KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M
KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M
KANTHI HIKMAH IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA KANGGE NUWUHAKEN AKHLAQUL KARIMAH LAN UKHUWAH ISLAMIYAH
Dening : Anis Purwanto
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Sumangga kita sesarengan ngaturaken pujo lan puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga ing dinten punika kita umat Islam ngraosaken gumbiro ing manah, awit sampun saged ngrampungaken sedaya amalan lan pengibadahan ing wulan Ramadhan. Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga lan penderekipun. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, bekja fiddun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Kanthi rampungpun siyam saha sedaya amalan ing salebetipun wulan Ramadhan, mugi-mugi saget ningkataken Iman lan Taqwa kita dhumateng Allah swt, saget nindakaken sedaya kesaenan lan saget nilaraken saking tumindak awon, sahingga mahanani kawilujengan kita lahir batos, ndonya lan akhirat.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Kita umat Islam milai manclapipun suryo kala wingi sonten, sami ngumandangaken kalimat agung arupi Takbir, Tahmid lan Tahlil, wanten ing pundi-pundi panggenan, kanthi ngebaki angkoso. Ucapan-ucapan Takbir, tahmid lan Tahlil mujudaken satunggalipun bukti raos syukur kita dhumateng keagunganipun Gusti Allah SWT. Awit dinten punika bukti nyata kemenangan umat Islam saking memerangi hawa nefsu sewulan wetah, kanthi pangajab mugi-mugi saged mbekta dhumateng kesaenan, nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken sedaya awisanipun.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Kanthi rampungipun siyam Ramadlan ingkang kalandasaken iman lan ngupadi ridlonipun Allah swt, mugia kita pikantuk janji-janjinipun Allah SWT, ingkang arupi kesenengan lan kanikmatan arupi rahmat, maghfiroh lan ‘itqun minan naar. Kados dhawuh Rasulullah Saw :
أول شهر رمضان رحمة وأوسطه مغفرة وآخره عتق من النار
“Sasi Ramadlon iku awale rahmat, tengahe magfiroh,lan akhire pembebasan siksa neraka”. (Al Hadits).
Tentunipun sedaya ingkang kasebat punika tumanduk dhumateng tiyang-tiyang ingkang nindakaken siyam kanthi Iman lan niyat ngupadi ridlonipun Allah SWT. Kados kasebat wonten ing dhawuh Rasulullah saw :
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sapa wonge nglakoni pasa ana ing wulan Ramadlon kanthi iman lan niyat ngupadi ridlo Allah swt, mulo wong mau bakal dingapuro dosane sing wus kepungkur”. (HR Muslim).
Pramila kanthi dasar Hadits punika insya Allah kita sampun kawisudha dados kawulanipun Gusti Allah ingkang resik lahir lan batos saking sedaya kalepatan, kita ibarataken kados dene bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbaning sang ibu. Sahinggo estu-estu ing dinten punika kita wangsul dhateng fitroh utawi kesucian. Anugerah arupi fitroh estu-estu mujudaken modal ingkang ageng tumrap kita umat Islam, kangge anggayuh sawernining panjangka gesang ingkang mardlotillah ndonya lan akhirat. Ananging modal punika badhe muspro manawi mboten kaginakaken kanthi cara ingkang leres, inggih punika tansah nderek tuntunanipun Allah SWT saha utusanipun. Kados kasebat waonten Al-Qur’an Surat Ash-Shoff ayat 10-12 :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ هَلۡ أَدُلُّكُمۡ عَلَىٰ تِجَـٰرَةٍ۬ تُنجِيكُم مِّنۡ عَذَابٍ أَلِيمٍ۬ (١٠) تُؤۡمِنُونَ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ وَتُجَـٰهِدُونَ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ بِأَمۡوَٲلِكُمۡ وَأَنفُسِكُمۡۚ ذَٲلِكُمۡ خَيۡرٌ۬ لَّكُمۡ إِن كُنتُمۡ تَعۡلَمُونَ (١١) يَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡ وَيُدۡخِلۡكُمۡ جَنَّـٰتٍ۬ تَجۡرِى مِن تَحۡتِہَا ٱلۡأَنۡہَـٰرُ وَمَسَـٰكِنَ طَيِّبَةً۬ فِى جَنَّـٰتِ عَدۡنٍ۬ۚ ذَٲلِكَ ٱلۡفَوۡزُ ٱلۡعَظِيمُ (١٢)
“He wong-wong kang padha iman apa sira kabeh padha gelem sun tuduhake marang sawijining dol tinuku kang bisa nylametake sira kabeh saka siksa kang banget perihe (yaiku) supaya sira kabeh padha gelem iman marang Allah kanthi bondho lan jiwonira. Mangkono iku luwih becik tumrap sira yen sira pancen padha ngerti, (yen sira padha gelem tumindak mankono) Allah mesti paring pangapura saka dosa-dosanira, lan padha dilebokake sira kabeh ana ing suwarga kang ing ngisore kali-kaline padha mili, lan ana ing papan panggonan kang apik ana ing suwarga, mangkono iku bathen kang gedhe banget”.
Kanthi keterangan ayat punika saged dipun pendhet keterangan bilih reginipun suwarga mboten saged katumbas kaliyan artha, ananging kita gantos kaliyan iman lan jihad, berjuang wanten ing marginipun Allah SWT, manawi kita purun nindakaken jejibahan luhur milo ganjaran sae ingkang badhe kita tampi. Lan Allah SWT mboten badhe rugi, amargi Allah Maha Agung lan Sugih ingkang tanpa winates. Pramilo sedaya namung gumantung wonten kita piyambak-piyambak.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.
Salebetipun mahargya Idul Fitri makaten punika, wonten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun khaliq lan makhluq utawi “Hablum minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang lan pesederekan (ukhuwah Islamiyah) ing antawisipun sesami makhluq utawi “hablum minannas”.
Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngagungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid “Allahu Akbar, laa ilaaha illallah walillahil hamdu”. Ucapan lesan punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sholat Idul Fitri.
Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken hubungan lan nyelak dhumateng Allah, kaum muslim ingkang mampu, langkung rumiyin kedah nentepi kewajibanipun dhateng sesami , khususipun dhumateng tiyang ingkang mboten mampu, sarana mbayaraken Zakat Fitrahipun, minangka pencuci jiwa tumraping tiyang ingkang siyam lan minangka paring tedha fakir miskin. Makaten fungsinipun zakat fitrah kados dene ingkang dipun tuntunaken dening Gusti Rosul SAW.
“DHOROBA ROSULULLAHI SHOLALLOHU ‘ALAIHI WASALAM : ZAKATAL FITRI TUHROTAN LISHSHOIMI MINAL LAGHWI WARROFASI WA TUHROTA LILLMASAKIIN”.
“Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Kita syukur dhumateng Allah SWT, awit tetela kita taksih begja saged nampi kekiyatan lahir batos paringipun Allah, sahingga kita mampu lan lulus saking perjuangan ngendaleni lan nundukaken hawa nefsu kanthi nindakaken siyam Ramadhan sewulan wetah. Ingkang nggembleng jiwo kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap , lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene wojo. Kita medal saking wulan Romadhon dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi saget dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun resik lan suci, insya Allah.
Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :
“TAQOBALLAHU MINNA WA MINKUM WA JA’ALANALLAHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WALMAQBULIIN”
“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saged ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”
Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Al hamdulillah , ing swasono Idul Fitri tahun punika kita bangsa lan rakyat Indonesia nembe cekap enggen kita nggelar pesta demokrasi, sae PILEG, DPD lan PILPRES/WAPRES ingkang dumados ing kala dinten Rebu Legi tanggal 14 Februari 2024, sedaya kita tindakaken kanthi sukses. Lan hasilipun sampun kita mangertosi sesarengan. Menika demokrasi, pemilu mesti wonten ingkang mimpang ugi kedah wonten ingkang kawon. Pramila kito lajeng sarujuk kanthi wontenipun kesepakatan “Siap kawon saha siap mimpang”. Punapa kemawon hasilipun pemilihan, kita kedah purun nampi, jer punika sampun PILIHAN RAKYAT.
Mila salajengipun mangga kita sami nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi pimpinan pilihan rakyat punika dipun paringi kekiyatan lahir batos dening Allah SWT lan ugi dipun paringi hidayah lan taufiqipun, sahingga saged mimpin bangsa lan nagari Indonesia punika kanthi sasae-saenipun tumuju dhateng satunggalipun negari ingkang “BALDATUN TAYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
Wondene tumrapipun kita masyarakat ingkang awam, sasampunipun PEMILIHAN UMUM dipun selenggarakaken, mangga kita sami wangsul kados wingi uni, dados masyarakat Indonesia ingkang guyup lan rukun sarta manunggal, kados ingkang dipun dhawuhaken Allah “KUNTUM UMMATAN WAAHIDAH” ingkang tegesipun “Sira kabeh suwijining umat kang manunggal”. Mila kanthi punika mangga kita sami wangsul mbentuk dados masyarakat ingkang guyup lan rukun, sarta ningkataken “UKHUWAH ISLAMIYAH”.
Kados sampun kasebat wonten ing Al-Qur”an Surat Al Hujarat ayat 10 :
إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ إِخۡوَةٌ۬ فَأَصۡلِحُواْ بَيۡنَ أَخَوَيۡكُمۡۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
“Satemene wong-wong mukmin iku sasedulur. Mula saka iku sira kabeh gawea islah (perdamaian) ing antarane sedulur loronira kang cecongkrahan. Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah, supaya sira kabeh diwelas-asihi dening Allah”.
Punapa malih para sederek, ing rikolo kita sesarengan mangayubagya ariyadin Fitri 1 Syawal, kita kaum muslimin wajib usaha lan mbudidaya kanthi sekiyat-kiyatipun, murih kesatuan lan persatuanipun umat Islam saya kiyat. Kosok wangsulipun kita kedah saget nyingkiri bab-bab ingkang mahanani perpecahanipun umat Islam khususipun, dalah masyarakat Indonesia sedaya.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak, minangka perwujudan saking fungi kita minangka kalifatullah fil ardhi, nuju masyarakat Indonesia majeng. Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ ، فقـد قال تعـالى في كتـابه الكـريـم ، أعـوذ بـالله من الـشــيـطان الـرجـيم ، بســم اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى ، وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلىَّ ، وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
( Khotbah kapaling 2 nyumanggakaken para Khotib.)
Komentar
Posting Komentar