KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : PENGAJENG-AJENG SAE
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
PENGAJENG-AJENG SAE
Dening : . Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi ihklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Selajengipun sumangga tansah ambudidaya murih keimanan lan ketaqwaan kita sedaya tansah tambah kandel lan tambah sae. Awit mboten wonten sangu ingkang saget dipun asta wonten ing pagesangan akhirat kajawi namung keimanan lan ketaqwaan salaminipun gesang ing alam donya. Namung ketaqwaan ingkang anjalari Allah kersa paring furqan, inggih punika pitedah ingkang saged mbentenaken antawisipun perkawis ingkang sae lan ingkang awon.
Hal punika selaras kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah kadas kasebat ing Surat Al Anfal ayat 29 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ إِن تَتَّقُواْ ٱللَّهَ يَجۡعَل لَّكُمۡ فُرۡقَانً۬ا
“He wong-wong mukmin, yen sira kabeh taqwa marang Allah, temtu Panjenengane bakal paring marang sira furqan ”. (QS Al Anfal: 29)
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ing saat punika kita taksih ing swasana pandemic covid 19 ingkang tartamtu ndadosaken keprihatinan kita sami. Ananging kados pundi kemawon pagesangan kedah kita lajengaken, pagesangan kedah terus mlampah. Ing swasana ingkang makaten punika, kita kedah kagungan sikap semangat. Kita kedah kagungan sikap pengajeng-ajeng sae namung dhumateng Allah SWT, kanthi ambudidaya mawi sedaya tenaga kangge anggayuh kawilujengan, kesejahteraan lan keuntamen. Allah SWT sampun ngendika ing Surat Al Baqarah ayat 218 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَٱلَّذِينَ هَاجَرُواْ وَجَـٰهَدُواْ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ يَرۡجُونَ رَحۡمَتَ ٱللَّهِۚ
“Satemene wong-wong kang iman , lan wong-wong kang hijrah lan wong-wong kang berjuang ing dalane Allah, yaiku wong-wong kang ngarep-arep rahmate Allah ”.
Pengajeng-ajeng sae punika sayektosipun saged ndadosken pendorong utawi motivasi kangge tiyang mukmin anggenipun nindakaken sedaya kesaenan wonten ing pagesangan punika. Awit bilih kita ngantos kecalan pengajeng-ajeng sae, kita kalebet golonganipun tiyang-tiyang engkang kesasar, kados pernyataanipun Nabi Ibrahim ingkang kasebat ing Surat Al Hijir ayat 56 :
قَالَ وَمَن يَقۡنَطُ مِن رَّحۡمَةِ رَبِّهِۦۤ إِلَّا ٱلضَّآلُّونَ
“Ibrahim matur : boten wonten tiyang ingkang putus asa saking rahmating Pangeranipun, kejawi tiyang-tiyang ingkang kesasar ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Tiyang-tiyang ingkang mbudi daya mujudake pengajeng-ajeng sae, berjuang kanthi ngetok kekiayatan lahir batos, ajrih manawi kesaenan punika ngantos ical. Tiyang ingkang kagungan pengajeng-ajeng pingin pepanggihan kaliyan Pangeranipun , ajrih manawi kecalan kesempatan. Kanthi makaten lajeng ambudidaya kanthi nindakaken sedaya amal sholeh. Selaras kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah SWT ing Al-Qur’an surat Al Kahfi ayat 110 :
فَمَن كَانَ يَرۡجُواْ لِقَآءَ رَبِّهِۦ فَلۡيَعۡمَلۡ عَمَلاً۬ صَـٰلِحً۬ا وَلَا يُشۡرِكۡ بِعِبَادَةِ رَبِّهِۦۤ أَحَدَۢا
“Sing sapa wonge ngarep-arep bias ketemu karo Pangerane, dheweke supaya nindakake amal saleh lan sajrone ngibadah marang Pangerane aja nyekutokake marang sapa bae ”.
Ayat punika paring pitedah supados kita tansah anggadhahi pengajeng-ajeng sae, khususipun pengajeng-ajeng badhe muwajahah kaliyan Allah SWT. Lan syarat pepanggihan punika , sepindah malih kanthi nindakaken amalan-amalan sae. Kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT dalah nilaraken sedaya awisanipun.
Akhiripun namung dumateng Gusti Allah sedaya kita aturaken, kanthi asesanti “Fastabikhul khoiroh”, berlomba-lomba ing ndalem kesaenan. Mugi Gusti Allah paring kekiyatan dhumateng kita sedaya kangge anggayuh kesaenan dalah kawilujengan ing donya dalah ing akherat. Amin ya rabbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar