KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MARHABAN YA RAMADHAN
KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
MARHABAN YA
RAMADHAN
Dening
: Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka
pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing
ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng
kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at
kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah
kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah
salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita
antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ramadhan,
wulan ingkang kebak kamulyan sekedhap malih badhe dhateng, saben-saben badhe
nglebeti wulan Ramadhan, manah punika tansah dheg-dhegan.waonten raos, gugup,
cemas, remen, kebak pengajeng-ajeng, ananging ugi wanten raos keduwung.Wulan
Ramadhan ibaratipun satunggalipun sedhahan utawi undaangan saking Gusti Allah
kangge sedaya kaum mukminin. Kita sedaya mesthi ngajeng-ajeng mugia saget ngijabahi
sedhahan punika, saking wiwitan dumugi pungkasan. Senadyan kita ugi kagungan
raos getun, dene kita rumaos dereng nggadhahi persiapan puana-punapa ingkang
saged dipun aturaken wonten ing acara punika.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sumangga
kita sedaya sami ngijabahi undanganipun Gusti Allah, kados ingkang kaserat ing
Surat Al-Baqarah ayat 185 :
شَہۡرُ رَمَضَانَ
ٱلَّذِىٓ أُنزِلَ فِيهِ ٱلۡقُرۡءَانُ هُدً۬ى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَـٰتٍ۬ مِّنَ
ٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡفُرۡقَانِۚ فَمَن شَہِدَ مِنكُمُ ٱلشَّہۡرَ فَلۡيَصُمۡهُۖ
“Sasi Ramadhan sasi kang sajrone sasi mau ditumurunake Al-qur’an,
minangka pituduh tumrape manungsa, lang penjelasan-penjelasan ngenani pituduh
mau, lan minangka pembeda (antarane barang hak lan barang batil). Mula saka iku
sing sapa wonge ing antarane sira kabeh nyekseni tekane sasi iku, supaya
dheweke pasa”. (Al-Baqarah : 185).
Ayat punika minangka undangan resmi
kangge ngenam hubungan lan nyaketaken sesambetan kaliyan Allah SWT. Saeba
emanipun manawi wonten tiyang mukmin ingkang boten migatosaken kesempatan sae,
engkang namung dhawah sepisan ing saben tahunipun. Pramila sumangga kita
nyiapaken uba rampe, kangge ngacarani lan mangayubagya pepanggihan kita kaliyan
syahrun Mubarak, wulan ingkang dipun berkahi. Nyiapaken badan , supados sehat
lan entheng anggenipun nindakaken siyamlan qiyamul lail. Nyiapaken manah,
supadas kiyat nahan sawerninipun godaan.
Kanthi
makaten kita dipun engetaken malih kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah SWT :
يَـٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ
مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ
“He wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha diwajibake nglakoni
pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira padha
dadi wong-wong kang taqwa”. (QS. Al-Baqarah : 183).
Bilih
saget kita aturaken ngagem sanepan, ing rikala kita badhe karawuhan tamu agung
tur kinormatan, tartamtu kita remen sanget lan badhe nyiapaken oba rampe kagem
mangayubagya rawuhipun tamu punika, kanthi asikep saguh, gupuh, lungguhlan
suguh. Sahengga kita boten saget sare mbayangaken sedayanipun ngantos dumugi
dinten ingkang dipun temtokaken. Harap-harap cemas, deg-degan lan
sapiturutipun.
Kamangka ingkang nama Ramadhan punika langkung
sedayanipun. Wulan Ramadhan langkung minulya kabandhing kaliyan tamu agung kala
wau. Rawuhipun Ramadhan punika mbekta sawarnining kesaenan saking Gusti Allah.
Ramadhan minangka gapura kangge mlebetipun tiyang mukmin dhumateng swarga loka.
Sedaya pengibadahan ingkang kita tindakaken anggadhahi biji tikel. Hadis
Rasulullah kathah ingkang ngendikakaken ngengingi keutamen wulan Ramadhan :
إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ ».
“Menawa wengi awal ramadhan, setan-setan lan jin-jin kang duraka lan
mbaleela padha dibelenggu”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Pramila
sumangga mumpung kita taksih menangi wulan Ramadhan- insya Allah , sami
ngathah-ngathahaken munajat ing ngarsa dalem Allah SWT, kanthi nindakaken
qiyamul lail.mugi-mugi Allah SWT kersa paring petunjuk lan hidayahipun. Mangga
kita manfaataken saben-saben detik ing salebetipun wulan Ramadhan mangke kagem
nindakaken kesaenan, ningkataken amal shalih. Mangga kita ngathah-ngathahaken
maos Al-Qur’an kanthi ngangen-ngangen maknanipun.
Sepindah malih, kanthi persiapan
lahir lan batos, insya Allah ing ndalem nindakaken amalan-amalan siyam Ramadhan
langkung langkun tenang lan tentrem, ing pangajab kita saestu saget anggayuh
kelenggahan engkang paling mulya lan luhur wonten ing ngarsanipun Allah SWT,
ingkang dipun sebaat kalenggahan taqwa. Dosa-dosa dipun pangapunten pangapunten,
lawang-lawang suwarga dipun bikakaken, panggesangan dipun paringana gampil,
sahingga kita estu-estu badhe ngraosaken kabekjan fid-diini wad-dunyaa
wal-aakhirah. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar