KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN NGIBADAH SIYAM
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
NIKMATIPUN
NGIBADAH SIYAM
Dening : Anis Purwanto
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin,
sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT,
ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Kita
nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget
katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wajib kita syukuri bilih dinten punika kita taksih dipun
paring kesempatan nglajengaken pangibadahan kita ing wulan Ramadhan,
Alhamdulillah kita sampun nindakaken siyan dinten ingkang kaping wolu, insya
allah. Ibadah siyam kita tindakaken kajawi nderek dhawuhipun Allah SWT,
nindakaken kewajiban, ananging ugi kangge keperluan lan kepentingan kita
piyambak, inggih punika supadas kita dadas tiyang ingkan taqwa. Kadas ingkat
kaserat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 183 :
يَـٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ
مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ (١٨٣)
“He para wong Mukmin
kabeh, sira padha diwajibake pasa, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong
kuna kang sadurungira, supaya sira kabeh padha wedi ing Allah”.
Supaya
sira kabeh taqwa marang Allah, ing akhir ayat punika minangka nilai paling
inggil, ingkang badhe dipun gayuh dening tiyang ingkang nindakaken ibadah
siyam. Sebab taqwa anggadahi makna ingkang ageng, ingkang nyakup sedaya kesainan lan ngicalaken sedaya kemungkaran. Sahingga taqwa ingkang dadas tujuan siyam ugi
mujudaken ahklakul karimah. Pramila jelas saiba raket lan kiyatipun sesambetan
antawisipun ibadah kaliyan ahklak. Ibadah ingkang katindakaken kanthi sae, badhe
ngasilaken ahklak ingkang sae. Utawi ahklak ingkang sae mujudaken kasil saking
pangibadahan ingkang sae.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ibadah
siyam kedah kita tindakaken kanthi kesadaran inggil. Mboten namung kita
tindakaken secara gugur kewajiban utawi ibadah ingkang sifatipun rutin kemawon.
Ananging siyam minangka sarana olah kejiwaan, kedah kita renungaken kasil lan
pengaruhipun. Sebab taksih kathah tumrap kaum muslimin, bilih siyam namung
wanten ing wulan Ramadhan , sahingga saksampunipun wulan Ramadhan telas, mental
dalah rohani kita wangsul malih kadas sakderengipun nindakaken siyam, liripun
ibadah siyam punika mbaten wanten pengaruhipun. Kadas sampun dipun sindir
dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kathah tiyang ingkang nindakaken siyam,
nanging mbaten pikantuk punapa-punaka kajawi namung ngelak lan luwe.
رُبَّ صَاىِٔمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ
الْجُوْعُ وَالْعَطَشُ
“Akeh banget wong-wong kang pasa kang ora oleh kasil saka
pasane kejaba mung rasa ngelih lan ngelak”
Pramila
saking punika, kangge nggayuh sampurnanipun pribadi taqwa, kedah kita upadi
kanthi pengorbanan ingkang ageng , lan
kedah kita udi terus terusan. Treneng jiwa, kanthi siyam Ramadhan kita
tindakaken namung satunggal wulan, ananging nilai siyam kita amalaken salami
setunggal tahun. Sahingga jiwa ibadah siyam setunggal wulan, saget menjiwai
prilaku kita setunggal tahun, ngantos dhatengipun wulan Ramadhan candhakipun.
Bilih
proses kejiwaan ingkang makaten punika dumados secara terus menerus, salami
gesang lan pagesangan kita, ngantos kita kapundhut sowan marak ing Gusti,
wonten ing kasedan jati, insya allah ibadah siyam kita kasil, kita dadas
manungsa ingkang taqwa sejati, wangsul dumateng fitrah, bebas saking sedaya
kalepatan lan dosa. Cocok kaliyan pangandikanipun nunjungan kita Nabi
Muhammad SAW :
مَنْ صَامَ
رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sapa wonge
nindakake pasa Ramadhan, kanthi rasa iman lan ngupadi ridhane Allah, bakal
diapura dosane kan uwis-uwis”.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Pasa hakekatipun nahan utawi mper, liripun mbaten namung
nahan diri saking dahar lan ngunjuk, ananging ugi nahan saking sedaya tumindak
ingkang saget ngrisak pahala siyam. Pramila ibadah siyam kedah kita tindakaken
kanthi utuh, jasmani lan rohani. Awit ibadah siyam punika sejatosipun ibadah
ingkang sifatipun khusus. Sahingga ibadah punika mbaten saget dipun priksani
secara lahir. Malah khusukipun tiyang ingkang nindakaken shalat, taksih kawan
kabanding kaliyan kesaenan tiyang
engkang nindakaken ibadah
siyam. Pahala ingkang inggil, pahala ingkang ageng, tiyang ingkang
mbayar zakat, ugi taksih kawon endahipun, kabanding kaliyan ngelak lan
ngelihipun tiyang ingkang nembe siyam. Kita ugi mbaten kesupen derajat ingkang
inggil, karomah, fadhilah lan malah-malah ambu wanginipun tiyang ingkang kundur
saking nindakaken ibadah haji ing kitha Mekah, taksih kawon kabanding ngelak
lan ngelihipun tiyang ingkang siyam. Buktinipun Allah sanget ngajeng-ajeng
pahala siyam, pahala siyam kagunganipun Allah, ibadah-ibadah sanesipun kita
ingkang badhe nampi. Ananging ibadah
siyam dipun suwun dening Allah, pasa iku kagungan-Ku, Allah ingkang paring
ganjaran. “Kabeh amal anak Adam iku biso kecampur karo kepentingan hawa nepsu,
kejaba pasa, mula pasa iku mung kanggoku, aku dhewe kanga rep paring ganjaran”.
Makaten suraosipun salah satunngalipun hadist Nabi.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Hal punika
mertandani bilih ibadah siyam minangka ibadah ingkang paling inggil nilainipun
ing ngarsa dalem Allah SWT, buktinipun siyam dipun suwun dening Allah, Allah
piyambak ingkang paring pahala. Sebab siyam tanda pedulinipun para manungsa
kangge berkorban, mbaten rakus, sanggup nahan hawa nepsu, sanggup menderita,
ngendaleni lan ngekang pepinginan, senaosa piyambakipun saget nindakaken,
buktinipun ing rikala siyam kita mbaten badhe
ngunjuk lan dahar sakderengipun wanci buka, senaosa kita saget
nindakaken, umpaminipun mlebet dhateng kamar lajeng dipun kunci saking nglebet,
dahar ngunjuk sak wareke. Hal punika mbaten kita tindakaken, krana netepi
dhawuh saking Allah, netepi kewajiban saking Allah SWT. Dados indahipun ngelak
lan ngelih, krana netepi kewajiban agesang minangka hamba Allah, mbuktekaken
bilih kita mbaten mentingaken pepinginan diri kita piyambak, minangka bukti
bilih kita mbaten nomersetunggalaken pepinginan ingkang tuwuh saking nuruti
hana sepsu, ananging mentingaken dhawuhipun Allah. Makaten kemesraan saha
endahipun hubungan antawsipun hamba ingkang purun nahan ngelak lan ngelih,
kangge nindakaken siyam. Pramila
sepindah malih, syukur al hamdulillah, kita ing saat punika ihklas nindaken
siyam, senaosa ing saat kita sedaya nembe wonten swasana keprihatinan, kita
nembe nandang pagebluk awit virus corona, ananging tetep nyambut damel awrat,
nyambut kangge nyekapi kebetahan keluarga, nanging tetep mantap nindakaken
siyam. Kanthi modal dasar ihklas punika, kita sanggup nindakaken kewajiban.
Kewajiban punika mboten dados beban, ananging malah minangka sumber kenikmatan
ingkang luar biasa, lahir batos, masya allah. Kanthi keihklasan ingkang
makaten, kita badhe nampi pinwales saking Allah langkung kathah, kabanding
kaliyan pengorbanan kita nahan ngelak lan ngelih setunggal dinten.
Akhiripun kita nyuwun dhumateng Gusti Alloh mugia kita kalis
saking sedaya reribet, katampi sedaya amal ibadah, saha kasisipaken ing sedaya
kalepatan, manggih kabegjan ing ndonya
dalah ing akhirat, Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar