ISRA’ LAN MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
KHUTBAH JUM’AT
ISRA’ LAN MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
Dening : Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken sedaya dhuwhi[un Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten punika kita sampun wonten ing awalipun wulan Rejeb 1443 H. Nurut sejarah Islam, wulan Rejeb punika mujudaken wulan ingkang mengku sejarah penting. Inggih punika sejarah utawi riwayat isra’ lan Mi’rajipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sebagian ageng umat Islam mboten kesupen sami ngawontenaken pengetan Isro’ Mi’roj , ingkang minangka satunggalipun mu’jizatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Senajan namung secara garis ageng, keparengan ing khutbah Jum’at punika kita aturaken keterangan singkat ngengingi riwayat isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW. Namung sakderengipun kita ngaturakeb bab punika, keparenga kula nderekaken panjenengan sedaya, sumangga sami ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi kita kagolonganken tiyang ingkang berhak nampi kanugrahan lan kabegjan peparingipun Allah SWT.
Tumrapipun umat Islam peristiwa isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW sampun dados aqidah utawi keyakinan, ingkang wajib kita imanaken wontenipun. Atur punika kita dasaraken dhawuh pangandikanipun Allah SWT, ingkang kahemot Al-Qur’an surat Isra’ ayat 1 :
سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ ءَايَـٰتِنَآۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ
“Maha suci Dzat kang nglakokake kawulane ana ing wayah bengi, saka Masjidil Haram tumeka marang Masjidil aqsha, kang Ingsun wus paring berkah marang sakiwa tengene. Kang mangkono iku jalaran Ingsun arep nduduhake marang deweke (Sung pirsakake) marang sebagian saka tandha-tandha kuwasaningsun. Satemene Panjenengane iku Dzat kang Maha Midhanget lan Maha Mirsani”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing ayat punika Allah SWT paring penjelasan, bilih tujuan ingkang pokok Kanjeng Nabi dipun isra’aken punika amargi Allah badhe nedahaken dhuamteng Kanjeng nabi, sebagian tandha-tandha kuwaosipun , dalah keagunganipun Allah SWT. Selajengipun Kanjeng nabi Muhammad SAW dipun mi’roj aken marak langsung ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi tujuan pokok inggih punika nampi dhawuh kuwajiban nindakaken shalat fardhu gangsal wekdal, ingkang mujudaken rukunipun Islam ingkang angka kalih.
Hikmah lan tujuanipun shalat punika sampun kabeberaken wonten ing Al-Qur’an kanthi jelas lan gamblang sanget. Kados kaserat ing QS Toha ayat 14 :
إِنَّنِىٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِڪۡرِىٓ
“Satemene Ingsun, Ingsun iku Allah kang ora ana pangeran kejaba mung Panjenenganingsun. Mula saka iku sira nyembaha marang Ingsun lan sira ngedekna shalat, supaya eling marang ingsun”.
Intinipun ayat punika ngaturaken bilih dhawun nyembah namung dhumateng Allah lan ngedegaken shalat, supados tansah enget dhumateng Panjenenganipun. Dados caranipun supados tansah enget dhumateng Allah, shalat minangka alat komonikasi antawisipun kawula dhumateng Penciptanipun.
Dene fungsi dalah faedah nindakaken shalat minangka nyegah utawi ngreksa saking tumindak keji lan mungkar. Kados kasebat ing Al-Qur’an susar Al-Ankabut ayat 45 :
وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَۖ إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِۗ وَلَذِكۡرُ ٱللَّهِ أَڪۡبَرُۗ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ مَا تَصۡنَعُونَ
“Lan sira ngedegna shalat, awit satemene shalat iku nyegah saka tumindak jahat lan munkar. Lan setemene eling marang allah iku gedhe banget pigunane. Lan Allah itu Maha Mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.
Dhawuh pangandikanipun Allah punika wajib kita yakini sayakin-yakinipun. Awit ing kasunyatan wiwit takbiratul ikhram ngantos salam, sedaya ucapan shalat mujudaken pangalembana lan setya tuhu dalah panyuwunan dhumateng Allah SWT. Kanthi makaten para sederek, shalat wonten ing salebetipun agami Islam mujudaken satunggalipun masalah ingkang pokok lan wigatos sanget. Malah sok sinten mukmin-muslim ingkang sae shalatipun, sedaya amalipun dipun jamin dening Allah badhe dados sae. Kosok wangsulipun , mukmin-muslim ingkang risak shalatipun, sedaya amal tumindakipun ugi dipun jamin mboten badhe sae.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Makaten para sederek, sawatawis hikmah ingkang kita pendet saking prastawa Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW ingkang sekedap masih badhe kita peringati sesarengan. Kanthi tujuan wontena peningkatan keimanan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT. Sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi Pangeran tansah paring hidayah, taufiq dhateng kita sedaya, manggih kagegjan lan kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. amin ya rabbal 'alamin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar