KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1441 H / 2020 M : WANGSUL DHUMATENG FITRAH





KHUTBAH IDUL FITRI  BAHASA JAWA 1441 H / 2020 M
WANGSUL DHUMATENG FITRAH
(NAMPI KAMULYAN SEJATI ING TENGAHIPUN PANDEMI CORONA)
Dening : Anis Purwanto
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten ‘Idul Fitri ingkang cerah punika saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Moho Tunggal. Lesan kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu”.
            Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :
وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ
 “Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.
            Para sederek, idul Fitri mujudaken setunggalipun bebingah saking Allah SWT ingkang dipun paringaken khusus dhateng tiyang-tiyang ingkang siyam, kados ingkang dipun ngendikakaken Rasulullah SAW :
للصائم فرحتان، فرحة عند فطره، وفرحة عند لقاء ربه


“Wong pasa iku kaparingan bebungah warna loro, yaiku rasa bungah nalika buko lan rasa bungah ana ing wektune ketemu karo Pangerane besuk ana ing dina kiyamat”. (Al-hadits).
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Salebetipun mahargya dinten ‘Idul Fitri makaten punika, wanten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dining Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun Khaliq lan makhuq, ingkang dipun sebat “hamblun minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang ing antawiisipun sesaminipun makhluq, ingkang dipun sebat “hablun minannas”.
Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana nindakaken ibadah lan ngegungaken asmanipun Allah, kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid. Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken hubungan lan nyaketaken jiwa raganipun dhumaten Allah, kaum muslimin langkung rumiyin kedah netepi kuwajibanipun dhateng sesaminipun, utaminipun dhumateng kaum fakir miskin,  sarana mbayaraken zakat fitrah, minangka “TUHRATAN LIS SHAAIMIN WATHU’MATAN LIL MASAAKIN”, pencuci jiwa tumrapipun tiyang ingkang siyam lan minangka nyukani tedha dhateng para fakir miskin.
            Alhamdulillah, kita nembe kemawon rampung nindakaken ibadah siyam, ingkang mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna, ingkang nggembleng jiwa raga kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap, lan ndamel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat . kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang  wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan. Lan kita medal saking wulan Ramadhan saged dipun ibarataken kadas dene bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun, resik lan suci, insya Allah.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Ing Swasana ‘Idul Fitri taun kita bangsa Indonesia nedheng-nedhengipun ngadhepi wabah/pagebluk,  inggih punika virus corona utawi covid-19.  Sumebaripun virus punika sampun waradin sa indenging nuswantoro, engkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Malah covid-19  sampun sumebar  ing 140 negari ,  kanthi jumlah penderita positip covid langkung saking 150.000 lan 5.500 lingkang ninggal.
            Kita nyadari bilih sedaya punika minangka ujian iman lan taqwa kita dhgumateng Allah SWT. Pramila kita wajib ihtiar mutus rante penyebaran,  kanthi mawarni ihtiar kados ingkang sampun  dipun tetepaken dening pemerintah, milai pemerintah pusat ngantos ing tataran RT lan RW. Sedaya nggolong nggiligaken tekat murih wabah punika inggal sirna, milai ingkang asipat ageng kadosta “Pembatasan Sosial Bersekala Besar (PSBB), larangan mudik, isolasi mandiri , semprotan masal ing saben dinten Rabu lan Sabtu, dhawuh supados asring cuci asto, njagi jarak ,ngagem masker ing saat medal saking  griyo, malah dipun suwun mboten salaman rumiyin.
Pramila saking punika para sederek, kewajiban kita minangka rakyat Indonesia mboten wonten sanes kejawi mesthi lan wajib anyengkuyung lan nderek punopa ingkang sampun dipun tetepaken dening pemerintah. Saestu punika awrat kagem kita , utaminipun ing saat kita  nindakaken Siyam Ramadhan. Malah ugi wonten anjuran kedah nindakaken ibadah ing nggriyo , minagka salah satunggalipun pilihan kangge mutus sumebaripun virus corona. Anjuran pemerintah lewat Serat keputusan bersama Kepala Kantor Kementerian Agama Kab. Ngawi Nomor 072 lan MUI Kab. Ngawi nomor 02 MUI/Ngawi/IV/Tahun 2020 sampun jangkep. lan gamblang, kados pundi tata cara ibadah ing tengah-tengahipun pandemic covid-19 punika. Intinipun masjid ing wilayah/zona merah WAJIB TIDAK MELAKSANAKAN sholat jum’at ing masjid di gantos sholat dhuhur, lan ibadah sanesipun cekap dipun tindakaken sesarengan keluarga  ing griyo. Semanten ugi masjid ing wilayah/ zona PDP (Pasien Dalam Pengawasan). Dene Masjid masjid ing wilayah/Zona ODP (Orang Dalam Pengawasan) dipun keparengaken nindakaken ibadah ing masjid, kanthi syarat ing antawisipun ngagem shof jaga jarak, ngagem masker, ngasto sajadah piyambak lan mboten salaman, masjid kedah asring dipun semprot kaliyan obat disinfektan.

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Maha Agung Allah, ingkang nyipta sedaya kawontenn punika kanthi paripurna. Lan Maha wicaksana Allah ingkang ndadosaken sedaya aturan lan sunah-sunahipun punika sarwi ceples. ‘Idul Fitri dipun tetepaken saksampunipun ibadah siyam. Fitrah kesucian dipun wangsulaken, saksampunipun imsak, meper saking sedhengah pepinginan lan hawa nefsu. Malah siyam lan idul fitri tahun punika kita tindakaken kanthi kawontenan ingkang sarwi dhorurot awit wontenipun virus corona. Sedaya punika supados dados bahan piwucal tumraping tiyang-tiyang ingkang sami purun mikir, ingkang nedya ningkataken ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT. Allah SWT ngendika ingkang  kahemot ing Surat Al-Hasyr ayat 21  :
وَتِلۡكَ ٱلۡأَمۡثَـٰلُ نَضۡرِبُہَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمۡ يَتَفَكَّرُونَ
 “lan sanepan-sanepan iku Ingsun cipto kanggo para manungsa, kang supaya wong-wong mau padha gelem mikir”.
            Para sederek, Mugi-mugi kanthi Fitratil Islam ingkang ‘Ied-ipun kita pahargya wonten ing dinten punika,  jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, ngutamekaken pasedherekan ingkang kebak katresnan, lan kasih sayang, ngapura ingapura, nyingkiri saking sipat memengsahan, fitnah menfitnah, lan sregeb lelumban wonten ing babagan kesaenan.
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَـٰوَٲتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ
 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwuyn pangapura marang Pangeranira”. (QS. Ali Imran : 133).
             
Malah ing  swasono gumbira,  kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan..
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing ndalem mutus rante penyebaran covid-19 kanthi tetep njagi kesucian awak lan kesucian manah.  Mugia Allah SWT enggal njabel virus corona saking lumahipun bumi,   dipun gantos kanthi swasana tentrem ayem , nagari ingkang baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah angko kalih nyumanggaaken para khotib.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA