KHUTBAH IDUL FITRI BASA JAWI 1442 H / 2021 M : HIKMAHIPUN IDUL FITRI

 

 

 

 

KHUTBAH IDUL FITRI BASA JAWI  1442 H / 2021 M

HIKMAHIPUN IDUL FITRI

                                                      Dening : Anis Purwanto

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر

الله أكبر الله أكبر

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

 

llahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten ‘Idul Fitri  punika saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.

Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng kita sedaya , nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

                      Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah SWT, lesan kita mboten kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu”.

           Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185 :

وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ

 “Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.

                          Para sederek,  Idul Fitri dipun syariataken dening Agama Islam setahun sepindah. Saksampunipun umat Islam rampung nindakaken ibadah siyam, setunggal wulan wetah ing wulan Ramadhan. Idul Fitri ingkang tegesipun wangsul dhateng kesucian, minangka hari Raya Fitrah utawi dinten ageng fitri, dipun syariataken minangka wujud saking dhawuh Nabi Muhammad SAW : “Wong pasa ing sasi Ramadhan iku kaparingan kegembiraan warna loro, yaiku gumbira nalika rampung anggone pasa lan gumbira nalika ketemu karo Pangerane mbesuk ana ing dina akhir”

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

Salebetipun mahargya dinten ‘Idul Fitri makaten punika, wanten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dining Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun Khaliq lan makhuq, ingkang dipun sebat “hamblun minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang ing antawiisipun sesaminipun makhluq, ingkang dipun sebat “hablun minannas”.

Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana nindakaken ibadah lan ngegungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid. Wondene cara ingkang angka kalih netepi kuwajibanipun dhateng sesaminipun, utaminipun dhumateng kaum fakir miskin,  sarana mbayaraken zakat fitrah, minangka “TUHRATAN LIS SHAAIMIN WATHU’MATAN LIL MASAAKIN”, pencuci jiwa tumrapipun tiyang ingkang siyam lan minangka nyukani tedha dhateng para fakir miskin.                                                                                                                                                              Alhamdulillah, kita nembe kemawon rampung nindakaken ibadah siyam, ingkang mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna, ingkang nggembleng jiwa raga kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap, lan ndamel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat . kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang  wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan. Lan kita medal saking wulan Ramadhan saged dipun ibarataken kadas dene bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganipun ib resik lan suci, insya Allah.

Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

               Ing Swasana ‘Idul Fitri taun punika sami kaliyah  Idul Fitri Tahun kepengker,   kita bangsa Indonesia taksih ing swasana pageblug covid-19,  engkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Malah kagem mutus rante penularan, pemerintah nglarang Mudik Lebaran 2021, milai tanggal 6 – 17 Mei 2021,  punika dipun dasaraken Surat Edaran Kepala Satuan Tugas Penanganan Covid-19 Nomer 13 / 2021.

                        Kita nyadari bilih sedaya punika minangka ujian iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Pramila kita wajib ihtiar mutus rante penyebaran,  kados ingkang sampun  dipun tetepaken dening pemerintah, kanthi 5 M, inggih punika “Memakai masker, Mencuci tangan, Menajaga jarak, mengurangi mobilitas (nek mboten penting mboten kekesahan)  lan Mengurangi kerumunan”. 

                     

Pramila saking punika para sederek, kewajiban kita minangka rakyat Indonesia mboten wonten sanes kejawi mesthi lan wajib anyengkuyung lan nderek punopa ingkang sampun dipun tetepaken dening pemerintah. Saestu punika awrat kagem kita , utaminipun ing saat kita  nindakaken Siyam Ramadhan lan Idul Fitri.  Dipun tambah sederek-sederek kita ing perantauan mboten dipun keperengaken wansul “Mudik”. Ananging kados pundi kemawon awratipun, jer puniko kagem kemaslahatan kita sami, pramila kita ugi kedah nampi kanthi lega-leganipun marah. Ingkang penting sederek-sederek kita ing perantauan kaparingan kawilujengan saha kesarasan. Kanthi asesanti “Ora mudik ora opo-opo penting transferane duwit  iso mudik”.

 

Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

Maha Agung Allah, ingkang nyipta sedaya kawontenn punika kanthi paripurna. Lan Maha wicaksana Allah ingkang ndadosaken sedaya aturan lan sunah-sunahipun punika sarwi ceples. ‘Idul Fitri dipun tetepaken saksampunipun ibadah siyam. Fitrah kesucian dipun wangsulaken, saksampunipun imsak, meper saking sedhengah pepinginan lan hawa nefsu, meskipun kawontenan siyam lan idul fitri tahun punika kita tindakaken kanthi kawontenan ing sarwi sederhana.  Sedaya punika supados dados bahan piwucal tumraping kita sedaya, ingkang nedya pingin  ningkataken keimanan saha ketaqwaan dhumateng Allah SWT.

                        Para sederek, Mugi-mugi kanthi Fitratil Islam jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, ngutamekaken pasedherekan ingkang kebak katresnan, lan kasih sayang, ngapura ingapura, nyingkiri saking sipat memengsahan, fitnah menfitnah, lan sregeb lelumban wonten ing babagan kesaenan.

وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَـٰوَٲتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ

 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwuyn pangapura marang Pangeranira”. (QS. Ali Imran : 133).

                          Malah ing  swasono gumbira,  kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan..

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing ndalem mutus rante penyebaran covid-19 kanthi tetep njagi kesucian awak lan kesucian manah.  Mugia Allah SWT enggal njabel virus corona saking lumahipun bumi,   dipun gantos kanthi swasana tentrem ayem , nagari ingkang baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.

Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khotbah kaping 2 nyumanggakaen para Khotib.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA