KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : WANGSUL DHUMATENG TAUHID
KHUTBAH JUM’AT BAHASA
JAWA
WANGSUL
DHUMATENG TAUHID
Dening : Anis
Purwanto
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي
حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ
اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah
rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur,
sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang
sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang
punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita
nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah
SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu
syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sampun dados padatan ing khutbah Jum’at, bilih khutbah Jum’at
mestinipun kedah seget kita ginakaken minangka sarana kagem nyampurnakaken
punapa ingkang kirang, ngemutaken ingkang kesupen, saha kagem ningkataken iman lan taqwa kita
dhumateng Allah SWT. Sahingga kanthi dipun syariataken ibadah Jum’at, mahanani dhateng
tetep kiyatipun umat Islam, kiat lahir lan batosipun saha tetep istiqomah
nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT.
Para sederek, saben-saben kita badhe
nanggeljawabaken punapa kemawon ingkang dipun tindakaken , sae perkawis ingkang
nuwuhaken ganjaran utawi kesaenan ugi tumindak lepat ingkang nuwuhaken dosa.
Atur keterangan punika kadasaraken dhawuh pangandikanipun Allah SWT :
وَلَا تَكۡسِبُ ڪُلُّ
نَفۡسٍ إِلَّا عَلَيۡہَاۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰۚ ث
“Saben-saben jiwa iku ora bakal nglakoni samubarang tindak kejaba
dheweke kang kudu nanggung akibate, lan wong kang dosa ora bakal bisa nanggung
dosane wong liya”. (QS.Al-An’am :164).
مَّنِ ٱهۡتَدَىٰ
فَإِنَّمَا يَہۡتَدِى لِنَفۡسِهِۦۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيۡہَاۚ
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰۗ
“Sing sapa wonge tumindak cocok karo hidayahe (Allah), satemene
dheweke iku tumindak kanggo (keslametane) awake dhewe. Lan sing sapa wonge
tumindak sasar, satemene dheweke kesasar kanggo (kapitunane) awake dhewe. Lan
wong kang dosa ora bakal bisa nanggung dosane wong liya”. (QS.Al-Israa’:15).
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ayat punika
tartamtu sampun cetha lan jelas sanget tumrap kita, bilih saben-saben tiyang
kedah lan namung saged nanggel hasil tumindakipun piyambak-piyambak. Manawi
kita kleres lepat amargi nderek-nderek tumindak lepat tiyang sanes, mila kita
mboten saged nutuh utawi nglepataken tiyang sanes punika , senaosa kita namung dhawah niru utawi tut wuri
tumindak lepat.
Semanten ugi sak
kosok wangsulipun, manawi kita kaleres dados pemimpin , sae minangka pemimpin
keluarga, pemimpin umat, minggahipun
minangka pemimpin ing pemerintahan,
ingkang lajeng dipun nut tiyang sanes, mila kita kedah lan nggadhahi kewajiban
nerangaken bab-bab ingkang dadas anutanipun, punapa dasaripun, pundi ingkang
sakig Al-Qur’an , pundi ingkang saking Hadist Nabi. Sahingga kanthi makaten,
taatipun tiyang punika mboten amargi kita, ananging amargi pangertosanipun
piyambak dhateng tuntunanipun Allah lan utusanipun. Amargi tiyang punika kedah
nanggel-jawabaken punapa kemawon ingkang
dipun tindakaken wonten ing ngarsanipun
Allah SWT, mbenjang ing yaumul kiyamah, kanthi mboten wonten hubunganipun
kaliyan kita minangka panutanipun.
Ngengingi bab
punika Allah ugi ngendika kadas kasebat ing Al-Qur’an surat Al-Israa’ ayat 36 :
وَلَا تَقۡفُ مَا
لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٌۚ إِنَّ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡبَصَرَ وَٱلۡفُؤَادَ كُلُّ
أُوْلَـٰٓٮِٕكَ كَانَ عَنۡهُ مَسۡـُٔولاً۬
“Lan sira aja manut marang samubarang kang ora sira ngerteni.
Satemene pangrungu, pandeleng lan ati, kabeh iku mau bakal di pundhuti
pertanggungan jawabe”.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Pramila sumangga
para sederek, kita sami ngatos-atos, sampun ngantos gampil kepancing dening
anut grubyuk ombyaking emosi lan hawa nefsu, lan mboten perlu mincing-mancing
kawontenanipun masyarakat ingkang kawontenanipun sampun tentrem ayem.
Pramila saking
punika, kangge ngiyataken barisan umat Islam, antawisipun tiyang muslim
setunggal kaliyan sanesipun sami lung tinulung wanten ing babagan kesaenan,
mboten lung tinulungan ing babagan kemungkaran,
mboten gampil suudldlan dhumateng tiyang sanes. Awit sejatosipun
kita kaum muslimin punika sederek. Wanten ing Al-Qur’an sampun cetha sanget ing
babagan punika.
إِنَّمَا
ٱلۡمُؤۡمِنُونَ إِخۡوَةٌ۬ فَأَصۡلِحُواْ بَيۡنَ أَخَوَيۡكُمۡۚ وَٱتَّقُواْ
ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
“Satemene wong-wong mukmin iku seduluran. Mula dhamekna antarane
seduur lononira. Lan sira kabeh taqwa-a marang Allah supaya sira kabeh diwelas
asihi dening Allah”.(QS. Al-Hujarat :10).
Mugia kita dipun paringi
jembar ing manah, sahingga tansah gampil dipun ajak dhumateng sikep tabayyun lan padhemen ingkang
kadhasaraken tauhid, wangsul dhumateng tauhid. begja mulya ing ndonya dalah ing
akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ
وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ
قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ
الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar