KANTHI HIKMAHIPUN ‘IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE MUJUDAKEN UKHUWAH ISLAMIYAH

 

 

KHUTBAH IDUL FITRI  1444 H / 2023 M

KANTHI HIKMAHIPUN ‘IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE MUJUDAKEN UKHUWAH ISLAMIYAH

Dening :  Anis Purwanto

 

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر

الله أكبر الله أكبر

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Fitri punika, saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.

            Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Moho Tunggal. Lesan kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu”.

            Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :

 وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ

 “Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.


Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.

 Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

 Salebetipun mahargya Idul Fitri makaten punika, wonten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun khaliq lan makhluq utawi “Hablum minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang lan pesederekan (ukhuwah Islamiyah) ing antawisipun sesami makhluq utawi “hablum minannas”.

Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngagungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid “Allahu Akbar, laa ilaaha illallah walillahil hamdu”. Ucapan lesan punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sholat Idul Fitri.

            Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken  hubungan lan nyelak dhumateng Allah, kaum muslim ingkang mampu, langkung rumiyin kedah nentepi kewajibanipun dhateng sesami , khususipun dhumateng tiyang ingkang mboten mampu, sarana mbayaraken Zakat Fitrahipun, minangka pencuci jiwa tumraping tiyang ingkang siyam lan minangka paring tedha fakir miskin. Makaten fungsinipun zakat fitrah kados dene ingkang dipun tuntunaken dening Gusti Rosul SAW.

فَرَضَ رَسُولُ اَللَّهِ صلى الله عليه وسلم زَكَاةَ اَلْفِطْرِ; طُهْرَةً لِلصَّائِمِ مِنَ اَللَّغْوِ, وَالرَّفَثِ, وَطُعْمَةً لِلْمَسَاكِينِ

 “Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.

 Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.

             Kita syukur dhumateng Allah SWT, awit tetela kita taksih begja saged nampi kekiyatan lahir batos paringipun Allah, sahingga kita mampu lan lulus saking perjuangan ngendaleni lan nundukaken hawa nefsu kanthi nindakaken siyam Ramadhan sewulan wetah. Ingkang nggembleng jiwo kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap , lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene wojo. Kita medal saking wulan Romadhon dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi saget dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun resik lan suci, insya Allah.

Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :

“TAQOBALLAHU MINNA WA MINKUM WA JA’ALANALLAHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WALMAQBULIIN”

“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saged ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”

Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.

Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.

 Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah

 Rerangkaian ibadah Ramadhan , milai siyam, tarawih berjamaah, zakat fitrah sarta Idul Fitri, minangka model gerakan moral kangge mujudaken UKHUWAH ISLAMIYAH  umat Islam, ingkang dipun tindakaken setunggal wulan wetah. Awit, “Ukhuwah Islamiyah” kedah kita dadosaken satunggalipun gerakan Nasional,  kagem ngribah bangso Indonesia dados bongso ingkal adil makmur “BALDATUN TOYYIBATUN WA ROBBUN GHOFUR”. Kita ugi kedah wantun nemtokaken nasib bangso kita piyambak.Awit “Alloh mboten badhe ngribah salah satunggalipun kaum, kajawi piyambaipun purun ngribah dirinipun piyambak”.

Atur keterangan punika kadasaraken saking pangandikanipun Allah, wanten ing Surat Ar-Ra’d ayat 11 :

إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوۡمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُواْ مَا بِأَنفُسِہِمۡ‌ۗ

 “Satemene Allah ora bakal ngrobah nasipe salah sawijine kaum, sakdurunge dheweke ngrubah awake dhewe”.

Kangge ngadhepi mangsa-mangsa ingkang saya rumit lan komplek punika, kaum muslimin kedah ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT kangge modal mbangun umat nuju masyarakat Indonesia enggal. Kajawi saking punika, tentu kita kedah ngagem pola hidup sedernana lan tetep ngencengaken ikat pinggang. Sahingga kanthi kesadaran ingkang makaten punika, kita beridul fitri mbaten sarana bermewah-mewahan lan pemborosan.

Satunggaling syair nyebadaken :“LAISAL ‘IDU LIMAN LABISAL JADIDU ,BALIL ‘IDU LIMAN THO’ATUHU TAZIIDU”

“Idul Fitri iku dudu hak milik kanggone wong-wong kang nyandang nganggo sarwa anyar lan mangan ngombe sarwa mewah, namging Idul Fitri iku duweke wong-wong kang wis bisa ningkatake ketaatane marang Allah lan utusane”.

 Manawi kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa bobot lan saya ringkih jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten, kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami ngrungkebi ing agami namung pundi ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang mboten dipun remeni inggih dipun tilar sasekecanipun.

            Kawontenan punika dipun gambaraken wanten ing Al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 11:

 وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَعۡبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرۡفٍ۬‌ۖ فَإِنۡ أَصَابَهُ ۥ خَيۡرٌ ٱطۡمَأَنَّ بِهِۦ‌ۖ وَإِنۡ أَصَابَتۡهُ فِتۡنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنۡيَا وَٱلۡأَخِرَةَ‌ۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ

“Lan ing antaraning manungsa ana wong kang panembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing donya lan ing akhirat. Kang mengkono iku kapitunan kang nyata”.

            Inggih kapribaden minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa makaten kita tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing salami-laminipun, jalaran punapa ingkang sampun kita tindakaken pranyata mboten wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syari’at agami sahengga mboten badhe katampi.

 Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.

 Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah

             Mugi-mugi kanthi Fithratil Islam ingkang Ied-ipun kita pahargya wanten ing dinten punika, jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci, kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita dados saya langkung gampil lan entheng nampi barang haq lan nebihi saking barang batil, langkung sregep lelumban wanten ing babagan kesaenan. Sumangga kita tingkataken anggen kita fastabiqul khairat. Mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, lan tansah nebihi saking pasulayan lan perpecahan, ngutameaken pesederekan, saling ngapura-ingapura antawisipun setunggal lan sanesipun. Nebihi saking sedaya pasulayan, memengsahan, jegal-jegalan, ingkang tundhonipun namung tumuju dhateng kehancuran.

وسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ

 “Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwun pangapura marang Pangeranira”.

 Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak.  Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ ، فقـد قال تعـالى في كتـابه الكـريـم ، أعـوذ بـالله من الـشــيـطان الـرجـيم ، بســم اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى ،  وَذَكَرَ اسْمَ  رَبِّهِ فَصَلىَّ ،  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

 

 ( Khotbah kapaling 2 nyumanggakaken para Khotib.)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA