KHUTBAH JUM’AT BASA JAWI : NGANYUT TUWUH / BUNUH DIRI





KHUTBAH JUM’AT BASA JAWI
NGANYUT TUWUH 
( Bunuh Diri )
Dening : Anis Purwanto




إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah..
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat.  Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah..
Kanthi penghayatan kita dhumateng ajaran agami Islam, ing saben sedinten sedalunipun engkang kadasaraken kaliyan kasunyatan alamiyah, kita ngyakini bilih Allah SWT punika saestu Maha Welas Asih dhumateng kita sedaya.
Welas asihipun Allah ingkang awujud kanikmatan peparingipun, cetha kita mboten saget ngetang, ngukur lan nimbang. Kasunyatan makaten punuika kita dasaraken dhawuh pangandikanipun Allah SWT ing Surah Ibrahim ayat 34:
وَءَاتَٮٰكُم مِّن ڪُلِّ مَا سَأَلۡتُمُوهُ‌ۚ وَإِن تَعُدُّواْ نِعۡمَتَ ٱللَّهِ لَا تُحۡصُوهَآ‌ۗ إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ لَظَلُومٌ۬ ڪَفَّارٌ
Diparingake marang sira kabeh apa bae kang kok suwun. Lan yen sira kabeh ngetung-etung kanikmatan peparinge Allah kang diparingake marang sira kabeh, sayekti sira kabeh ora bakal bisa ngetung. Satemene manungsa iku nyata-nyata nganiaya marang awake dhewe, lan ngengkari kanikmatan Allah ”
Wanten ing akhir ayat ,  Allah negasaken bilih kasunyatan manungsa  punika mahkluk ingkang remen nganiaya lan ngengkari kanikmatanipun Allah, malah sami nganiaya dhumateng badanipun piyambak. Buktinipun, wanten tiyang ingkang sami nempuh “jalan pintas”, mboten saabar, lan mboten tahan ngadhepi ujianipun Allah SWT, lajeng milih margi ingkang dipun awisi dening Allah SWT, inggih punika kanthi ‘NGAYUT TUWUH’ utawi “BUNUH DIRI’. Malah nurut informasi ing “Rapat Koordinasi tindak lanjut mencegah  meningkatnya kejadian orang meninggal dunia gantung diri/bunuh diri ing Wilayah Kec. Kedunggalar tanggal  6 Agustus 2019 “, bilih selami tahun 2018 ngantos tengahipun tahun 2019 punika ing Wilayah  Kec. Kedunggalar wanten 8 kedadosan tiyang ngayut tuwuh/bunuh diri,  kanti cara kendat. Ingkang ndadosaken prehatos bilih prastawa bunuh diri ing Kedunggalar punika kalebet perstiwa ingkang paling inggil  kabanding kecamatan sanesipun  ing Kab. Ngawi. Patut sanget bilih lajeng kita sebat minangka kedadosan ingkang luar biasa (KLB).
Sahingga kanthi makaten saampun sakmestinipun lajeng kita sedaya kedah  enggal gumregah , cancut taliwanda nanggulangi murih mboten wanten kedadosan bunuh diri malih, awit bunuh diri menika minangka awisan Allah SWT. Dene upaya cepet ingkang kita tindakaken kanthi mbentuk “Tim Penanggulangan Bunung Diri ing Kec. Kedunggalar, kasusun saking unsur Polsek, Koramil, Kecamatan , Puskesmas lan KUA Kedunggalar”  Tugas saking Tim punika ngrencanakaken lan nindakaken aksi nyegah wantenipun bunuh diiri kanthi terjun langsung dhumateng masyarakat utawi persun, ngawontenaken pengobatan dalah penyuluhan.
Wondene tiyang ingkang bunuh diri ingkang dumados ing Kec. Kedunggalar  punika mawarni-warni sebabipun . Nanging umumipun karana kesrakat gesangipun,  sakit menahun, depresi,  mboten pikantuk perhatian saking keluarga dalah lingkunganipun, gesang piyambakan /“sebatang kara”. Sahingga kawontenan ingkang makaten punika gampil putus asa, gampil nindakaken pakarti ingkang nistha lan sanget dipun awisi dening Allah SWT. 
Awisan ingkang keras punika saget kita panggihi wanten ing Al-Qur’an, Surat  An-Nisa’ ayat 29 :
وَلَا تَقۡتُلُوٓاْ أَنفُسَكُمۡ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ كَانَ بِكُمۡ رَحِيمً۬ا

“Lan sira kabeh aja padha mateni awakira dhewe. Ngertia satemene Allah iku Maha Welas Asih marang sira”.
Makaten ugi awisan bunuh diri punika saged kita mangertosi saking hadits ngendikanipun Rasulullah SAW :
من قتلَ نفسَهُ بحديدةٍ فحديدتُهُ في يدهِ يتوجَّأُ بها في بطنِهِ في نارِ جهنَّمَ خالدًا مُخلَّدًا فيها أبدًا ومن قتَلَ نفسَهُ بسَمٍّ فسَمُّهُ في يدهِ يتحسَّاهُ في نارِ جهنَّمَ خالدًا مُخلَّدًا فيها أبدًا من تردَّى من جبلٍ فقتلَ نفسَهُ فَهوَ يتردَّى في نارِ جَهنَّمَ خالدًا مخلَّدًا فيها أبدًا
Sing sapa wonge bunuh diri nganggo senjata tajam, wong mau besuk ono ing neraka jahanam uga nusuk-nusukakae” senjata tajame ana ing wetenge. Lan dheweke langgeng ana ing sajrone neraka jahanam. Lan sing sapa wonge ngombe racun, kang kanthi iku dheweke mati, lan wong mau langgeng ana ing sajrone neraka jahanam. Lan sing sapa wonge ngglundhungake awake saka gunung, wusana wong mau banjur mati, wong mau besuk uga ngglundhungake awake ana sajrone neraka jahanam. Lan dheweke langgeng ana sajrone neraka jahanam”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah..
            Tumindak bunuh diri jelas dipun awisi dening Islam. Resikonipun, tiyang ingkang  pejah ngendhat badhe kapapanaken wonten salebetipun neraka salami-laminipun. Ingkang makaten punika, awit tiyang engkang ngendhat  jelas engkar saking rahmatipun Allah, mboten pitados dhumateng welas asihipun Allah SWT. Kamangka Allah SWT sampun ngendika , kadas ingkang kahemot wonten ing Surah Yusuf ayat 87:
 وَلَا تَاْيۡـَٔسُواْ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِ‌ۖ إِنَّهُ ۥ لَا يَاْيۡـَٔسُ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِ إِلَّا ٱلۡقَوۡمُ ٱلۡكَـٰفِرُونَ
“Lan sira kabeh aja padha putus asa saka rahmate Allah. Awit satemene ora ana wong kang putus asa saka rahmate Allah, kejaba mung wong-wong kafir”.
            Pancen kasinggihan sanget , manawi dipun teliti lan dipun amati, limrahipun tiyang ingkang ngendhat punika tiyang ingkang sampun putus asa, tiyang ingkang mboten nggadhahi pengajeng-ajeng, rumaos manawi piyambakipun sampun mboten wanten ginanipun gesang wanten  ing ngalam donya.
            Nanging ingkang  jelas, tiyang ngendhat punika tiyang engkang kecalan iman, ringkih imanipun. Awit iman saestu minangka dasar pokok  tumrap gesangipun manungsa. Agami nuntunaken, bilih urusanipun manungsa mboten rampung manawi sampun pejah, kados penganggepipun tiyang ingkang ngendhat. Mboten. Mboten makaten. Nanging tiyang pejah taksih nggadhahi urusan kaliyan Pengeranipun. Malah piyambakipun kedah nanggeljawabaken sedaya urusan ingkang dipun tindakaken nalika taksih gesang wanten ing donya.
            Wonten ing bab punika Allah SWT, paring dhawuh ingkang kahemot wonten ing Surah Yasin ayat 65 :
ٱلۡيَوۡمَ نَخۡتِمُ عَلَىٰٓ أَفۡوَٲهِهِمۡ وَتُكَلِّمُنَآ أَيۡدِيہِمۡ وَتَشۡہَدُ أَرۡجُلُهُم بِمَا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ
“Ana ing dina iki (kiyamat) Ingsung tutup cangkeme wong-wong mau. Nanging tangan-tangane kang padha matur (laporan) marang Ingsung. Lan sikil-sikile padha dadi saksi tumrap urusan apa bae kang padha ditindakake nalika isih urip ana ing donya”.
            Kanthi inggilipun prastawa tiyang gantung diri utawi ngendhat ing  Kec. Kedunggalar punika sageta kita cegah, murih mboten wanten kedadosan tiyang ngendhat malih. Salah satunggalipun inggih punika kanthi ningkataken iman dalah taqwa, ningkataken kepedulian lan welas asih dhumateng tiyang-tiyang ingkang kesrakat gesangipun, sakit menahun, khususipun tiyang ingkang gesang piyambakan “sebatang kara”, Awit saestu Allah punika Maha Welas Asih dhumateng sedaya kawulanipun. Sedaya ingkang kacipta dening Allah punika kangge kepentingan saha nyekapi kebetahaning gesangipun manungsa.
وَسَخَّرَ لَكُم مَّا فِى ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَمَا فِى ٱلۡأَرۡضِ جَمِيعً۬ا مِّنۡهُ‌ۚ إِنَّ فِى ذَٲلِكَ لَأَيَـٰتٍ۬ لِّقَوۡمٍ۬ يَتَفَكَّرُون

“Lan Panjenengane Allah iku wus nundhuhake kanggo kepentinganira apa bae kang ana ing langit lan apa bae kang ana ing bumi, kabeh bae, minangka rahmat welas asih saka Panjenengane. Satemene kang mangkono iku mujudake tandha-tandha keagungane Allah tumrape wong-wong kang gelem mikir ”.(QS. Al-Jasiyah :13)
            Akhiripun namung dhumateng Allah kita pasrahaken sedaya perkawis. Awit, sauger kita punika estu-estu taqwa dhumateng Allah SWT,  tartamtu Allah badhe paring margi uwal saking sawarnining kesulitan. Ingkang penting sumangga kita terus tawakal lan ihtiyar. Wondene manawi kepeksanipun kedah ngadhepi kesulitan utawi musibah, mangga kita agengaken kesabaran , kanthi terus ningkataken taqarrub kita dhumateng Allah SWT. Insya Allah , Pangeran ingkang Maha Welas lan Asih badhe tumunten paring pitulung dhumateng kita. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA