NUTUP TAHUN 2019
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
NUTUP TAHUN 2019
Dening. : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ
نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ
الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي
حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ
اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ
قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung
rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah
SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya.
Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita saget nindakaken ibadah dhumateng Allah
SWT. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika
saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng
Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya
kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk
syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah,
amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten Jum’ah Legi samangke kleres
dhumawah ing tanggal 27 Desember 2019,
Dados mujudaken dinten Jum’at pungkasas tumraping tahun 2019. Pamila
saking punika, sajak pantes bilih
khutbah punika kita aturaken
babagan evaluasi utawi panaliten tumrap sedaya ibadah kita ingkang sampun kita
tindakaken salami tahun 2019 punika.
Kanti panaliten utawi evaluasi
punika kita badhe mangertosi kemajengan utawi malah kekirangan anggen kita
nindakaken sedaya amal lan ibadah. Sahingga kagungan greget nedya badhe
nyampurnakaken dalah ningkataken amal
ingkang sampun sae lan gumregah nedya nutup sedaya kekirangan, kanthi amal
tumindak iangkang langkung sae.
Wanten ing bab punika Gusti Allah
sampun paring penget dhumateng kita sedaya, ingka kahemot ing Al-Qur’an Surat
Al-Hasyr : 18 :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ
لِغَدٍ۬ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ
“E wong-wong kang iman !. Sira kabeh padha taqwa-a marang
Allah. Lan saben wong iku supaya nggatekna marang samubarang gawe kang wis
ditindakake ana ing mangsa-mangsa kepungkur kanggo kepentingane dina sesuk. Lan
sira kabeh padha taqwa-a marang Allah !. saatemene Allah iku Maha Ngawuningani
samubarang dhengah kan podo kok tindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ayat ing
nginggil kanthi jelas lan gamblang nerangaken pentingipun ngawontenaken
panaliten dhumateng sedaya amal lan ibadah kita wanten ing mangsa-mangsa
kepengker, kagem keperluan dalah kemajengan ing mangsa ingkang badhe dhateng.
Kanthi pangajab, supados amal tumindak kita langkung sae lan langkung sampurna.
Panaliten
kita tindakaken nyakup sedaya kegiatan kita ing ngalam ndonya, sae amalan engkang
magepokan kaliyan urusan duniawi lan ugi
ing babagan uhkrowi. Ing urusan kadonyan, kita teliti, supados kegiatan kita
dados saya sampurna lan meningkat. Makaten ugi amalan kita wanten ing bidhang
ukhrawi, kita teliti , kanthi pengajab pengibadahan lan sedaya amalan
keakhiratan kita dados saya meningkat.
Ingkang
waunipun ibadahipun taksih gothang-gothang lajeng dados istiqomah. Ingkang waunipun
pengamalan agaminipun taksih kacampuran bab-bab ingkang kirang leres , dados
langkung mantep lan murni, mligi kangge ngupadi ridlanipun Allah SWT. Islamipun
dados Islam ingkang murni, manut ketetapanipun Allah lan Rasulipun. Sahingga
ing alan akhirat mangke insya Allah kita badhe klebet golonganipun
tiyang-tiyang ingkang pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Allah SWT
ngendika makaten :
ثُمَّ
جَعَلۡنَـٰكَ عَلَىٰ شَرِيعَةٍ۬ مِّنَ ٱلۡأَمۡرِ فَٱتَّبِعۡهَا وَلَا تَتَّبِعۡ
أَهۡوَآءَ ٱلَّذِينَ لَا يَعۡلَمُونَ
“Wusana Ingsun banjur
netepake sira mapan ana ing syariat (aturan) saka urusane (agama) iku (Islam). Mula, sira manuta marang
syariat iki, lan sira aja manut marang hawa nafsu pepinginane wong-wong kang
padha ora ngerti”(QS. Jasiyah : 18).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ibarat
tiyang kekesahan , kita tartamtu mbetahaken sangu. Wandene sangu ingkang paling
utami, langkung-langkung kangge nglebeti tahun enggal 2020, ingih punika taqwa
dhumateng Allah SWT, kanthi ters nindakaken sedaya dhawuhin Allah SWT dalan
ninggalaken kanthi sekuat kemampuan kagen nilaraken sedaya awisanipun Allah
SWT.
Dhawuh makaten
punika , kita dasaraken pangandikanipun Allah SWT, wanten ing Al-Qur’an surat
Baqarah ayat 197 :
وَتَزَوَّدُواْ
فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ .
“Lan sira kabeh padha sangua. Banjur padha ngertia satemene
sangu kang paling utma iku, yaiku taqwa marang Allah. Mula saka iku, sira kabeh
padha taqwa-a marang panjenenganingsun, he wong-wong kang padha gelem mikir”.
Makaten dhawuh pangandikanipun
Allah SWT ingkang menthe leresipun , pramila kita wajib pitados lan wajib
ngestokaken sedaya dhawuh punika. Awit kita yakin kanthi seyakin-yakinipun,
nilih kanthi taqwa dhumateng Allah kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun, kita
badhe pikantuk perlindungan saha pangayomanipun Allah SWT. Mugia kita pikantuk
kalwilujengan saha kanugrahan Allah SWT wiwit ing ndonya dalah ing akhirat.
Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar