KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : VIRUS CORONA MINANGKA PEPENGETIPUN ALLAH SWT





KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA :


VIRUS CORONA MINANGKA
PEPENGETIPUN ALLAH SWT
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah

            Sekedar ngengetaken dhumateng kita sedaya bilih ing wekdal sak punika masyarakat kita nembe nampi musibah dalah ujianipun Allah SWT , inggih punika  virus corona utawi covid-19.  Sumebaripun virus punika sampun waradin sa indenging nuswantoro, engkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Ananging kados pundi kemawon kita kedah terus mlampah, nglajengaken pagesangan punika, malah ing babagan pengibadahan mestinipun kedah enggal kita grengsengaken malih. Ananging kita ugi        wajib ihtiar mutus rante penyebaran,  kanthi mawarni ihtiar kados ingkang sampun  dipun tetepaken dening pemerintah.  Sedaya ihtiyar kedah kita terusaken, kados semprotan masal ing saben dinten Rabu lan Sabtu, dhawuh supados asring cuci asto, njagi jarak ,ngagem masker, malah dipun suwun mboten salaman rumiyin.  Mboten wonten awonipun manawi ing kesempatan khutbah Jum’at siang punika kita aturaken bab dhatengipun musibah –musibah punika, saboten-botenipun saged dados peringatan tumraping kita sedaya.
            Kasebad ing Surat Al-Hadid ayat 22 lan 23 :
مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ۬ فِى ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمۡ إِلَّا فِى ڪِتَـٰبٍ۬ مِّن قَبۡلِ أَن نَّبۡرَأَهَآ‌ۚ إِنَّ ذَٲلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ۬ (٢٢) لِّكَيۡلَا تَأۡسَوۡاْ عَلَىٰ مَا فَاتَكُمۡ وَلَا تَفۡرَحُواْ بِمَآ ءَاتَٮٰڪُمۡ‌ۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخۡتَالٍ۬ فَخُورٍ
“Ora ana musibah kang dumadi ana ing lumahing bumi lan uga kang ngenani ing awak-awakira, kejaba kabeh iku mau pancen wis tinulis ing buku gedhe (lauhil ahfudh), wiwit sakdurunge ingsun mujudake dadi kasunyatan. Satemene kang mangkono iku menggahe Allah gampang banget. (Sun jelasake, kang mangkono iku) supaya sira kabeh aja pada ngluwihi wates anggonira nguja kesenengan kanthi sakabehing barang kang diparingake dening Allah marang sira. Awit Allah iku pancen ora seneng marang saben wong kang sombong lan gumedhe ”.

Para sederek, ayat punika jelas lan tegas ngengetaken kita sedaya, kanthi peringatan ingkang keras. Peringatan kanthi keras lan tegas punika kanthi maksud supadas kita para manungsa sampun ngantos tledor, sampun ngantos nggampilaken lan malah nyepelekaken peringatan Allah punika. Awit peringatan Allah SWT punika wanten sebagian ingkang awujud musibah ingkang dahsyat sanget ingkang boten badhe wonten kekiyatanipun manungso kados punapa kemawon ingkang saged nanggulangi, yen boten angsal idzin saha pitulunganipun Allah SWT.
Pancen yen kita piker lan kita gatosaken, wonten saat punika, sampun cekap kathah tingkah lakunipun manungsa ingkang sampun nglangkungi wates. Kebrutalanipun manungsaa, ingkang sajak sampun mboten nggatosaken malih dhateng rambu-rambu moral punapa malih agami. Kanthi mawarni-warni cara, ingkang penting tujuanipun saged kasembadan.
Pokokipun , para sederek, sedaya kerisakan ingkang dumados wonten ing sawarnining bidhang pagesanganipun manungsa punika sampun merajalela, sahengga sampun pas kados dhawuh Allah SWT ingkang kahemot ing Surat Ar Rum ayat 41 , ingkang nyebadaken makaten :
ظَهَرَ ٱلۡفَسَادُ فِى ٱلۡبَرِّ وَٱلۡبَحۡرِ بِمَا كَسَبَتۡ أَيۡدِى ٱلنَّاسِ لِيُذِيقَهُم بَعۡضَ ٱلَّذِى عَمِلُواْ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ
“Kerusakan iku wis katon merajalela ana ing lumahing dharatan lan segara akibat saka tumindake tangan-tangane manungsa, supaya Allah ngrasakake marang dheweke sebagian saka akibat tumindake wong-wong mau dhewe, kang supaya dheweke mau padha bali marang dalan kang bener ”.
Para sederek, Potongan ayat “LIYUDZIIQAHUM BA’DLALLADZII ‘AMILUU”, nelakaken bilih yen Allah SWT ngersakaken, saged kemawon panjenenganipun lajeng nurunaaken musibah ingkang awujud virus corona. Kamangka musibah prengetanipun Allah punika asring mboten pandang bulu, liripun senadyan tiyang ingkang mboten dosa pisan saged kemawon ketaman musibah.
Makaten ingkang kasebat wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Anfal ayat 25 :
وَٱتَّقُواْ فِتۡنَةً۬ لَّا تُصِيبَنَّ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنكُمۡ خَآصَّةً۬‌ۖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ
“Lan sira kabeh padha wedia marang siksane Allah sing temenan ora mung khusus ngenani wong-wong sing dhalim ing antarane sira kabeh bae. Lan sira kabeh padha sumurupa satemene pasiksane Allah iku abot banget ”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Kulo kinten saking keterangan ayat  ing nginggil kita sampun cekap minangka bukti bilih peringatan Allah ingkang awujud musibah punika sawekdal-wekdal saged dhateng kita sedaya. Ingkang makaten punika ngengetaken dhumateng kita sedaya supados sami wangsul dhateng margi ingkang leres. Lan babar pisan sampun ngantas kita lajeng supe dhumateng Allah SWT. Awit sawarnining kerisakan punika yen dipun titi, sumber penyebabipun ingkang pokok punika namung setunggal, inggih punika amargi manungsa sampun supe dhateng Pangeranipun .
Mugi-mugi kita sedaya katebihaken saking sedaya musibah, ingkang penyebabipun tangan-tang kita piyambak, bekja wilujeng ing ndonya khatal akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.











Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA