KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA : MRENGETI ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
KHUTBAH
JUM’AT BASA JAWA
MRENGETI ISRA’ MI’RAJ NABI
MUHAMMAD SAW
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem
pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem
Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya,
sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun,
kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing
donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan
kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ing wulan punika kita umat Islam
sesarengan badhe mrengeti salah satunggalipun sejarah penting, inggih punika Isra’ lan Mi’rajipun
junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Isra’ Mi’raj minangka satunggalipun kedadosan ingkang
mboten nate dipun alami dening sinten kemawon,
kejawi namung panjenenganipun ingkang minangka utusanipun Allah ingkang
pungkasan. Pramila saking punika, Isra’ Mi’raj mujudaken prastowo suci, lan
sekaligus minangka mukjizat kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Prastowo
Isra’ Mi’raj tumrapipun kita kaum muslimin kalebet ewonipun kedadosan ingkang
wajib kita imani wontenipun. Awit manawi mboten makaten, saged dados cacad iman
lan aqidahipun, jalaran prastowo Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Nabi punika jer
sampun dipun tetepaken wonten ing Kitab suci Al-Qur’an, Kados kasebat ing Surat
Al-Isra’ ayat 1 :
سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ
أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ
ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ
ءَايَـٰتِنَآۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ
“Maha suci Allah Kang nglakikake
kawulane ana ing mangsa bengi, dilakokake saka Masjidil Haram tumeka marang
Masjidil Aqsha, kang Ingsung wis paring berkah ana ing kiwa tengene, jalaran
Ingsun ngersakake miirsakake dheweke, Sun pirsakake marang sebagian tandha-tandha
kuwasaning-Sun. satemene Panjenengane Allah iku Maha midhanget lan Maha
Mirsani”.
Ayat
punika nerangaken, bilih Allah SWT kepareng paring keyakinan dhumateng kita
sedaya bilih Panjenenganipun punika Dzat Ingkang Maha Kuwaos, Maha Prakoso, nanging
ugi Maha Welas Asih. Kanjeng Nabi dipun dhawuhi ngraosaken lan mirsani piyambak
tandha-tandha kuwaosipun Allah ingkang gumelar wonten ing perjalanan israkipun,
punapa malih nalika panjenenganipun dipun mi’rajaken ngantos dumugi ing
Sidratul Muntaha, lan saged sowan langsung wonten ing Ngarsanipun Allah SWT.
Maksud
lan tujuan pokokipun Isra’ Mi’raj punika manut garis agengipun kabagi dados
kalih, inggih punika : Setunggal, Allah SWT kepareng mirsakaken dhateng
Kanjeng Nabi Muhammad SAW sebagian tandha-tandha kuwaosipun Allah. Ingkang
kaping kalih ; Allah kepareng paring tugas kuwajiban dhateng kanjeng Nabi
lan sedaya ummatipun. Tugas kewajiban punika awujud shalat fardlu gansal wekdal
sedinten sedalunipun.
Tujuan
ingkang winengku wonten salebetipun prastowo sakral punika tetela mengku piwucal lan hikmah ingkang
sakelangkung ageng. Lan selaras kaliyan kalenggahipun Rasulullah ingkang
minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan lan pemimpinipun manungsa sejagad.
Mila sampun tepat sanget manawi Rasulullah SAW katimbalan dening Allah SWT,
kadhawuhan marak sowan wonten ing ngarsanipun, jalaran badhe kaparingan tugas
ingkang sakelangkung wigatos makaten punika.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Tindakipun Rasulullah SAW wonten
salebetipun Isra’ ingkang dipun ngendikaaken kathi MINAL MASJIDIL HARAMI ILLA
MASJIDIL AQSHAA. Sahingga perjalanan Isra’ punika intinipun perjalanan saking
masjid dhateng masjid. Lan salajengipun dipun terusaken Mi’raj, saking masjid
dhateng Sidratil Muntaha lan terus dhateng Mustawa.
Saking
prastowo ageng punika kita saged mendhet piwucal bilih proses dhateng kuwajiban
shalat fardlu punika kanthi cara langsung nimbali Rasulullah supados sowan, lan
nalikanipun sowan kedah sarana tindak kanthi kawiwitan saking panggenan
ingkang suci, lan nglangkungi panggenan ingkang suci ugi, inggih punika masjid.
Kanthi
makaten kita lajeng faham bilih wonten salebetipun Isra’ Mi’raj Rasulullah SAW
punika masjid anggadhahi fungsi lan peranan ingkang sakelangkung penting.
Saking punika kita lajeng saged mendhet hikmahipun malih, bilih wonten
salebetipun kawontenan kados punapa kemawon, kita ummat Islam sampun nyupekaken
dhateng masjid, ingkang ateges sampun ngantos nyupekaken dhateng ibadah dhumateng Allah SWT. Awit namung
tiyang ingkang iman saha taqwa kemawan tiyang ingkang saged makmuraken masjid,
kanthi nindakaen ibadah dhumateng Allah SWT, salah satunggalipun inggih punika
shalat fardlu 5 wekdal.
إِنَّمَا يَعۡمُرُ مَسَـٰجِدَ ٱللَّهِ مَنۡ ءَامَنَ
بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّڪَوٰةَ
وَلَمۡ يَخۡشَ إِلَّا ٱللَّهَۖ فَعَسَىٰٓ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَن يَكُونُواْ مِنَ
ٱلۡمُهۡتَدِينَ
“Satemene kang bisa lan saguh makmurake masjid-masjide Allah
iku mung wong-wong kang iman marang Allah lan iman marang dina kiyamat lan kang
ngedegne shalat, lan kang mbayarake zakat lan ora wedi marang sapa bae kejaba
mung marang Allah. Mula, muga-muga wong-wong mau kalebu golongane wong-wong
kang entuk pitulungan”. (QS. At-Taubah :18).
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ingkang
pungkasan, keparengan kita aturaken bilih mesjid wanten gandheng cenengipun
kaliyan babagan shalat, lan shalat anggadhahi fungsi lan peranan ingkang
sakelangkung penting sanget menggah umat Islam. Pentingipun shalat , ing
antawisipun katitik shalat ingkang sapisanan badhe dipun hisab wanten
yaumul kiyamah :
Awwalu maa yuhasabu bihil ‘abdu yaumal qiyaamati
ashshalaatu :
“Kapisanane barang kang dihisap atas sewiji wijining kawula besuk ana ing dina kiyamat, yaiku shalat.
“Kapisanane barang kang dihisap atas sewiji wijining kawula besuk ana ing dina kiyamat, yaiku shalat.
Makaten
pengaruhipun shalat tumrap nasibipun tiyang ingkang sampun ngakeni dados Mukmin-Muslim.
Mila saking punika, sumangga bab shalat punika kita gatosaken kanthi saestu.
Makaten ugi dhateng keluarga kita, pengamalan shalat ugi wajib kita didikaken,
kita tuntunaken kanthi disiplin ingkang kiyat lan kebak tanggel jawab
وَأۡمُرۡ أَهۡلَكَ
بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱصۡطَبِرۡ عَلَيۡہَاۖ لَا نَسۡـَٔلُكَ رِزۡقً۬اۖ نَّحۡنُ
نَرۡزُقُكَۗ وَٱلۡعَـٰقِبَةُ لِلتَّقۡوَىٰ
.
“Lan sira prentaha marang keluwarganira supaya ngedegake shalat, lan
sabarna atine ana sajrone nindakake shalat. Ingsun ora mundhud rizki marang
sira, malah Ingsun kang paring rizki marang sira. Akibat kang becik iku
kaparingake marang kang taqwa’. (QS. Thoha : 132).
Pramila
ing ndalem kita mrengeti Isra’ Mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad SAW mangke, mugia kita saged mendhet
hikmahipun, inggih punika peningkatan taqwa dhumateng Allah SWT tuwin
peningkatanipun ketaatan dhumateng Allah lan utusanipun. Punika ingkang paling
pokok, liripun, manawi ibadah shalat sampun kita tindakaken kanthi sampurna, insya
Allah urusan sanesipun ugi badhe dados sae sedaya, kalebet urusan kadonyan lan
kemasyarakatan kita. Mila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT,
mugi-mugi Pangeran tansah paring hidayah, taufiq dhateng kita sedaya, manggih kagegjan
lan kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. amin ya rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar