KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1443 H / 2022 M

 

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1443 H / 2022 M

KANTHI HIKMAH  IDUL ADHA  KITA TINGKATAKEN  IMAN DAN TAQWA

 DHUMATENG ALLAH SWT

Dening  : . Anis Purwanto

 

 اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاَتُهُ

 

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر

اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

 Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.

 Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.

            Langkung rumiyin, sumangga kita sami ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kanikmatan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya,  sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Adha ingkang kebak kebahagiaan punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, kanthi nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.

            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi besar Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.

Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.

             Wanten ing enjang ingkang endah punika, kita sedaya umat Islam sami ngempal wanten ing tanah-tanah lapang, wanten masjid-masjid, lan wanten mushala-mushala utawi papan panggenan sanesipun ingkang kasediyakaken kagem shalat Idul Adha. Malah kanthi gumbiraning manah lan kebak raos syukur punika, kita agungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala dalu ngantos ing enjang punika. Sesarengan kaum muslimin saindenging bawana, saking kitha ageng ngantos ing pelosok dusun. Sami ngegungaken lan muji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang Maha Agung.

            Kalimat takbir, tahlil lan tahmid ingkang kita kumandangaken punika, minangka sebagian bukti pengejawantahan raos syukur lan raos tundhuk kita dumateng Allah atas sedaya kanugrahan saha kanikmatan ingkang dipun paringaken dumaten kita sedaya, ingkang kita mboten badhe saget ngetang, awit kathahipun kanikmatan ingkang kaparingaken dumateng kita sedaya :

وَإِن تَعُدُّواْ نِعۡمَةَ ٱللَّهِ لَا تُحۡصُوهَآ‌ۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَغَفُورٌ۬ رَّحِيمٌ

 “Lan yen sira kabeh arep ngetung kanikmatan peparing Allah, yekti sira kabeh ora bakal bias ngetung. Satemene Allah iku Maha Paring Pangapura lan Maha Welas Asih”. (QS An Nahl:18).

 Para sederek kaum muslimin lan muslimat, rakhimakumullah. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.

             Wanten ing tanggal 10 Dzul Hijjah, kados ing dinten samangke punika, para jamaah Haji nembe ngempal wanten ing kitha Mina, saksampunipun kala wingi sami nindakaken wuquf wanten ing padang Arofah, satunggalipun padhang pasir ingkang wiyar sanget, tandus lan gersang. Ngempal wanten ing ngriku nalika tanggal 9 Dzul Hijjah kadas dinten kala wingi.

            Salebetipun nindakaken upacara ibadah haji, para jamaah punika sami ngagem ageman ihrom, ingkang warninipun pethak lan tanpa dipun jahit. Ageman ihrom ingkang makaten punika minangka lambangipun persamaan aqidah lan pandangan hidup. Awit umat Islam pancen satunggaling umat ingkang anggadhahi aqidah lan pandangan hidup ingkang sami lan seragam.

            Wanten ing saat-saat makaten punika, prasasat sampun mbaten saget dipun bentenaken malih antawisipun tiyang ingkang sugih lan ingkang miskin, antawisipun pemimpin lan rakyat biasa. Sedaya ngraos sederajat, setingkat, sami dadas kawulanipun Allah, ingkang nembe ibadah, nyaketaken manah dalah sliranipun dumateng Allah. Sami-sami lan sesarengan ngumandangaken kalimat Talbiyah :

“LABBAIKALLAHUMMA LABBAIK, LABBAIKA LAA SYARIIKA LAKA LABBBIK, INNAL-HAMDA WAN-NI’MATA LAKA WALMULKA LAA SYARIIKALAK”

“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.

 Para sederek kaum muslimin lan muslimat. Jamaah ‘aidin lan ‘aidat rakhimakumullah.

             Dasar minangka dorongan ingkang damel para jamaah haji ihklas ngurbanaken bondha dunyonipun, lan lega lila ngadhepi mawarni-warni kesulitan salebetipun nindakaken ibadah haji, inggih punika dhawuh pangandikanipun Allah wanten ing Al-Qur’an, Surat Al Haj :27-28 :

 وَأَذِّن فِى ٱلنَّاسِ بِٱلۡحَجِّ يَأۡتُوكَ رِجَالاً۬ وَعَلَىٰ ڪُلِّ ضَامِرٍ۬ يَأۡتِينَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ۬ (٢٧) لِّيَشۡهَدُواْ مَنَـٰفِعَ لَهُمۡ وَيَذۡڪُرُواْ ٱسۡمَ ٱللَّهِ فِىٓ أَيَّامٍ۬ مَّعۡلُومَـٰتٍ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُم مِّنۢ بَهِيمَةِ ٱلۡأَنۡعَـٰمِ‌ۖ فَكُلُواْ مِنۡہَا وَأَطۡعِمُواْ ٱلۡبَآٮِٕسَ ٱلۡفَقِيرَ (٢٨)

 “Lan sira, Ibrahim, printahna para manungsa supaya nindakake ibadah haji. Temtu wong-wong mau padha nekani sira kanthi mlaku, lan sawenehe ana kang mung nunggang unto kuru, teka saben-saben plosok kang adoh. Supaya padha nekseni pirang-pirang manfaat tumrape wong-wong mau dhewe. Lan supaya wong-wong mau padha nyebut asmane Allah ana ing dina-dina kang wus ditemtokake, atas rezki kang wus diparingake marang wong-wong mau, kan awujud kewan raja kaya. Mula saka iku sira kabeh padha mnagna sebagian saka daginge kewan mau. Lan sebagian liyane wenehna marang wong-wong kang sangsara, kang fakir, suapa padha dipangan”.

            Makaten satunggaling ayat Al-Qur’an ingkang wanten gegayutanipun kaliyan masalah ibadah haji, ingkang ing saat sapunika nembe tengah-tengahipun dipun tindakaken dening umat Islam ingkang kaleres kacekapan syarat rukunipun.

            Wandene kagem kita, umat Islam ingkang kaleres dereng saget nindakaken ibadah haji, wanten ing saat-saat ingkang kebak raos syukur punika, sami nindakaken ibadah ingkang sampun kadas dipun syariataken dening agami Islam. Wiwit kala wingi dipun sunnahaken nindakaken siyam Arofah. Maos kalimah takbir, tahlil lan tahmid, saha shalat idul adha.

            Kajawi nindakaken shalat Id, wanten ing saat-saat ingkang bahagia punika dipun syariataken tumrapipun kaum muslimin ingkang sampun kacekapan, supadas mragat kewan kurban. Bab punika kadhasaraken dhawuhipun Allah SWT:

إِنَّآ أَعۡطَيۡنَـٰكَ ٱلۡكَوۡثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَٱنۡحَرۡ (٢)

 “Satemene Engsung wus paring kanikmatan kang akeh banget marang sira.Mula saka iku sira nyembaha marang Pangeranira. Lan sira kurbana”. (QS. Al Kautsar:1-2).

            Sejarah wantenipun syariat kurban kanthi mragat kewan raja kaya punika wantenipun prastawa nalika Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadawuhan supadas mragat putranipun, , putra ingkang sakalangkung dipun tresnani.  inggih punika Nabi Ismail as. Kanjeng Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika kanthi tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an, kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :

 

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ (١٠٢)    

“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku. Rama pirsa ana ing sajrone ngimpi, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren, kepriye panemumu. Ismail banjur matur : Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.

            Rerangkaianipun upacara ibadah Idul Adha, wiwit maos takbir ngantos pelaksanaan shalat Id lan pemragatipun kewan qurban, ingkang dagingipun dipun bagi-bagi dhateng para sederek fakir miskin, menggah kita kaum muslimin tartamtu mengku hikmah ingkang sakalangkung ageng sanget.

            Ucapan takbir, umpaminipun, dipun kumandangaken dening kaum muslimin, nggambaraken wantenipun kesatuan akidah, manunggalipun tekat saha cita-cita gesang, inggih punika ngumawula dhumateng Allah SWT. Dene shalat Id, anggadhahi makna minangka pengejawantahan raos taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun. Ingkang sedaya punika anggadhahi pengaruh ingkang ageng salebetipun usaha mbentuk kasampurnanipun mental saha ruhaniyah kita, nuju kemantepanipun gesang istiqomah, ingkang kaajab saget nuwuhaken sawarnining kemaslahatan gesang, wiwit ing ndonya ngantos ing akhirat.

Akhiripun, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah saking Idul Adha, ingkang ing tahun punika kita mahargya ing swasana keprihatinan, awit kasunyatan ngantas ing titi wanci punika kita dereng uwal saking pandemic covid-19. Malah ing tengah-tengahipun kita nyiapaken saha pemragatan kewan qurban wanten wabah Penyakit Mulut lan Kuku  utawi PMK. Kita ajab wanten ningkatipun ketaatan lan ketaqwaan dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha ningkatipun keihklasan berkurban, kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita uawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken.

Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang katitahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah tansah nyuwun pangreksa dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kawontenan nagari enggal saget uwal saking sedaya reribet.  Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo nagari ingkang kawogan mimpin. Pundi engkang sae, sumangga kita sengkuyung, pundi engkang awon sumangga kito dandosi , kagem kemajengan  ing sedayanipun.

Kanthi hikmah Idul Adha tahun 1443 H punika sumangga sak saged-saged nyonto keihklasan pengorbanan Nabi Ibrahim as dalah nabi Ismail as, wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih karaharjan kanthi gesang ingkang sakinah . Mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saha katampi sedaya amal ibadah, manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

       

        

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHOTBAH KE II :

 

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 


 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA