MAWAS DIRI
NASKAH KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MAWAS DIRI
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Kita nyuwun dhumaateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siyang punika saget katampi dening Allah SWT, amin ya rabbal ‘alamin.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng Gusti Rasul, Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sekedar ngengetaken dhumateng kita sedaya supados tansah mikir-mikir dhumateng alam kainat utawi alam kawontenan ingkang wiyar sanget punika, khususipun dhateng badan kita piyambak-piyambak. Awit kanthi cara makaten , kesadaran kita badhe langkung ningkat , bilih kita para manungsa punika sejatosipun mboten anggadhahi daya saha kekiyatan punapa-punapa. Malah kita punika naming satunggalipun mahkluk iangkang ringkih.
Kados ingkang dipun ngendikakaken Allah wanten ing Al-Qur’an Surat An-Nisa’ ayat 28 :
وَخُلِقَ ٱلۡإِنسَـٰنُ ضَعِيفً۬ا
“Lan manungsa iku dicipta dening Allah kanthi kahanan ringkih” ”.
Para sederek, kasunyataning kawontenan ingkang makaten punika mbuktekaken bilih kita lajeng nggantungaken nasip dhumateng dzat ingkang Maha Pencipta. Kados kasebat ing Surat Al-Ihklas :
ٱللَّهُ ٱلصَّمَدُ
“Allah yaiku Pangeran Kang Sakabehing makhluk padha nggantungake marang Pangerane”
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Ayat pendek ingkang kula aturaken punika, suka pitedah dhumateng kita sedaya supados kita mawas diri dhumateng pribadi kita piyambak-piyambak, ingkang mahanani kita tansaya celak dhateng Allah SWT, ingkang salajengipun Allah badhe kepareng ngluberaken rahmat saha welas asihipun dhumateng kita sedaya.
Sumangga kita gatosaken malih pangandikanipun Allah ing Surat Al-Hujurat ayat 10 :
وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
“Lan sira kabeh taqwa-a marang Allah supaya sira kabeh oleh rahmat welas asihe Allah”
Wondene wujudipun taqwa inggih punika nindakaken sawarnining dhawuhipun Allah lan nebihi saking awisanipun Allah, kanthi tujuan utami supados kita pikantuk perlindunganipun Allah, kaluberan rahmat welas asihipun Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wondene sipat kapribaden tiyang taqwa, supados nyonto utawi itba’ Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wanten ing bab punika , tiyang taqwa dipun engetaken kanthi satunggaling ayat , kasebat ing surat Ali Imran ayat 31 :
قُلۡ إِن كُنتُمۡ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحۡبِبۡكُمُ ٱللَّهُ وَيَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ۬ رَّحِيمٌ۬
“Kandhakna (Muhammad) !. Yen sira kabeh iku tresna (seneng Taqwa) marang Allah, sira kabeh manuta ingsun (Nabi Muhammad). Yen sira manut ingsun, Allah temtu tresna marang sira kabeh, lan paring pangapura marang dosa-dosanira. Awit Allah iku Maha paring pangapura lan Maha welas asih”.
Kanthi makaten para sederek, sumangga kita saget mawas diri, nganwontenaken panaliten dhumateng kita piyambak-piyambak, awit saestu kita punika mahkluk ingkang ringkih, ingkang saget ewah samangsa-mangsa. Pangkat lan jabatan ingkang kita sandhang sapunika, mbnjang enjang saged ical. Kasugihan, bondho donyo ingkang sakpunika dados kebanggakan , mbenjang enjang saget kemawon lajeng telas, samanten ugi jiwa lan raga kita sak wanci-wanci ugi sirna jalarang kapanggil ngadhep ing ngarsa dalem Allah SWT, ing kasedan jati. Makaten ringkihipun manungsa, sahengga Allah ngengetaken kita kanthi dhawuh pangandikan, kasebat ing Surah Al-Anbiya’ ayat 35 :
كُلُّ نَفۡسٍ۬ ذَآٮِٕقَةُ ٱلۡمَوۡتِۗ وَنَبۡلُوكُم بِٱلشَّرِّ وَٱلۡخَيۡرِ فِتۡنَةً۬ۖ وَإِلَيۡنَا تُرۡجَعُونَ
“Saben-saben sing nduweni nyawa iku mesthi ngrasakake mati. Lan Inngsun-barang sing becik (sing nyenengake sira). Lan marang Panjenenganing-Sun sira kabeh iku di balekake”.
Akhiripun namung dhumateng Allah SWT kita nyuwun perlindungan saking sedaya kawontenan , sae ing ing rikala kita nampi musibah lan ugi ing rikala kita nampi kanugrahanipun Gusti. Mugi-mugi kanthi mawas diri punika kita kalebetaken ewonipun umat ingkang pikantuk kabegjan wiwit ing ndonya ing akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar