SAKSAMPUNIPUN RAMADHAN LAN IDUL FITRI
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
SAKSAMPUNIPUN RAMADHAN LAN IDUL FITRI
Dening : . Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Selajengipun para sederek, keparengan kita caos pemut dhumateng kita sedaya, sumangga sampun ngantos kendat lan kendel anggen kita usaha ningkataken taqwa kita dhumateng Allah saha utusanipun, inggih punika junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Allah SWT sampun ngendika kadas ingkang kahemat ing Al-Qur’an Surat An Nur ayat 52 :
وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُ ۥ وَيَخۡشَ ٱللَّهَ وَيَتَّقۡهِ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَآٮِٕزُونَ
“Lan sing wonge taat marang Allah lan taat marang utusane Allah, sarta wedi marang pasiksane Allah lan taqwa marang Panjenengane, wong-wong kang mangkono iku yaiku wong-wong kang nampa kabegjan peparinge Allah”.
Para sederek, sumangga kita sami ngestakaken dhawuh punika, murih kita sedaya saged kagolong ummat ingkang nampi kabegjan peparngipun Pangeran. Wndene caranipun kanthi ngamalaken punapa ingkang kadhawuhaken saha nilaraken awisanipun Allah SWT. Namung kanti cara makaten , insya Allah kita badhe nampi kamulyan saha kabegjan wanten ing donya lan ing akhirat.
Ma’asyiral Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kita nembe kemawon medal saking wulan Ramadhan. Lan Idul Fitri sampun kita pahargya manut aturan ingkang sampun dipun tetepaken dening Agama Islam. Kalih-kalihipun, badhea pengamalanipun ibadah siyam lan pahargyan Idul Fitri, jelas mujudaken setunggal rerangkeaning pengibadahan dhumateng Allah SWT.
Siyam ing wulan Ramadhan lan Idul Fitri ngrupekaken satunggaling kesatuan ingkang saling sesambetan. Liripun, tanpa pengamalan siyam ing wulan Ramadhan, kegembiraan ing Idul fitri inggih punika wangsulipun fitrah dhateng kita mboten badhe kaparingaken. Utawi kanthi tembung sanes, tanpa wanten perjuangan , mbaten badhe waanten kemenangan ingkang saged dipun gayuh. Lan kemenangan punika, nembe saget kita gayuh saksampunipun berjuan kanthi ngetog kekiyatanipun, saha ngorbanaken sedaya kemampuanipun. Al hamdulillah, kalih-kalihipun sampun kita amalaken kanthi sukses, lan mugi-mugi pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Ma’asyiral Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Hikmah lan nilai ingkaang winengku wonten salebetipun pengibadahan siyam punapa dene hikmahipun Idul Fitri, punika perlu sanget kita lestantunaken senajan kita sampun medal saking wulan Ramaadhan lan sampun mbaaten wanten ing swasananipun Idul Fitri. Ingkang sarana makaten, ateges kegiatan ibadah kita punika badhe terus berkesinambungan lan nuwuhaken damapk positif, ingkang intinipun ningkataken amal shalih wanten ing sadhengah bidang.
Mila saking punika, kanthi nyelarasaken maknanipun tembung syawal, mugi-mugi saksampunipun wulan Ramadhan lan Idul Fitri, sedaya kegiatan kita dados meningkat, kwalitasipun lan ugi kwantitasipun.
Wontenipun peningkatan amal makaten punika jer sakelangkung dipun perlokakaken sanget, sae ing babagan kadonyan langkung-langkun urusan keakhiratan. Allah sampun ngendika ing Surat at Taubah ayat 105 :
وَقُلِ ٱعۡمَلُواْ فَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمۡ وَرَسُولُهُ ۥ وَٱلۡمُؤۡمِنُونَۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَـٰلِمِ ٱلۡغَيۡبِ وَٱلشَّہَـٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمۡ تَعۡمَلُونَ
“Lan sira kondhoa (Muhammad), Sira kabeh padha tumandang gawea. Awit Allah lan Utusane sarta para wong mukmin bakal mirsani tandang gawenira, lan sira kabeh bakal dibalekake marang Allah kang ngawuningani barang ghaib lan barang nyata, wusana banjur dicritakake marang sira apa bae kang wus kok tindakake”.
Para sederek, ayat punika isi dhawuh supados beramal kanthi keterangan bilih Allah lan utusanipun sarta sedaya tiyang mukmin sami mirsani amal perbuatan kita, punika ateges biliuh anggen kita beramal kedah kanthi sak sae-saenipun, supadas saged mbekta manfaat iang saaageng-agengipun, kagem kemaslahatan ing donya dalah ing akhirat.
Ma’asyiral Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Akhiripun usaha ningkataken amal shalih makaten punika nembe badhe sukses menawi sejalan kaliyan ningkatipun iman. Amal shalih badhe meningkat manawi kadaripun iman malih mboten saged dipun pisah-pisahaken. Sebab ing kasunyatan, iman lan amal shalih punika mujudaken sarana kangge anggayuh kabegjan ing donya dalah ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar