KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MANGAYUBAGYA HUT KAMARDHIKAN RI KAPING 75

 

 

 

                                                                      KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA                                                                   MANGAYUBAGYA HUT KAMARDHIKAN RI KAPING 75

Dening  : Drs. Anis Purwanto

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Hadirin jamaah jum’ah rokhimakumullah

Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing tiyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung , Nabi Muhammad SAW.

Hadirin jamaah jum’ah rokhimakumullah

            Dinten punika dinten Jum’AT pahing kaleres tanggal 14 Agustus 2020, ateges 3 dinten malih kita bade mrengeti HUT Kamardhikan RI ingkang kaping 75, ing tanggal 17 Agustus 2020. Kados padatan ing saat mrengeti HUT RI kita sedaya rakyat Indonesia kanthi gumbiraning manah nderek mangayubagyo HUT RI, kanthi mawarni-warni kegiatan saha krameyan , minangka pengejawantahan raos syukur dhumateng Allah SWT, dene puncakipun dipun wontenaken upacara detik-detik proklamasi.

            Awit kita nyadhari bilih kamardhikan punika minangka berkah saha rahmat Allah SWT. “Atas berkah rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekannya”. Lan saestu kemerdekaan punika kita rebut saha kita pertahanaken kanthi perjuangan ingkang mbekto pengorbanan poro kusumaning bongso. Sahingga patut bilih ing ndalem mrengeti HUT nipun kita adani kanthi meriah.

            Mila saking punika sumangga kita wiwiti kamardhikan RI punika kanthi nyiapaken iman, nyiapaken kekiyatan jamaah, saha nyiapaken generasi bangsa kanthi ilmi agami ingkang kiyat. Manawi kala samanten  para kusumaning bangsa sampun nyumbangaken tenaga, pikiran malah-malah nyawanipun kangge kamardhikanipun bangsa saking bangsa penjajah, ing samangke kita kedah sagah nerusaken perjuangan kangge ngisi kamardhikan, kanthi pembangunan nuju masyarakat ingkang baldatun toyyibatun wa rabbun ghofur. Ngrebat kamardikanipun umat saking belenggunipun kekufuran saha sawarnanipun kemaksiyatan saha kerisakan.

Allah SWT sampun paring jaminan kasebat ing Al-Qur’an surah Al Ankabut ayat 69 :

وَٱلَّذِينَ جَـٰهَدُواْ فِينَا لَنَہۡدِيَنَّہُمۡ سُبُلَنَا‌ۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ لَمَعَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ

 “Lan wong-wong kang temen-temen berjuwang ana ing dalaningSun, Ingsun mesthi bakal nuntun wong-wong iku ana ing dalan-dalaning-Sun. Lan satemene Allah iku tansah beberengan karo wong-wong kang tansah mbecik-   mbecikake amale”.

Hadirin jamaah jum’ah rokhimakumullah

            Nanging kadosipun wonten ing tuju – belasan wekdal punika badhe kraos benten. Awit kita Bangsa Indonesia nembe nandang pageblug Corona utawi covid-19. Sahingga sajakipun sedaya kegiatan ingkang magepokan kaliyah prayakan HUT RI ingkang kaping 75 ing tahun punika di adani kanthi sanget sederhana. Ananging mboten ngirangi kemeriyahan lan makna saking kamardhiakan.

            Kita nyadhari bilih virus corona punika minangka ujian iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Pramila kita wajib terus menerus ihtiar mutus rante penyebaran, kanthi mawarni-warni ihtiar kados ingkang sampun dipun tetepaken dening pemerintah, kados anjuran ngagem masker, cuci asto,  jaga jarak lan mboten salaman rupiyin.

            Sebab kasunyatan bilih sumebaripun virus corona sampun waradin sak indenging bawana. Kamangka musibah prengetanipun Allah ingkang awujud virus corona punika mboten pandhang bulu, sok sintena ingkang mboten saget njagi diri pribadinipun saking penularan pasti saget ketaman.

وَٱتَّقُواْ فِتۡنَةً۬ لَّا تُصِيبَنَّ ٱلَّذِينَ ظَلَمُواْ مِنكُمۡ خَآصَّةً۬‌ۖ وَٱعۡلَمُوٓاْ أَنَّ ٱللَّهَ شَدِيدُ ٱلۡعِقَابِ

“Lan sira kabeh padha wedia marang seksane Allah sing temama ora mung khusus ngenani wong-wong sing dhalim ing antarane sira         kabeh bae. Lan sira kabeh padha sumurupa satemene Pasiksane         Allah iku abot banget”.

            Kulo kinten saking keterangan ayat punika, kita sampun cekap minangka bukti bilih peringatan Allah ingkang awujud virus corona ngengetaken dhumateng kita sedayas upados sami wangsul dhumateng margi ingkang leres. Awit sedaya musibah punika bilih dipun tliti sumber penyebabipun inggih manungsa punika piyambak.

Hadirin jamaah jum’ah rokhimakumullah

            Pramila saking punika para sederek, kewajiban kita minangka rakyat Indonesia mboten wanten sanes kajawi mesti lan wajib anyengkuyung lan nderek punapa ingkang sampun dipun programaken dening para pangarsa praja, inggih punika anggayuh masyarakat Indonesia ingkang wetah , ingkang sejahtera lahir saha batosipun. Sumangga cita-cita luhur bangsa punika kita ihtiyaraken terus , sarana nglestantunaken lan ningkataken pembangunan ing sedaya bidang.

Mugia kita saget mendhet hikmah saking hakekat prengetan HUT RI ingkang ing tahun punika kita wontenaken kanthi sederhana. Namung dhumateng Allah SWT, kita tansah ndedhepe lan taqarrup kanthi nyenyuwun mugi-mugi cita-citanipun bangsa Indonesia salebetipun mbangun dipun keparengaken, saged sukses kanthi ridho Allah SWT. Begja mulya wiwit ndanya ngantos ing akhirat.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA