalela, sahengga sampun pas kados dhawuh Allah SWT
ingkang kahemot ing Surat Ar Rum ayat 41 , ingkang nyebadaken makaten :
ظَهَرَ ٱلۡفَسَادُ فِى
ٱلۡبَرِّ وَٱلۡبَحۡرِ بِمَا كَسَبَتۡ أَيۡدِى ٱلنَّاسِ لِيُذِيقَهُم بَعۡضَ
ٱلَّذِى عَمِلُواْ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ
“Kerusakan iku wis katon
merajalela ana ing lumahing dharatan lan segara akibat saka tumindake
tangan-tangane manungsa, supaya Allah ngrasakake marang dheweke sebagian saka
akibat tumindake wong-wong mau dhewe, kang supaya dheweke mau padha bali marang
dalan kang bener ”.
Para sederek, Potongan ayat
“LIYUDZIIQAHUM BA’DLALLADZII ‘AMILUU”, nelakaken bilih yen Allah SWT
ngersakaken, saged kemawon panjenenganipun lajeng nurunaaken musibah wiwit
ingkang alit ngantos ingkang ageng, waradin sak nagari. Kamangka musibah
prengetanipun Allah punika asring mboten pandang bulu, liripun senadyan tiyang
ingkang mboten dosa pisan saged kemawon ketaman musibah.
Makaten ingkang kasebat wonten
ing Al-Qur’an Surat Al-Anfal ayat 25 :
وَٱتَّقُواْ فِتۡنَةً۬ لَّا تُصِيبَنَّ ٱلَّذِينَ
ظَلَمُواْ مِنكُمۡ خَآصَّةً۬ۖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ
“Lan sira kabeh padha wedia
marang siksane Allah sing temenan ora mung khusus ngenani wong-wong sing dhalim
ing antarane sira kabeh bae. Lan sira kabeh padha sumurupa satemene pasiksane
Allah iku abot banget ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kulo kinten saking
keterangan ayat ing nginggil kita sampun
cekap minangka bukti bilih peringatan Allah ingkang awujud musibah punika
sawekdal-wekdal saged dhateng kita sedaya. Ingkang makaten punika ngengetaken
dhumateng kita sedaya supados sami wangsul dhateng margi ingkang leres. Lan
babar pisan sampun ngantas kita lajeng supe dhumateng Allah SWT. Awit
sawarnining kerisakan punika yen dipun titi, sumber penyebabipun ingkang pokok
punika namung setunggal, inggih punika amargi manungsa sampun supe dhateng
Pangeranipun .
Kados kasebad ing
Al-Qur’an Surat Al Hasyr ayat 19 :
وَلَا
تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ نَسُواْ ٱللَّهَ فَأَنسَٮٰهُمۡ أَنفُسَہُمۡۚ
أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
“Lan sira kabeh aja kaya wong-wong
kang lali marang Allah. Sahingga Allah banjur gawe lali marang wong-wong mau,
lali marang awake dhewe. Dheweke yaiku wong-wong fasik ”.
Tiyang ingkang dipun damel supe
dening Allah sahingga supe dhateng badanipun piyambak, punika ateges
pasiksanipun Allah ingkang ageng sanget. Awit supe yen piyambakipun punika
manungsa , mahkluk kawulanipun Allah, mila sedaya polah-tingkahipun lajeng
sampun medal saking wates-watesipun kamanungsan. Mugi-mugi kita sedaya
katebihaken saking sedaya musibah, ingkang penyebabipun tangan-tang kita
piyambak, bekja wilujeng ing ndonya khatal akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
.
Subhanalloh👍👍👍
BalasHapuswalhamdulilah
BalasHapus