KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1440 H / 2019 M : PENGURBANAN LAN KAMARDIKAN
KHUTBAH
IDUL ADHA BAHASA JAWA 1440 H / 2019 M
PENGURBANAN
LAN KAMARDIKAN
Dening : Anis Purwanto
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ
اللهِ وَبَركَاَتُهُ
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا
وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ
وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ
أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ
لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ
وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ:
فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ:
يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ
تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu
Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah, kanthi ngaturaken pujo puji
syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun
paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos ing enjangipun Idul Adha punika kita saged nindakaken pangibadahan
dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita
katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi
ing akherat.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng
junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng
sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun
mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Gusti ingkang Maha Agung lan Moho Mirah, Allah
SWT, ndadosaken Ariyadin Adha punika dinten penyerahan lan pengorbanan kangge
sedaya kawulanipun Allah SWT, ingkang
tansah ngabekti dhumateng ngarsanipun, kajawi punika Ariyadin Adha minangka
lambangipun keagungan lan keluhuran saha sucinipun Agama Islam, lambang
pesederean lan kerukunan ing antawisipun sesami umat Islam, ugi antawisipun
setunggal golongan saha bangsa sanes. Pramila kanthi manah ingkang yakin,
mboten wonten ingkang patut kita sembah kejawi namung Gusti Allah.
Ing
enjang punika kita umat Islam mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha”
kanthi nindakaken sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun
syariataken dening agami . wondene caranipun inggih punika sarana
ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil, minangka tandha bukti anggen kita ngegungaken
asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha
illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu. Kajawi ngumandhangaken kalimah takbir ingkang
dipun wiwiti kalawau dalu , malah wanten ingkang ngawantenaken takbir keliling,
gumuruh ngebaki angkasa. Kita ugi kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados
ingkang nembe kita tindadaken kalawau. Salajengipun, kagem ingkang sampun mampu
kadhawuhan mragat kewan qurban ingkang dagingipun kabagi-kabi kangge kaum
dhuafa’.
Kita ugi muji syukur
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, bilih ing Idul Adha tahun punika, kita Bangsa
Indonesia badhe mengerti HUT RI ingkang kaping-74. Bab punika penting kita
aturaken ing awal khutbah, kanthi pangajab mugia kita sedaya nyadari bilih
kamardikan saking penjajah Walandi, mboten kamardikan final, nanging tetep
berjuang terus kangge ngisi kamardikan, ingkang tartamtu kedah ugi kanthi
pangurbanan.
Wondene lekas ingkang
kapisan wajib kita tindakaken salebetipun mengeti dinten agung Nasional inggih
punika nyaosaken syukur dhumateng Allah SWT. Mila pengetan proklamasi punika mangke
motiv ingkang paling utami kulo kinten kedah wonten unsur , “Mensyukuri ramhat lan kanikmatan
peparingipun Allah”, awit wonten muqodimahipun UUD 1945 piyambak ugi dipun
tegasaken, bilih kamardikan bangsa lan nagari Indonesia punika mujudaken rahmat
welas asih peparingipun Allah dhateng bangsa lan rakyat Indonesia, “Atas rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan
dengan didorongkan oleh keinginan yang luhur, supaya berkehidupan kebangsaan
yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”. Mila saking punika, kita bangsa lan rakyat
Indonesia wajib muji syukur dhumateng Allah SWT. Ingkang makaten punika
awit ngestokaken dhawuh pangandikanipun Allah SWT, Surah Ibrahim ayat 7 :
وَإِذۡ تَأَذَّنَ
رَبُّكُمۡ لَٮِٕن شَڪَرۡتُمۡ لَأَزِيدَنَّكُمۡۖ وَلَٮِٕن ڪَفَرۡتُمۡ إِنَّ
عَذَابِى لَشَدِيدٌ۬
“Lan sira kabeh padha eling nalika Pangeranira
ngundhangake dhawuh mangkene :”Yen sira kabeh nyata-nyata padha gelem syukur
marang Allah, sayekti Ingsun bakal paring tambahan kanikmatan marang sira kabeh.
Nanging yen sira kabeh malah ngengkari
kanikmatan peparingingsun, ngertia satemene pasiksaningsung iku abot
banget”.(QS. Ibrahim :7).
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Kamardikan rapet sanget
sesambetanipun kaliyan pengurbanan. Malah kamardikan mboten badhe kagayuh, yen tanpa wonten pangurbanan.
Makaten ugi ngisi kamardikan, dipun perlokaken sanget wontenipun pengurbanan.
Wondene bentukipun ngisi kamardikan punika mboten wonten sanes kajawi sarana pembangunan. Lan
ngengingi bab pembangunan punika,
Alhamdulillah, kita bangsa Indonesai dumugi ing saat sapunika taksih
wonten salebetipun mbangun. Lan kasil saking pembangunan punika sampun saget
dipun raosaken dening kita sedaya bangsa lan rakyat Indonesaia. Ingkang mesthi
kemawon pembangunan punika taksih kedah kita terusaken lan kita tingkataken,
murih tujuanipun pembangunan punika piyambak tumunten saget kita gayuh. Inggih
punika, Nagari ingkang “BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
Pembangunan ingkang
kita leksanakaken, pancen sekelangkung wiyar sanget tebanipun, sahengga asring
kasebat “Pembangunan manusia seutuhnya dan pembangunan masyarakat Indonesia
seluruhnya”. Karana agengipun
gegayuhan saking Pembangunan Nasional, tartamtu mbetahaken partisipasi saking
sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidang, selaras kaliyan pakaryan
lan profesi kita piyambak-piyambak. Sebab, Pembangunan Nasional,
mujudaken pengejowantahan saking taqwa kita dhumateng Allah SWT. Selajengipun keberhasilan
pembangunan ingkang lelandasan sikap pengurbanan menika badhe saged
ngagungaken syi’ar Allah lan syi’ar Islam ing bumi Indonesia menika :
وَمَن يُعَظِّمۡ شَعَـٰٓٮِٕرَ
ٱللَّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقۡوَى ٱلۡقُلُوب
“Lan sing sapa ngagungake syi’ar-syia’re Allah, prayata iku saka ati
kang taqwa”. (QS. Al-Hajji :32)
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Kathah hikmah ingkang saged kita pethik saking
prengetan Proklamasi Kamardikan ingkang wekdalipun celak sanget kaliyan kita
mahargya dinten Idul Adha punika. Kamardikan lan pengurbanan, mila pancen rapet
sanget sesambetanipun. Kamardikan lan pengurbanan punika ngengetaken kita dhumateng
para pahlawan lan syuhada’ ingkang gugur mbelani tanah wutah erahipun saking
penjajahanipun bangsa asing. Berkat pengurbananipun para syuhada’ lan pahlawan
punika, kita samangke saged ngraosaken nikmatipun gesang wonten ing alam
kamardikan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu
Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Ucapan takbir punika
ugi ngumandhang wanten ing angkasa, nalika kita miwiti revolosi ing wulan
Agustus 1945. Kanthi pekikan takbir punika para pejuang gumregah semangatipun,
ngadhepi mengsah ingkang anggadhahi persenjataan modern, nyorohaken jiwa lan
ngurbanaken nyowonipun, mbebasaken bangsa lan negari saking jajahanipun bangsa
sanes.
Kanthi kamardikan
punika harkat lan martabatipun bangsa Indonesia setaraf lan sejajar kaliyan
bangsa-bangsa sanes ing donya. Sebab, inggil utawi andaping drajatipun manungsa
namung dipun bentenaken dening ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلنَّاسُ إِنَّا خَلَقۡنَـٰكُم مِّن ذَكَرٍ۬ وَأُنثَىٰ وَجَعَلۡنَـٰكُمۡ شُعُوبً۬ا
وَقَبَآٮِٕلَ لِتَعَارَفُوٓاْۚ إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡۚ
إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬
“E para
manungsa! Ingsun wis gawe sira, kang wijine saka wong lanang lan wadon, lan
Ingsun dadekake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung antara
siji lan sjijine. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh
mungguhe Allah, yaiku wong kang paling bekti marang Allah. Satemene Allah iku
Maha ngawuningani tur Maha wicaksono”.(QS. Al-Hujarat : 13).
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Jumbuh kaliyan dhawuh punika , kala wingi
tanggal 9 Dzul hijjah, sedaya jamaah haji ingkang jumlahipun yutan , sami
nindakaken wukuf ing ara-ara Arofah. Wukuf mujudaken puncakipun ibadah haji.
Wonten ing padang Arofah punika jamaah haji saking sedaya bangsa kepanggih.
Pepanggihan bangsa-bangsa saindenging donya, ingkang nunggil agami lan nunggil
aqidah, tetela nyadaraken kita dhateng wontenipun persamaaning asal-usulipun
manungsa.
Wonten
ing saat lan papan punika mboten wonten tiyang engkang nggatosaken dhateng
pangkat, drajat lan kalenggahan. Sedaya jamaah engkang nembe wukuf, sami ngagem
ageman “Ikhram”, sarwa pethak lan tanpa dipun jahit. Lan sedaya sami
ngucapaken ucapan tuwin donga ingkang seragam ugi, sedaya memuji dhumateng
Gusti Ingkang Murbaeng Dumados , kanthi kalimah “Talbiyah”:

“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah
mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya
puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka
ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken
kuwaos Paduka”.
Ruh Islam ingkang
mancar saking kalimah talbiyah lan ugi kalimat takbir mujudaken sumber
kekiyatan bangsa Indonesia ing rikala samanten ngrebat lan mertahanaken
kamardikan, Sejarah kamardikan Indonesia nyerat pahlawan Nasional kadosta
Tuanku Imam Bonjol, Pangeran Diponegoro, Kyai Mojo, Pangeran Antasari, Cik
Ditiro, minangka para syuhada’ ingkang berjuang ngagem agemam jubah lan serban,
sami kaliyan ageman ihkram.
Al-Qur’an Surat Al-Haj ayat 39 nyebadaken
makaten :
أُذِنَ
لِلَّذِينَ يُقَـٰتَلُونَ بِأَنَّهُمۡ ظُلِمُواْۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ نَصۡرِهِمۡ
لَقَدِيرٌ
“Wis
dikeparengake perang tumrape wong-wong kang diperangi, jalaran wong-wong mau
dianiaya,. Satemene Allah iku kuwasa nulung wong-wong mau”.
Ayat Al-Qur’an punika ugi ingkang paring
semangat juangipun para pahlawan kusumaning bangsa nglawan kaum penjajah. Lan
kangge kamardikan bangsa lan negarinipun punika para pahlawan lan syuhada’ lega
lila lan ihklas ngedalaken pangurbanan, punapa malih pengurbanan punika jer
mujudaken prentahipun agami, kados ingkang sampun dipun contoaken Nabi Ibrahim
as lan Nabi ismail as.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Dene sejarah wontenipun
syariat kurban wontenipun prastawa nalika Kanjeng Nabi Ibrahim as rikala dipun
uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadhawuhan supados mragat putra
kinasih, Nabi Ismail as. Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika
tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih
ihklas, namung sumarah lan manut. Kados kasebat wonten Al-Qur’an Surat
Ash-Shoffat ayat 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ
مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ
أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ
سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh
usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama
pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira,
ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama, sumangga kula
aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya
Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang
sabar”.
Kanthi
mendhet piwucal adiluhung saking kisah ketaatanipun Nabi Ibrahim as lan Nabi
ismail as, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan kita dhumateng Allah saha
Utusanipun, lan ningkatipun keihklasan berkurban. Kita yakin kanthi
seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman
kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah
saya ageng pengubanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan
kala wau.
Kurban
dadas buktining ketaatan, lan ugi buktining katresnan. Trisna tanpa pengurbanan
naminipun trisna palsu. Wanten ing Surat Ali imran ayat 92 dipun aturaken :
لَن تَنَالُواْ ٱلۡبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُواْ مِمَّا تُحِبُّونَۚ
وَمَا تُنفِقُواْ مِن شَىۡءٍ۬ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٌ۬
“Sira
kabeh ora bakal bisa oleh kebecikan kejaba yen wis padha gelem ngurbanake
sebagian barang kang kok tresnani. Lan apa bae kang kok kurbanake (infakake),
satemene Allah iku Maha Mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.
Jamaah
Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Ngantos ing saat mahargya
Idul Adha ing tahun 1440 H punika, kita bangsa Indonesia kanthi berkelanjutan
tetep nerusaken karya ageng Pembangunan
Nasional, senaoso ugi taksih ngadhepi mawarni-warni ujian ingkang ugi mboten
entheng, kadosta mrosotipun moral “anak bangsa” , koropsi, kolosi
lan nepotisme taksih tuwuh subur. Risakipun budaya bangsa lan demoralisasi,
ingkang dadas masalah kebangsaan ugi kedah enggal kita usadani. Meski
makaten sejatosipun halangan, rintangan lan tantangan ingkang dipun adhepi kita
bangsa Indoesia , mboten mligi saking njaban rangkah kemawon, ananging
khususipun ing kalangan umat Islam piyambak, rapuhipun ukhuwah Islamiyah kita
dados salah satunggal penyebabipun.
Pramila saking punika ,
mestinipun kita lajeng saget mendet piwucal adiluhung saking prastowo qurban
ingkang dipun lakonaken Nabi kekalih,
inggih punika Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as, minangka pepenget dhumateng para pemimpin
saha tiang sepuh lan putra-putranipun. Liripun, bilih satunggaling pemimpin
kedah saget kangge conto sae wanten ing gesangipun lan ing keluarganipun. Nabi
Ibrahim mboten namung paring conto kados pundi tanggung jawabipun minangka
pemimpin umat, ananging ugi minangka jejeripun rama ingkang wicaksana, semanten
ugi Nabi Ismail minangka conto generasi muda ingkang satuhu dhateng tiang sepuhipun.
Akhiripun kanthi semangat Idul Adha kita
lajengaken pembangunan nasional, kagem anggayuh nagari ingkang majeng ing
sedaya bidang. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo negeri.
Kita minangka jejeripun warga negeri ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang
wicaksana, pundi ingkang sae sumamgga
kita sengkuyung, pundi engksng awon sumangga kita dandosi sesarengan murih
dados saenipun. Mugia sedaya pemimpin negeri kaparingan hidayahipun sahingga
saget mimpin nagari kanthi wicaksana, nuju masyarakat adil makmur Mugia kita
manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat.
Selajengipun kangge penutup khutbah, sumangga
kita ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka
kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
NB :
( Khotbah kaping kalih kasumanggakaken para
khotib ).
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Komentar
Posting Komentar