KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA : LAMPAH KITA ING SALAJENGIPUN
KHUTBAH
JUM’AT BASA JAWA
LAMPAH KITA ING
SALAJENGIPUN
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji
syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah
dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget
nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih
kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken
dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ing jum’at siang punika kita sampun ing tengah-tengahipun wulan syawal
1441 H. ngantos ing saat punika kita bangsa Indonesia taksih dereng uwal saking
virus corona utawi covid-19. Sumebaripun virus punika sampun waradin sa
indenging nuswantoro, engkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Ananging
kados pundi kemawon kita kedah terus mlampah, nglajengaken pagesangan punika,
malah ing babagan pengibadahan mestinipun kedah enggal kita grengsengaken malih.
Ananging kita ugi wajib ihtiar mutus
rante penyebaran, kanthi mawarni ihtiar
kados ingkang sampun dipun tetepaken
dening pemerintah. Sedaya ihtiyar kedah
kita terusaken, kados semprotan masal ing saben dinten Rabu lan Sabtu, dhawuh
supados asring cuci asto, njagi jarak ,ngagem masker, malah dipun suwun mboten
salaman rumiyin.
Para sederek, Gesang
punika kados ubengipun rodo. Sekedhap wonten ing nginggil, lan sekedhap malih
gantos ing ngandhap. Sekedhap ngraosaken padhang kanthi lumubering kanikmatan,
nanging ing wekdal sanesipun, ujianipun Allah jer mujudaken piwucal ingkang
penting sanget kangge ndadar kekiyatanipun iman dalah taqwa kita dhumateng
Allah SWT. Mila namung tiyang ingkang tansah syukur wanten ing ngarsanipun
Allah kewawon ingkang badhe mbentenaken ing antawisipun kita para kaum
muslimin, pundi ingkang wareg utawi luwe, pundi ingkang rena lan lila. Wondene
wonteneipun usaha, obah lan ubet, mujudaken pengejawantahan saking raos syukur.
Maksudipun, bilih rahmat saha kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dhateng
kita sedaya punika, mila lajeng kita ginakaken kagem kemaslahatan gesang kita
ing ndonya khatal akhirat.
Rasulullah piyambak mila sampun paring conto, bilih
panjenenganipun punika kawulanipun Allah ingkang mboten nate nganggur, wonten
kemawon ingkang tansah panjenenganipun ayahi, panjenenganipun ugi paring
piwucal dalah tuladha dhumateng sedaya umatipun.
Rosululllah paring piwucal mugia kita tansah nyuwun
pangrekso dhumateng Allah SWT saking perkawis wolu , inggaih punika : raos sumpek
lan sedhih, sifat ringkih lan keset, sikep pengecut lan medhit, kathah utang
saha perbudakan.
Mila saking punika , mila kita kantun mendhet hikmah-hikmahipun
wulan Syawal , wulan ningkatipun iman lan
taqwa , sak sampunipun kita kadadar sewulan wetah , nindakaken siyam ing wulan
Ramadhan. Mestinipun jiwa
raga kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur,
mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap, lan ndamel disiplin kita
dados disiplin ingkang kiyat . kita medal saking wulan Ramadhan dipun
sanepakaken kados dene prajurit ingkang
wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan. Lan kita medal
saking wulan Ramadhan saged dipun ibarataken kadas dene bayi ingkang nembe lahir
saking kandhunganing ibunipun, resik lan suci, insya Allah.
Sakpunika kita wajib nerusaken pengibadahan ingkang sampun kita tindakaken punika,
kalebet sedaya kegiatan keagamaan.
Saksampunipun kita rehat kegiatan awit wontenipun virus corona, selaras
kaliyan dhawuh saking pemerintah. Malah-malah ing saat punika kita badhe
lumebet ing swasana enggal ingkang di pun sebat NEW NORMAL, utawi kenormalan
enggal. Inggih punika model /face enggal.
Ing tataran punika kita badhe gesang berdampingan
kaliyan virus corona. Ing tataran punika kanthi bertahab pemerintah badhe
mangsulaken pagesangan bermasyarakat kados sakderengipun wonten pagebluk virus corona. Lan tartamtu bade dipun wontenaken evaluasi kanathi terus
menerus. Pramila kagem kita sedaya , wajib ngatos-ngatos lan tetep nderek
andaranipun pemerintah. Lan punika dados PR kita sedaya rakyat
Indonesia.
Pramila lajeng punika ingkang dados bahan pemikiran kita
sedaya. Kita wajib nerusaken kegiatan
keagamaan ingkang sampun wonten. Kita ajrih
ampun ngantos kedadosan kados ingkang sampun dipun aturaken wanten ing
Al-Qur’an Surat Yasin ayat 10 :
وَسَوَآءٌ عَلَيۡہِمۡ ءَأَنذَرۡتَهُمۡ أَمۡ لَمۡ
تُنذِرۡهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
“Padha wae munggue dheweke iku, apa kowe paring peringatan
marang dheweke, apa ora, kanggo dheweke padha wae, dhewekw ora bakal percoyo.
Makaten para sederek peringatan saking Allah, mugi-mugi
kita sedaya dipun tebihaken saking sifat ingkang kados makaten punika. Mugia
kita saget mikiraken malih kados pundi kegiatan keagamaan saget regeng malih, lan manfaatipun
saget kita raosaken. Kita sajatosipun saget kagungan faham piyambak-piyambak,
ananging bilih sampun gegayutan kaliyan masalah perkembangan keagamaan mila
kita kedah kagungan kebersamaan, kagem kemajengan.
Mugi-mugi kita tetep kaparingan hidayahi Allah SWT, manggih
kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar