KHUTBAH IDUL ADHA BASA JAWI 1441 H / 2020 M : HIKMAH IDUL ADHA








KHUTBAH IDUL ADHA BASA JAWI  1441 H / 2020 M
HIKMAH IDUL ADHA
(NINGKATAKEN KEIHKLASAN  BERQURBAN  ING SWASANA PANDEMI CORONA)
Dening : Anis Purwanto
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاَتُهُ
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Sholat Idul Adha Rokhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, sarta hidayah sahingga ing enjang punika kanthi ijin Allah SWT, kita saget mahargya , dinten ‘Idul Adha kanthi nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Gusti ingkang Maha Agung lan Maha Mirah, Allah SWT, ndadosaken Ariyadin Adha punika dinten penyerahan lan pengorbanan kangge sedaya  kawulanipun Allah SWT. Kajawi punika Ariyadin Adha minangka lambangipun keagungan lan keluhuran saha sucinipun Agama Islam, lambang pesederean lan kerukunan ing antawisipun sesami umat Islam, antawisipun setunggal golongan saha bangsa sanes. Pramila kanthi manah ingkang yakin, mboten wonten ingkang patut kita sembah kejawi namung Gusti Allah.
            Ing enjang punika kita umat Islam mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha” kanthi nindakaken sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun syariataken dening agami . Wondene caranipun inggih punika sarana ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil,  minangka tandha bukti anggen kita ngegungaken asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu. Kita ugi kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados ingkang nembe kita tindadaken kalawau. Salajengipun, kagem ingkang sampun mampu kadhawuhan mragat kewan qurban ingkang dagingipun kabagi-kabi kangge kaum dhuafa’.
Syariat kurban punika dipun tetepaken dening Allah kanthi langkung rumiyin nggelar satunggaling kisah nyata ingkang nggambaraken ketaatanipun satunggaling kawulanipun . Ing babagan punika kita lajeng enget dhateng sejarahipun Nabi Ibrahim as kaliyan putranipun, inggih punika Nabi Ismail as. Wanten salebetipun kisah, Nabi Ibrahim as dipun uji dening Allah SWT, kadhawuhan mragat keng putra kinasih pun Ismail as. Kalih-lalihipun rama dalah putra lulus saking ujianipun Allah SWT.
            Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an , kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT, ingkang nyutradarani kisah ageng punika, ingkang akhiripun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail as katetepaken minangka lambang pengurbanan lan pembangunan. Kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 127 :
وَإِذۡ يَرۡفَعُ إِبۡرَٲهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَـٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ مِنَّآ‌ۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
 “Lan elinga nalika Ibrahim lan Ismail bebarengan ngankat (mbangun) dhasar-dhasare Baitullah). Wong loro (rama lan putra) mau banjur ndonga : Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wantena kepareng Paduka nampi amalan kula. Sejatosipun Paduka punika maha Midhanget lan Maha Ngawuningani”.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Jumbuh kaliyan dhawuh punika , kala wingi tanggal 9 Dzul hijjah,  para jamaah haji sami nindakaken wukuf ing ara-ara Arofah. Wukuf mujudaken puncakipun ibadah haji.   Sedaya jamaah engkang nembe wukuf, sami ngagem ageman “Ikhram”,  kanthi sesarengan ngucapaken kalimah “Talbiyah”:
               "  LABBAIKA LLOHUMMA LABBAIKA, LAA SYARIIKA LAKA LABBAIKA, INNAL KHAMDA WA NIKMATA LAKA WAL MULK, LAA SYARIKA LAKA "
“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
Makaten kalimah ingkang tansah dipun kumandhangaken para Muslimin lan Muslimat ingkang nindakaken ibadah haji, sedaya jamaah haji ngagem ageman ingkang sami, ngagem bahasa ingkang sami, sesarengan madhep mantep ing ngarsa dalem Allah SWT. Senaosa benten bangsa, suku lan ras sedaya sami, namung kadar keihklasan lan tingkat keimanan saha ketaqwaanipun ingkang mbentenaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT. Sedaya sami-sami ngesaaken panjenenganipun kanthi ucapan talbiyah, ngegungaken asmanipun Allah SWT ing pangajab Allah SWT tansah paring kanugrahan dhumateng gesangipun, sahingga ibadah haji ingkang dipun leksanakaken dados haji ingkang mabrur.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Dinten punika dinten panutupipun ibadah haji, pramila dipun sebad Idul Adha utawi Idul Qurban. Ibadah haji satunggalipun ibadah kagem nglatih keihklasan berkurban, kangge nuju panggayuh lan tujuan ingkang agung nilainipun katimbang ingkang dipun qurbanaken. Pramila wonten ing Ariyadin Qurban kagem sederek ingkang mampu,  dipun sunahaken mragat kewan ternak arupi lembu utawi mendo, ingkang dagingipun  dipun bagi-bagi dhumateng para fakir miskin lan sebagian saget dipun dhahar piyambak. Ibadah qurban minangka satunggalipun wujud saking raos prikemanungsan lan pasederekan ing antawisipun kita sami.
            Tahun punika pemerintah RI sengoja mboten mbidalaken Calon Jamaah Haji , hal punika selaras kaliyan Surat keputusan Menteri Agama RI Nomer 494 Tahun 2020 bab Pembatalan Keberangkatan Jamaah haji pada Penyelenggaraan Ibadah Haji Tahun 1441 H/2020 M, awit ing saat punika kita bangsa Indonesia taksih dereng uwal saking pandemic  virus corona utawi covid-19.  Malah sumebaripun virus punika sampun waradin sa indenging nuswantoro, engkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Ananging kados pundi kemawon kita kedah terus mlampah, nglajengaken pagesangan punika, malah ing babagan pengibadahan khususipun ing ndalem mangayubagya Idul Adha kita mboten kendor anangin malah sangsaya semangat. Ananging kita ugi tetep            wajib njagi kesehatan kanthi tetep ngetrapaken protocol covid ing sedaya kegiatan ing masyarakat lan ihtiar mutus rante penyebaran,  kanthi mawarni ihtiar kados ingkang sampun  dipun tetepaken dening pemerintah.  Sedaya ihtiyar kedah kita terusaken, dhawuh supados asring cuci asto, njagi jarak ,ngagem masker, malah dipun suwun mboten salaman rumiyin.
Malah-malah ing saat punika kita sampun ing swasana enggal ingkang di pun sebat NEW NORMAL, utawi kenormalan enggal. Inggih punika model /face  enggal. Ing tataran punika kita badhe gesang berdampingan kaliyan virus corona. Ing tataran punika ,pemerintah badhe mangsulaken pagesangan bermasyarakat kados sakderengipun wonten pagebluk  virus corona. Lan tartamtu bade  dipun wontenaken evaluasi kanathi terus menerus. Pramila kagem kita sedaya , wajib ngatos-ngatos lan tetep nderek andaranipun pemerintah.  Awit kasunyatan virus corona taksih wonten ing sak kiwo tengen kita, ing ngajeng utawi ing wingking kita. Malah penyebaranipun sangsaya ndadra. Tartamtu hal punika dados PR kita sedaya rakyat Indonesia.
Akhiripun, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah saking Idul Adha, ingkang ing tahun punika kita mahargya ing swasasana keprihatinan, awit pandemic covid-19. Kita ajab wanten ningkatipun ketaatan lan ketaqwaan dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha ningkatipun keihklasan berkurban, kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita uawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken.
Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang katitahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah tansah nyuwun pangreksa dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kawontenan nagari ingkang ing saat punika nembe ketaman pagebluk covid 19 enggal saget uwal.  Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo nagari ingkang kawogan mimpin. Pundi engkang sae, sumangga kita sengkuyung, pundi engkang awon sumangga kito dandosi , kagem kemajengan  ing sedayanipun.
Kanthi hikmah Idul Adha tahun 1441 H punika sumangga sak saged-saged nyonto keihklasan pengorbanan Nabi Ibrahim as dalah nabi Ismail as, wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih karaharjan kanthi gesang ingkang sakinah . Mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saha katampi sedaya amal ibadah, manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.         
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
NB :
(  Khotbah kaping kalih kasumanggakaken para khotib ).

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
                                             


Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA