KHUTBAH IDUL ADHA 1444 H / 2023 M
KHUTBAH IDUL ADHA 1444 H / 2023 M
KANTHI SEMANGAT QURBAN KITO TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA DHUMATENG ALLAH SWT
Dening : Anis Purwanto
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Adha punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, tumuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Wanten ing enjang punika, kita sedaya umat Islam sami ngempal wanten ing masjid, lan mushala utawi papan panggenan sanesipun ingkang kasediyakaken kagem shalat Idul Adha. Malah kanthi gumbiraning manah, kita agungaken asmanipun Allah kanthi maos kalimah takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala dalu ngantos ing enjang punika. Sesarengan kaum muslimin saindenging bawana, saking kitha ageng ngantos ing pelosok dusun. Sami ngegungaken lan muji syuklur ing ngarso dalem Allah SWT. Kanthi sikep dhepe-dhepe ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Wanten ing tanggal 10 Dzul Hijjah, kados ing dinten samangke punika, para jamaah Haji nembe ngempal wanten ing kitha Mina, saksampunipun kala wingi sami nindakaken wuquf wanten ing padang Arofah.
Salebetipun nindakaken upacara ibadah haji, para jamaah punika sami ngagem ageman ihrom, ingkang warninipun pethak lan tanpa dipun jahit. Ageman ihrom ingkang makaten punika minangka lambangipun persamaan aqidah lan pandangan hidup. Awit umat Islam pancen satunggaling umat ingkang anggadhahi aqidah lan pandangan hidup ingkang sami lan seragam.
Wanten ing saat-saat makaten punika, prasasat sampun mbaten saget dipun bentenaken malih antawisipun tiyang ingkang sugih lan ingkang miskin, antawisipun pemimpin lan rakyat biasa. Sedaya ngraos sederajat, setingkat, sami dadas kawulanipun Allah, ingkang nembe ibadah, nyaketaken manah dalah sliranipun dumateng Allah. Sami-sami lan sesarengan ngumandangaken kalimat Talbiyah :
“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Dasar minangka dorongan ingkang damel para jamaah haji ihklas ngurbanaken bondha dunyonipun, lan lega lila ngadhepi mawarni-warni kesulitan salebetipun nindakaken ibadah haji, inggih punika dhawuh pangandikanipun Allah wanten ing Al-Qur’an, Surat Al Haj : 27-28 :
وَأَذِّن فِى ٱلنَّاسِ بِٱلۡحَجِّ يَأۡتُوكَ رِجَالاً۬ وَعَلَىٰ ڪُلِّ ضَامِرٍ۬ يَأۡتِينَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ۬ (٢٧) لِّيَشۡهَدُواْ مَنَـٰفِعَ لَهُمۡ وَيَذۡڪُرُواْ ٱسۡمَ ٱللَّهِ فِىٓ أَيَّامٍ۬ مَّعۡلُومَـٰتٍ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُم مِّنۢ بَهِيمَةِ ٱلۡأَنۡعَـٰمِۖ فَكُلُواْ مِنۡہَا وَأَطۡعِمُواْ ٱلۡبَآٮِٕسَ ٱلۡفَقِيرَ
“Lan sira, Ibrahim, printahna para manungsa supaya nindakake ibadah haji. Temtu wong-wong mau padha nekani sira kanthi mlaku, lan sawenehe ana kang mung nunggang unto kuru, teka saben-saben plosok kang adoh. Supaya padha nekseni pirang-pirang manfaat tumrape wong-wong mau dhewe. Lan supaya wong-wong mau padha nyebut asmane Allah ana ing dina-dina kang wus ditemtokake, atas rezki kang wus diparingake marang wong-wong mau, kang awujud kewan raja kaya. Mula saka iku sira kabeh padha mangana sebagian saka daginge kewan mau. Lan sebagian liyane wenehna marang wong-wong kang sangsara, kang fakir, supaya padha dipangan”.
Wandene kagem kita, umat Islam ingkang kaleres dereng saget nindakaken ibadah haji, wanten ing saat-saat ingkang kebak raos syukur punika, sami nindakaken ibadah ingkang kadas sampun dipun syariataken dening agami Islam. Wiwit kala wingi dipun sunnahaken nindakaken siyam Arofah. Maos kalimah takbir, tahlil lan tahmid, saha shalat idul adha.
Kajawi nindakaken shalat Id, dipun syariataken tumrapipun kaum muslimin ingkang sampun kacekapan, supadas mragat kewan kurban. Bab punika kadhasaraken dhawuhipun Allah SWT:
إِنَّآ أَعۡطَيۡنَـٰكَ ٱلۡكَوۡثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَٱنۡحَرۡ (٢)
“Satemene Engsung wus paring kanikmatan kang akeh banget marang sira.Mula saka iku sira nyembaha marang Pangeranira. Lan sira kurbana”. (QS. Al Kautsar:1-2).
Sejarah wantenipun syariat kurban kanthi mragat kewan raja kaya punika wantenipun prastawa nalika Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadhawuhan supadas mragat putranipun, putra ingkang sakalangkung dipun tresnani. inggih punika Nabi Ismail as. Kanjeng Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah punika kanthi tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an, kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku. Rama pirsa ana ing sajrone ngimpi, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren, kepriye panemumu. Ismail banjur matur : Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT, ingkang nyutradarani kisah ageng punika, ingkang akhiripun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail as lulus saha katetepaken minangka lambang pengurbanan lan pembangunan. Kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 127 :
وَإِذۡ يَرۡفَعُ إِبۡرَٲهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَـٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ مِنَّآۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
“Lan elinga nalika Ibrahim lan Ismail bebarengan ngankat (mbangun) dhasar-dhasare Baitullah). Wong loro (rama lan putra) mau banjur ndonga : Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wantena kepareng Paduka nampi amalan kula. Sejatosipun Paduka punika maha Midhanget lan Maha Ngawuningani”.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah
Mila kasinggihan, bilih piwucal ingkang saget kita pethik saking kisah Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as, inggih punika panjenenganipun sukses ngangkat utawi mbangun dasaripun agami kanthi kebak raos iman lan ketaatan dhumateng Allah SWT. Ketaatan minangka dasar utami saking sadaya kegiataning manungsa, kasil dipun tindakaken kanthi kebak keihklasan lan kesabaran, senajan kedah mawi pengorbanan ingkang awrat sanget. Malah kanthi lila legawaning manah sanggup ngurbanaken keng putra ingkang sakelangkung dipun trisnani.
Ananging jalaran saking ta’atipun dhumateng Allah, katresnan dhateng anak kalawau saget kawon, amargi saking agengipun keta’atan dumateng Allah SWT. Sahingga manawi katresnan kita dhumateng Allah SWT , anglangkungi tresna kita dhateng sanesipun, tartamtu badhe mahanani kagayuhing kabegjan ingkang sakalangkung ageng lan langgeng.
Kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan kala wau. Ningkatipun iman saha taqwa, ugi minangka gegayuhan ingkang utami, pramila kedah dipun tebus kanthi pangurbanan ingkang ageng ugi, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun Allah SWT lan ninggalaken awisanipun.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Pembangunan wonten ing bidhang punapa kemawon, tan kenging mboten tartamtu mbetahaken perngurbanan, saya ageng bidhang ingkang dipun bangun, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken. Cita-cita mbangun bangsa lan nagari Indonesia ingkang kita tresnani punika ugi merlokaken pengurbanan ingkang mboten alit lan mboten sekedik. Malah manawi kita purun menggalih malih kados pundi perjuanganipun bangsa Indonesia nalika sakawit ngrebat kamardikaning bangsa lan nagari saking jajahanipun Walandi. Wiwit kala samanten dumugi sapriki, tetela mboten sekedik lan mboten alit ingkang sampun dipun kurbanaken dening bangsa lan rakyat Indonesia. Tanpa pangorbanan , mbok manawi dumugi sepriki negari kita dereng saget majeng kadas wekdal sakmenika. Malah kita bangsa Indonesia sampun saget dipun jajaraken kalih nagari-nagari majeng sanesipun.
Pembangunan ingkang kita leksanakaken wonten ing nagari kita punika, pancen sekelangkung wiyar sanget tebanipun, nyakup sedaya bidhang, ingkang wanten gandheng cenengipun kaliyan gesang lan pagesanganipun manungsa, inggih punika bidang lahiriyah lan bidhang ruhaniyah. Kalih-kalihipun kedah kita gatosaken kanthi kawigatosan ingkang sami agengipun. Wondene gegayuhan ingkang pungkasan saking pembangunan inggih punika, “nagari igkang baldatun toyyibatun wa rabbun ghofuur”.
Akhiripun, sepindah malih kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah saking Idul Adha, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha ningkatipun keihklasan berrkurban, kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita uawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken.
Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang katitahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah tansah nyuwun pangreksa dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kawontena nagari ingkang ing saat punika nembe mbangun ing sedaya bidang, saget kalis saking sedaya rubeda, uwal saking sedaya reribet. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo nagari ingkang kawogan mimpin. Pundi engkang sae, sumangga kita sengkuyung, pundi engkang awon sumangga kito dandosi , kagem kemajengan ing sedayanipun.
Kanthi hikmah Idul Adha tahun 1444 H punika sumangga sak saged-saged nyonto keihklasan pengorbanan Nabi Ibrahim as dalah nabi Ismail as, wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih karaharjan kanthi gesang ingkang sakinah . Mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saha katampi sedaya amal ibadah, manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Komentar
Posting Komentar