KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : ANGGAYUH PAGESANGAN INGKANG SAE
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
ANGGAYUH PAGESANGAN INGKANG SAE
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi ihklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Syukur Alhamdulillah dene ngantos ing detik punika kita taksih dipun tetepaken dados tiyang iman lan taqwa, amargi hidayah punika awis sanget reginipun. Pramila saking punika hidayah peparingipun Allah kedah tansah kita ugemi amrih dados lelandhesan gesang kita, kangge anggayuh pagesangan engkang langkung sae, ing ndonya dalah ing akhirah. Punapa malih kita jejeripun kawula limrah, ingkang anggadhahi sifat remen kaliyan gebyaripun kadonyan. Hal punika kados kasebat ing Al-Qur’an Surat An-Nahl ayat 97 :
مَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا مِّن ذَڪَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٌ۬ فَلَنُحۡيِيَنَّهُ ۥ حَيَوٰةً۬ طَيِّبَةً۬ۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا ڪَانُواْ يَعۡمَلُونَ
“Sopo wonge sing nindakake amal saleh, lanang utowo wadon, ana sajrone kahanan iman, temenan bakal Sun paringake marang dheweke kauripan kan becik, lan temenan Ingsun bakal paring pinwales marang dheweke kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang apa-apa sing wis ditindakake dening dheweke”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kathah-kathahipun kita kagungan pemanggih bilih pagesangan engkang sae punika dumunung wonten kathahipun bondo donya, palenggahan ingkang inggil, lan sapanunggalipun, senaosa ing kasunyatan saben-saben tiyang kagungan ukuran piyambak-piyambak. Kasunyatan tasih kathah tiyang engkang ing babagan pagesangan kadonyan sarwi wonten, sugih bandha donyanipun, inggil kalenggahanipun, namung piyambakipun rumaos taksih kirang.
Lajeng pagesangan ingkang sae punika ingkang kados pundi ?. Pagesangan ingkang sae , paling mboten anggadhahi unsur, sepindah : Rejeki ingkang halal. Saestu bilih yektosipun gesang kita badhe tentrem, jiwa lan manahipun linambaran sih rahmat dalah katresnanipun Allah SWT, bilih kita ngupadi pagesangan kadonyan kanthi halal lan sae. Kaping kalih, kagungan sifat qonaah, inggih punika “nrima ing pandum” ingkang sampun dipun paringaken dening Allah dhumateng kita. Sahingga nuwuhaken manah ingkang tentrem, amargi tansah syukur sedaya kanikmatan, kanugrahan ingkang sampun dipun paringaken dhateng kita. Lan kaping tiganipun, sifat sa’adah, inggih punika raos bahagia, raos suko ing manah ing rikolo kita nampi kanugrahan punapa wujudipun saking Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Dene kunci pokok kangge anggayuh pagesangan ingkang langkung sae ingih punika iman dalah amal shalih. Inggih punika amal ingkang kadasaraken iman. Awit sedaya amal kesaenan saged nuwuhaken sedaya manfaat, utaminipun kagem badan kita pyambak, langkung-langkung dumateng sedaya masyarakat. Amargi sedaya amal kesaenan bilih mboten dipun landesi iman , sedaya mboten wonten artosipun. Sebab , Iman ingkang dados sumber sedaya kesaenan ing gesang lan pagesangan kita, wiwit ing ndonya dalah ing akhirat.
Akhiripun, sumangga kita gayuh pagesangan ingkang langkung sae kanthi kadasaraken iman lan amal shalin. Mugia Allah tansah kersa paring nuntun dhumateng kita wanten ing marginipun. Wilujeng wiwit ing ndoya ngastas ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar