KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
ISRA’ MI’RAJ NABI
MUHAMMAD SAW
Oleh : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin,
sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT,
ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya.
Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah
SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika
saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
Shalawat
saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang
sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami.
Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah,
bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Nembe kemawon kita
sesarengan mrengeti Isro’ Mi’roj Nabi Agung Muhammad SAW, tepatipun rikala
tanggal 3 April 2019 utawi tanggal 27 Rejeb 1440 H. kalih dinten
kepengker. Isra’ Mi’raj kacatet minangka
satunggaling saat bersejarah , mujudaken satunggaling kedadosan ingkang sacral,
perjalanan suci , ingkang sekaligus mujudaken salah satunggaling mukjizat
saking Allah SWT. . Sahingga tumraping Mukmin-Muslim klebet ewonipun kedadosan
ingkang wajib kita yakini.
Wondene
ayat Al-Qur’an ingkang dados dasar wontenipun prastawa Isro’ Mi’roj Nabi
Muhammad SAW punika Surat Al-Isra’ ayat 1
سُبۡحَـٰنَ
ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى
ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ
مِنۡ ءَايَـٰتِنَآۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ :
“Maha suci Dzat kang nglakokake
kawulane ana ing mangsa bengi saka Masjidil Haram tumeka marang Masjidil Aqsha
kang wus Sun berkahi sakiwa-tengene, jalaran Ingsun kepareng nuduhake marang
kawulaningsun mau, sebagian saka tandha-tandha kuwasaningsun. Satemene Allah
iku Maha Midhanget, lan Maha Ngawuningani ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ayat 1 Surat
Al-Isra’ isi piwucal pokok lan penting bilih Allah SWT kepareng paring pirsa
dhateng Utusanipun, Panutan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tandha-tandha keagunganipun saha kuwaosipun
Allah SWT ing prastawa Isra’ Mi’raj punika, temtu kanthi maksud lan tujuan
ingkang sakelangkung luhur selaras kaliyan kalenggahanipun Kanjeng Nabi ingkang
jumeneng Rasul pungkasan, ingkang kautus dhateng sedaya manungsa, minangka
pengejawantahan rahmat welas asihipun Allah SWT dhateng sedaya para kawula lan
makhlukipun.
وَمَآ
أَرۡسَلۡنَـٰكَ إِلَّا رَحۡمَةً۬ لِّلۡعَـٰلَمِينَ
“Lan Ingsun ora ngutus marang
sira Muhammad, kejaba kanthi maksud minangka rahmat ingsun tumrape kabeh para
makhluk ing sakabehe alam saisine ”.(QS. Al-Anbiya’:107).
Saking ayat 1 surat Al-Isro’
punika kita ugi saged mendhet
pangertosan bilih tujuan dalah hikmah ingkang winengku wanten salebeting
peristiwa Isro’ Mi’roj, mboten sanes kajawi peningkatanipun aqidah kita. Pramila sumangga kita sedaya samia saged
ningkataken iman saha taqwa kita dhumateng Allah SWT, ingkang kanthi makaten
sageda mahanani ningkatipun amal shalih kita, jer yektosipun , iman punika
mujudaken sumbering sedaya kesaenan.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Hikmah utawi piwucal
ingkang saged kita pethik saking
prastawa Isra’ Mi’roj inggih punika .bilih peristiwa Isr’ipun Rasulullah punika
“Minal Masjidil Haram ilal Masjidil Aqsha”, ingkang ateges saking masjid
dhateng masjid. Bab punika perlu sanget kita aturaken, saperlu ndadosna ing
kawuningan kita sedaya, bilih wanten salebetipun Isra’ Mi’roj punika tetela
masjid anggadhahi peranan ingkang sakelangkung wigatos. Sahingga lumantar
pengetan isra’ Mi’raj , kita umat Islam ugi dipun engetaken supados sami ningkataken
kawigatosanipun dhateng masjid, ingkang ateges mangga sami memakmurkan masjid
utawi ndamel syiaripun agami islam mawi sarana masjid.
Salejengipun hasil
saking prastawa Isra’ Mi’raj inggih punika bilih Gusti Rasulullah lan sedaya
ummatipun dipun wajibaken nindakaken shalat fardhu gangsal wekdal salebetipun
saben sedinten sedalunipun . Lan tetela, sak sampunipun kita kaji kanthi lebet
lan tuntas, shalat ingkang dipun wajibaken dening Allah dhateng kita punika
tetela ageng sanget manfaatipun, kanthi syarat shalat ingkang dipun tindakaken
kanthi khusyu’ :
قَدۡ أَفۡلَحَ
ٱلۡمُؤۡمِنُونَ (١) ٱلَّذِينَ هُمۡ فِى صَلَاتِہِمۡ خَـٰشِعُونَ (٢)
“Temen-temen begja banget
wong-wong mukmin iku. Yoiku wong –wong kang khusyu’ sajrone sholate”.(QS. Al-Mukminun : 1-2)
Kanthi shalat ingkang khusyu’ lan
tuma’ninah kajawi ganjaran ingkang inggil ugi mahanani kareksa dening Allah lan
tinebihaken saking sawernining tumundak jahat lan kemungkaran.
وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَۖ
إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِۗ
“Lan sira ngedegna shalat. Awit
satemene shalat iku nyegah saka tumindak jahat lan tumindak mungkar”.(QS.
Al-‘Ankabut : 65).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Saking keterangan
ingkang magepokan kaliyan Isa’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW ingkang sekedik lan
ringkes punika, kita lajeng saget mendhet kesimpulan bilih shalat minangka
tugas wajib ingkang kedah kita ayahi , gangsal wekdal saben sedinten
sedalunipun. Malah langkung sampurna bilih kita tindakaken kanthi berjamaah lan
ugi katambah shalat sunahipun. Mugi-mugi kita saget mendhet hikmah ingkang
winengku saking anggen kita sampun nindakaken prengetan isrta’ Mi’raj Kanjeng
Nabi muhamma SAW, kanggeh anggayuh kabegjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin
ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar