KHUTBAH JUM’AT : NIKMATIPUN IMAN
KHUTBAH
JUM’AT
NIKMATIPUN IMAN
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي
عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem
pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem
Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya,
sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun,
kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing
donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan
kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kita
tansah wajib rumaos syukur wonteng ing ngarso dalem Allah SWT, dene kita dipun
takdiraken dados tiyang-tiyang mukmin. Awit mboten wonten kanikmatan ingkang
langkung ageng malih tinimbang
nikmatipun iman. Allah SWT sampun paring
dhawuh kados kasebat ing Al-Quran Surat Yunus ayat 9 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ
ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡۖ
تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
“Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal-amal
salih, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane jalaran saka
imane, dheweke kabeh iku kangmili ing sangisore dheweke kabeh kali-kali ana ing
suwarga kang kebak kanikmatanne”.
Ayat punika ngemutaken kita dhumateng tujuanipun gesang
ingkang hakiki, ingih punika pados kawilujengan wiwit ing ndonya ngantos ing
akhirat . pramila sanikmat-nikmatipun gesang punika gesang dados tiyang mukmin.
Badhe kados punapa kemawon kawontenanipun donya, piyambakipun mboten badhe
kengeng pengaruh. Malah gonjang ganjingipun kawontenan ndonya ingkang kados
punapa kemawon mboten badhe ndadosaken piyambakipun rumaos kapitunan. Awit
sedaya punika mboten dipun rewes, sauger tetep madhep mantep lan mantheng
dhateng tujuanipun inggih punika anggayuh kawilujengan ing kampung akhirat.
Ndonya punika saget ugi dipun anggep penting, ananging kampun akhirat langkung
penting malih . Tujuan gesang cetha wela-wela, inggih punika anggayuh
suwarganipun Allah SWT. Mila saking punika reroncening pakaryan saha
peranganipun pambudi daya ugi tetep cetha, inggih punika sedaya pakaryan punapa
kemawon kedah kagungan biji sae, awit sedaya amal dalah pakaryan ing ndonya
mangke badhe kita tanggeljawabaken ing ngarso dalem Allah SWT. Bilih bijinipun sae
badhe pikantuk kanugrahan saking Gusti, bilih bijinipun awon mangke badhe
pikantuk pidana saking Gusti Allah.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Pramila
yen toh ing babagan kadonyan kita dereng rumaos bekja, dereng rumaos mulyo,
punika nomo limrah lan mboten aeng, awit sedaya punika namung urusan ndonya.
Sepindah malih , sedaya punika namung urusanipun donya, awit tembung donya
punika saking tembung arab inggih punika dana- yadnu- dun-yan, ingkang
maknanipun cedhak utawi caket. Dados urusan donya punika urusan ingkang cedhak
utawi tembung indonesianipun jangka pendhek. Tujuan-tujuanipun ugi
tujuan-tujuan ingkang cedhak , tujuan jangka pendhek. Mila saking punika,
saben-saben tiyang mukmin mboten badhe goreh manahipun amargi saking ruginipun
urusan-urusan kadonyan, nanging rumaos kapitunan rumaos rugi manawi ing babagan
keakhiratan piyambakipun ketinggalan.
Sepindah malih gonjang ganjingipun
babagan donya, punika urusan jangka pendek, ingkang mesti wonten solosinipun. Malah
kita ing saat punika taksih ing dalem
misibah pandemic corona. Mestinipun mboten andadosaken gorehipun manah, anangin
kita tetep ing ndalem waspada, tetep manut tatanan punapa ingkang sampun dipun andaraken
dening pihak pemerintah. Sebab nyatanipun virus corona mboten preduli lan
mboten pilih-pilih. Sok sinten ingkang mboten purun njagi pribadi saking proses
penularan, kados pundi kemawon hebatipun tetep badhe ketaman. Kados pundi
kemawon, nyatanipun corona tahsih wonten, malah ing akhir-akhir punika saya
ndodro jumlahipun. Sumonggo aturanipun pemerintah kita agem, tetap jaga jarak,
ngindari kerumunan, ngagem masker, sering cuci asto ngangge sabun lan mboten
salaman rumiyin.
Sumangga tetep ing swasana keprihatinan,
lan tetap waspada lan ngatos-atos. Sebab musibah punika mboten milih-milih,
sedaya saget ugit kengeng, saget ugi ketaman. Kasebat wonten ing Al-Qur’an
Surat Al-Anfal ayat 25 :
وَٱتَّقُواْ فِتۡنَةً۬
لَّا تُصِيبَنَّ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنكُمۡ خَآصَّةً۬ۖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ
ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ
“Lan sira kabeh padha wedia
marang siksane Allah sing temenan ora mung khusus ngenani wong-wong sing dhalim
ing antarane sira kabeh bae. Lan sira kabeh padha sumurupa satemene pasiksane
Allah iku abot banget ”.
Makaten
para sederek, keterangan singkat ing siang punika, sepindah malih sumangga kita
tengenaken anggen kita mbudidaya kagem anggayuh kabegjan ing kampun akhirat,
ananging ugi mboten nglirwakaken babagan kadonyan. Wilujeng ing donya dalah ing
akhirat , amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar