KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M : ” KANTHI SIYAM RAMADHAN LAN FITRAH KITA BANGUN KAPRIBADEN UMAT”

KHUTBAH IDUL FTRI  1440 H / 2019 M 
” KANTHI SIYAM RAMADHAN LAN FITRAH KITA
BANGUN KAPRIBADEN UMAT”
Dening : Anis Purwanto
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
            Sumangga kita sesarengan anggaturaken puja lan puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sami, sahingga ing dinten puniko kito umat islam ngraosaken remen smpun saged ngrampungaken sedaya amalan lan pengibadahan wonten ing wulan ramadhan. Sholawat saha salam mugi kalumeberaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugikita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
            Kanthi rampungipun siyam Ramadhan saha sedaya rerangkaianipun mugi-mugi saged ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng allah SWT, saged nebihi saking sedaya tumindak awon, lan saged nindakaken perkawis ingkang sae sahingga mahanani kawilujengan kita lahir lan batin ndonya akhirat. Amin.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
Kita umat Islam milai manclaping surya kolo wingi sonten sedaya ummat islam ngumandhangaken kalimat agung arupi Takbir, Tahmid lan Tahlil wanten ing pundi piyambakipun manggen.ucapan-ucapan Takbir, Tahmid lan Tahlil mujudaken satunggaling bukti raos syukur kita dhumateng keagunganipun Gusti Allah SWT. Awit dinten punika bukti nyata kemenangan ummat Islam saking memerangi hawa nepsu sewulan laminipun, inggih punika siyam Ramadhan. Kanthi pangajab mugi-mugi saged mbekto dhumateng tindak-tanduk ingkang sae, mboten gampil nglanggar ing wewaleranipun agami.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
            Kanthi rampungipun siyam Ramadhan ingkang kalandasaraken iman lan nyuprih ridlo Allah, insya allah kita pikantuk janji-janjinipun Allah SWT ingkang arupi kesenengan lan kanikmatan arupi rahmat, maghfiroh lan ‘itqun minan naar (be-basing siksa geni neroko). Kados dhawuh Rasulullah SAW :
وهو شهر أوله رحمة ووسطه مغفرة وآخره عتق من النار
“Sasi Ramadhan iku awale rahmat, tengahe magfiroh (ampunan saka Gusti Allah SWT) lan akhire pembebasan siksa seroko: (Al-Hadits).
            Tentunipun sedaya kasebat tumanduk dhumateng tiyang-tiyang ingkang nindakaken siyam kanthi iman lan niyat ngupadi ridlo Allah SWT. Kados kasebat wanten dhawuh Rasulullah SAW :
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sapa wonge nglakoni pasa ana ing wulan ramadhan kanthi iman lan niyat ngupadi ridla Allah SWT, mula wong mau bakal dingapura dosane sing wus kapungkur” (HR Muslim).
            Pramila kanthi dhasar Hadist punika insya Allah kita sampun kawisudha dados kawulanipun Gusti Allah SWT ingkang resik lahir lan batin saking sedaya kalepatan (dosa). Dipun ibarataken kados dene bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbnipun ibu, sahingga estu-estu ing dinten punika kita wansul dhateng fitrah (suci), dados kawulaning Allah SWT ingkang suci lahir batin.
            Anugerah arupi  fitrah estu-estu mujudaken modal ingkang ageng tumrap kita ummat Islam, kangge anggayuh sedaya  panjangka gesang ingkang mardlotillah ndonya lan akhirat. Ananging, modal punika badhe muspra manawi mboten kaginakaken kanthi cara ingkang leres, inggih punika kanthi nderek tuntunanipun Allah SWT lan utusanipun. Kados kasebat wonten ing Al-Qur’an Surat Ash-Shoff ayat 10-12 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ هَلۡ أَدُلُّكُمۡ عَلَىٰ تِجَـٰرَةٍ۬ تُنجِيكُم مِّنۡ عَذَابٍ أَلِيمٍ۬ (١٠) تُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ وَتُجَـٰهِدُونَ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ بِأَمۡوَٲلِكُمۡ وَأَنفُسِكُمۡ‌ۚ ذَٲلِكُمۡ خَيۡرٌ۬ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ (١١) يَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡ وَيُدۡخِلۡكُمۡ جَنَّـٰتٍ۬ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہَا ٱلۡأَنۡہَـٰرُ وَمَسَـٰكِنَ طَيِّبَةً۬ فِى جَنَّـٰتِ عَدۡنٍ۬‌ۚ ذَٲلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ
 “He wong-wong kang padha iman apa sira kabeh padha gelem sun tuduhake marang sawijining dol tinuku kang bisa nylametake sira kabeh saka siksa kang banget perihe (yaiku) supaya sira kabeh padha gelem iman marang Allah SWT lan utusane, lan jihad ana ing dalane Allah kanthi bondho lan jiwanira. Mangkono iku luwih becik tumrap sira, yen sira pancen padha ngerti. (ten sira padha gelem tumindak mangkono) Allah mesti paring pangapura saka dosa-dosanira, lan padha dilebokake sira kabeh ana ing swarga kang ing ngisore kali-kaline padha mili, la ana ing papan panggonan kang apik ana ing suwarga, kang mankono iku bathen kang gedhe banget”.
            Kanthi keterangan ayat punika saged dipun pendhet keterangan bilih reginipun suwarga mboten saged katumbas kaliyan arta, ananging kita gantos kaliyan iman lan jihad, inggih punika kanthi nyorohaken bondho donya kangge berjuang wonten marginipun Allah SWT. Manawi kita purun nindakaken jejibahan luhur makaten punika, tartamtu ganjaran sae ingkang badhe kita tampi. Lan Allah SWT mboten badhe rugi, amargi Allah Maha agung lan sugih ingkang tanpa winates. Pramila sedaya namung gumantung wonten kita piyambak-piyambak.
Allahu Akbar 3 X Walillahil–hamd.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Minangka kelanjutan saking keberhasilan anggen kita nindakaken ibadah siyam, ing akhir Ramadhan kita dipun wajibaken mbayar zakat fitrah, ingkang pembagianipun dipun utamekaken kangge para fakir miskin. Bab punika kadasaraekn saking dhawuh pangandikanipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW :
فرضَ رسولُ اللهِ زكاةَ الفِطرِ طُهرةً للصَّائِمِ من اللَّغوِ و الرَّفَثِ وطُعمَةً للمساكينِ

“Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.
Zakat fitrah mujudaken simbul saking solidaritas lan kesetiakawanan sosial, sak sampunipun ngraosaken ngelak lan luwe ing wulan Ramadhan. Sahingga tiyang mukmin nggadahi raos welas asih dhumateng kaum dhu’afak. Kanthi pangajab kaum dhuafak punika saget ngraosaken kebahagiaan ing swasono Idul Fitri, kados ingkang kita raosaken ing dinten punika.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Gesang wanten ing salebeting jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kados samangke punika satuhu andadosaken manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwa morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang amrih tata tentrem raharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun damel lepat, sedayaning awisan dipun lampahi, dene prentah sami dipun tebihi. Tumindak awon sampun dados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nafsu angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang kapranata mboten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
            Menawi kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih kathah sanget bebrayan masyarakat kita ingkang dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan pakarti kita mboten ngginakaken tuntunan syari’at Islam, malah kesengsem lan nganggep langkung sae, langkung terhormat cara sanes ingkang lelawanan kaliyan ajaran agami Islam.
            Cobi kita tingali, kados pundi cara kita pados pangupa-jiwa, kados pundi kita ndhidhik anak-anak kita, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, pola pikir kita, ringkesipun mobah-mosik kita saben dinten ing sadhengah perkawis, pundi ingkang sampun adhedhsar tuntunaning syari’at agami ? Menawi kados makaten ateges kita punika dereng mlebet agami Islam kanthi sawetahipun, saengga saged kedadosan masyarakat mayoritas muslim ananging pranatanipun jahiliyah.
            Mangka sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih kados ingkang kadhawuhaken wonten Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
“He wong-wong kang padha iman ! Lumebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi sekabehane, lan aja tut wuri marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku mungsuhira kan nyata”
            Alelandhesan ayat punika sampun samesthinipun kita kedah tumunten ambangun malih patrap anggen kita nindakaken agami Islam ingkang kanthi saleresipun miturut wewaton ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Sanes Islam sak remen kita piyambak ! Kanthi wansul utawi mbangun malih sarta mapanaken dhiri pribadi kita salebeting Islam sawetahipun ateges kita mbudi daya njejegaken agami Islam ing madyaning bebrayan masyarakat ingkang saya dangu saya risak dening pakartining syetan. Godhaning syetan ingkang kita adhepi saya awrat, langkung prakosa lan sakelangkung alus.
            Manawi kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa bobot lan saya ringking jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami ngrungkebi ing agami namung pundi ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang mboten dipun remeni inggih dipun tilar sasekecanipun.
            Kawontenan punika dipun gambaraken wanten ing Al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 11:

وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَعۡبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرۡفٍ۬‌ۖ فَإِنۡ أَصَابَهُ ۥ خَيۡرٌ ٱطۡمَأَنَّ بِهِۦ‌ۖ وَإِنۡ أَصَابَتۡهُ فِتۡنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأَخِرَةَ‌ۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ
“Lan ing antaraning manungsa ana wong kang panembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing donya lan ing akhirat. Kang mengkono iku kapitunan kang nyata”.
            Inggih kapribaden minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa makaten kita tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing salami-laminipun, jalaran punapa ingkang sampun kita tindakaken pranyata mboten wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syari’at agami sahengga mboten badhe katampi.
            Wonten ing babagan sosial, wantenipun cecongkrahan ingkang tansah mertahanaken kekajenganipun piyambak-piyambak ingkang dados penghalang ukhuwah Islamiyah ing negeri kita, sahingga mboten saged sesambetan. Ingkang sedaya kalawau kedah kita upayakan kanthi sesarengan, supadas  umat Islam anggadhai kekiyatan ingkang mumpuni.  Kawontenan  umat ing wekdal punika saged dipun ibarataken kanthi satunggalipun penumpang baeto ingkang kengeng ombak ageng lan ganas saking njawinipun baeto, dene wanten ing salebetipun baeto mboten anggadhai nahkoda ingkang saged dipun pitados mimpin lan nglampahaken baeto kanthi sampurna, pramila arahipun mbaten cetho badhe tumuju dhateng pundi. Kawantenan makaten taksih dipun tambah kaliyan olah penumpangipun ingkang sami kocar kacir lan cecongkraahan amargi tansah mbelali pikajenganipun piyambak-piyambak.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
            Kanthi sanepan kasebat ing nginggil, kita kedah ambudidaya sesarengan kanthi modal ingkang sampun dipun paringaken Allah SWT dhumateng kita sami arupi fitrah (kesucian) ing dinten riyadin Fitri sapunika, kedah kita isi kanthi pinten-pinten ikhtiyar lan niya kanthi saestu. Ikhtiyar kala wau ing antawisipun ningkataken Sumber Daya Manusia (SDM) lan program kaderisasi kanthi nengenaken Pendidikan Aqidah, akhlaqul karimah saha wucalan-wucalan sanesipun saged njawab tantangan zaman. Amargi zaman ingkang badhe dipun alami dening putra wayah kita mangke mboten sami kaliyan zaman sak mangke. Mila kita kedah wantun ndidik anak-anak kanthi ngetok sedaya kekiyatan kita. , sahingga ing tembenipun  anak turun kita  mbaten kesingkur saking kawantenan zaman ingkang sampun majeng wantn ing babagan punapa kemawon (Zaman Globalisasi),  ingkang ing saat punika sampun kita raosaken akibatipun.
            Wanten ing Riyadin Fitri punika kita kadhawuhan ngathahaken Silaturrahim, kangge nyuwun pangapunten, ngapura sedaya kalepatan sesami ngagesang, kanthi tujuan ngraketaken pasederekan. Pramila sumangga silaturahim kita tindakaken kanthi niyat nyuprih ridla Allah Ta’ala, kanthi pangertosan ingkang wiyar, saged ugi ateges ningkataken hubungan kangge ngempalaken keterangan masalah kesempatan lan peluang babagan punapa kemawon. Sae wanten babagan perdagangan, pembangunan umat lan sanes-sanesipun ingkang sedayanipun kedah mengku tujuan sae. Sedaya kala wau saged kanthi sarana ningkataken ukhuwah Islamiyah ingkat kiyat, lan dipun landasi kanthi ajaran Tauhid lan mboten ngageng-agengaken babagan khilafiyah ingkang mboten wonten putusipun.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
            Saksampunipun kita mlebet wulan Syawal ing dinten punika, kita kedah cantut taliwanda nggolong-gilig-aken niyat kanthi lelandasan ngupadi ridla Allah SWT. Sahingga modal peparingipun Allah SWT arupi fitrah seged dumunung wonten ing salebetipun kesadaran kita sami, ateges kita anggadhahi daya kekiyatan ingkang saged nyekapi kangge sedaya kemaslahatanipun umat Islam.
            Sedaya kawasisan mboten badhe saged ngrampungaken perkawis manawi mboten dipun trapaken kanthi leres. Wucalan-wucalan Allah lan utusanipun mboten badhe ngrampungaken perkawis umat, manawi mboten dipun amalaken kanthi leres lan mbaten kita ejawantahaken wonten ing pagesangan sedinten sedalunipun. Pramila kanthi wulan syawal, ingkang ateges wulan peningkatan, mila kita tingkataken amal shaleh wonten ing sadhengah papan dalah panggenan, tumuju kesaenan ndonya akhirat. Kados kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Maidah ayat 2 :
وَتَعَاوَنُواْ عَلَى ٱلۡبِرِّ وَٱلتَّقۡوَىٰ‌ۖ وَلَا تَعَاوَنُواْ عَلَى ٱلۡإِثۡمِ وَٱلۡعُدۡوَٲنِ‌ۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ‌ۖ إِنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ
 “Lan sira kabeh padha lung tinulungan ana ing kabecikan lan taqwa, lan aja padha lung tinulung ana ing tumindak dosa lan nglanggar wewaler, lan padha taqwaa sira kabeh, saktemene Allah abot siksane”.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
            Waanten ing kesempatan punika, kula ngaturaken sugeng Riyaya idul Fitri 1 Syawal 1440 H.  Mugi-mugi kanthi siyam Ramadhan lan idul Fitri, sedaya amal kita dipun tampi dening Allah SWT, sahingga kita kagolongaken tiyang ingkang wangsul dhumateng kesucian lahir lan batin, begja mulya ndonya lan akhirat. Amin ya rabbal’alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA