SYAWAL WULAN PENINGKATAN AMAL
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
SYAWAL WULAN PENINGKATAN AMAL
Dening : . Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken ngunjukaken raos syukur wanten ing ngarsa dalem Allah SWT, dene ing wekdal punika Panjenenganipun taksih maringi kesempatan malih dhateng kita sedaya kangge ngraosaken kalonggaranipun wulan Syawal. Nikmat makaten punika tamtu kemawon namung saged karaosaken dening tiyang-tiyang ingkang nembe cekap anggenipun ngayahi pendadaran lan ujianipun Allah kanthi nindakaken sedaya rangkeanipun ibadah ing wulan Ramaadhan. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-atu syawatipun ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Raos lega, raos bingah, lan raos sumringah kados ingkang kita raosaken ing wekdal samangke punika, mesthinipun kedah kita dadosaken pawitan ingkang saged ndayani aji dalah kamulyanipun gesang wonten ing wekdal-wekdal salajengipun. Kados rumusan syukur ingkang sampun dipun tuntunaken dening Kanjeng Nabi Sulaiman as, lumantar ayatipun Allah SWT , ing surat An-Naml : 19) :
فَتَبَسَّمَ ضَاحِكً۬ا مِّن قَوۡلِهَا وَقَالَ رَبِّ أَوۡزِعۡنِىٓ أَنۡ أَشۡكُرَ نِعۡمَتَكَ ٱلَّتِىٓ أَنۡعَمۡتَ عَلَىَّ وَعَلَىٰ وَٲلِدَىَّ وَأَنۡ أَعۡمَلَ صَـٰلِحً۬ا تَرۡضَٮٰهُ وَأَدۡخِلۡنِى بِرَحۡمَتِكَ فِى عِبَادِكَ ٱلصَّـٰلِحِينَ
“Dhuh Pangeran kawula ! mugia kersa Paduka paring ilham dhateng kawula ing supadas tetep saget nyukuri nikmatipun Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhateng kawula lan dhateng tiyang sepuh kawula kekalih, lan supados (kawula) saged nindakaken amal ingkang salih ingkang Paduka ridhai, lan (ugi) mugia kersa Paduka angglebetaken kawula kanthi rahmatipun Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang shalih-shalih. ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sampun gangsal dinten kita medal saking wulan Ramadhan, lan lumebet ing wulan syawal. Wulan Ramadhan samangke kantun dados kenangan. Mugi-mugi dadosa kenangan engkang endah, sedaya amalan Ramadhan salabetipun setunggal wulan, wulan Ramadhan punika sageda nyebabaken kita sedaya dados tiyang-tiyang ingkang ningkat amal kesaenanipun, wiwit wulan Syawal punika dumugi salajengipun. Awit tembung Syawal anggadhahi makna peningkatan, nun inggih ningkatipn amal kesaenan.
Wulan Syawal minangka kelajenganipun wulan Ramadhan kanthi maksud supadas ummat Islam saged ngginakaken hasilipun anggenipun kasil nggembleng jiwa, mental tuwin rohaninipun wanten salebetipun Wulan Ramadhan punika, kadadosaken modhal dasar kangge ningkataken amal kesaenanipun wanten ing mangsa-mangsa salajengipun.
Peningkatanipun amal kesaenan punika jelas kedah kadasaraken mawi fitratil Islam, sampun ngantos lepas utawi uwal senajan bebasan sadetik utawi salugut pinara sasra. Dhawuh pangandikanipun Allah SWT, ngengetaken dhateng kita kados kasebat ing Surat Arrum ayat 30 :
فَأَقِمۡ وَجۡهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفً۬اۚ فِطۡرَتَ ٱللَّهِ ٱلَّتِى فَطَرَ ٱلنَّاسَ عَلَيۡہَاۚ لَا تَبۡدِيلَ لِخَلۡقِ ٱللَّهِۚ ذَٲلِكَ ٱلدِّينُ ٱلۡقَيِّمُ وَلَـٰكِنَّ أَڪۡثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعۡلَمُونَ
“Mula sira adhepna wajahira (jiwa raganira) marang agamane Allah. Sira tetepa ana ing fitrahe Allah, kang wus nyipta manungsa manut fitrah iku. Ora ana owah-owahan tumrap fitrahe Allah. Mangkono iku agama kang bener, nanging akeh-akehe para manungsa iku padha ora ngerti”.
Makaten dhawuh pangandikanipun Allah ingkang kita sedayawajib nggatosaken lan ngestokaken, kanthi pangajab lan panyuwun mugi-mugi kita kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang netepi fitrah suci, ingkang tundhonipun saged pikantuk ridlanipun Allah, dzat ingkang Maha Welas Asih dhateng para kawulanipun.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wandene peningkatan amal saleh ingkang saged katampi dening Allah SWT punika kedah netepi syaratipun. Liripun, amal ingkang katindakaken punika kedah leres. Manawi ingkang katindakaken punika awujud amal ibadah, kedah wanten dasaripun, kedah wanten tuntunan saking Rasulullah SAW. Dene yen amal punika kalawau awujud urusan kadonyan, syaratipun kedah tumuju dhateng kemaslahatan. Awit Allah mboten badhe nampi aamal ingkang tundhonipun namung tumuju dhateng kerisakan.
Salajengipun murih amal salih kita punika saged katampi dening Allah, amal saleh punika kalawau kedah dipun dhasari ihklas lillahi ta’ala, namung kanthi nyadhong karidlaning Allah, sepen saking niat-niat ingkang mboten sae. Dhawuh supados ihklas punika ing antawisipun kadasaraken dhawuh pangandikanipun Allah wanten Surat Al Bayyinah ayat 5 :
وَمَآ أُمِرُوٓاْ إِلَّا لِيَعۡبُدُواْ ٱللَّهَ مُخۡلِصِينَ لَهُ ٱلدِّينَ
“Lan wong-wong mau ora di dhawuhi apa-apa dening Allah kejaba mung supaya pada ngibadah marang Allah kanthi murnekake anggone taat marang Panjenengane”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wondene ingkang kadhawuhan supados kita nyembah dhateng Panjenenganipun kanthi murnekaken ketaatan punika, boten sanes kejawi kita supados nggilut agami Islam kanthi paripurna.
khiripun , suamngga sami ndhedhepe dhumateng Allah SWT, kanthi panyuwun mugi wontena keparengipun Allah paring kekiyatan lahir batin dhateng kita sedaya, paring taufiq lan hidayah, lan kepareng paring gampil dhateng sedaya usaha nuju kesaenan., paring berkah lan keridlan dhumateng kita, wilijeng ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar