LAMPAH KITA ING SALAJENGIPUN
NASKAH KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
LAMPAH KITA ING SALAJENGIPUN
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Syukur Alhamdulillah dene ngantos ing detik punika kita taksih dipun tetepaken dados tiyang iman lan taqwa, amargi hidayah punika awis sanget reginipun. Pramila saking punika hidayah peparingipun Allah kedah tansah kita ugemi amrih dados lelandhesan gesang kita, kangge anggayuh pagesangan engkang langkung sae, ing ndonya dalah ing akhirah. Punapa malih kita jejeripun kawula limrah, ingkang anggadhahi sifat remen kaliyan gebyaripun kadonyan. Hal punika kados kasebat ing Al-Qur’an Surat An-Nahl ayat 97 :
مَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا مِّن ذَڪَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٌ۬ فَلَنُحۡيِيَنَّهُ ۥ حَيَوٰةً۬ طَيِّبَةً۬ۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا ڪَانُواْ يَعۡمَلُونَ
“Sopo wonge sing nindakake amal saleh, lanang utowo wadon, ana sajrone kahanan iman, temenan bakal Sun paringake marang dheweke kauripan kan becik, lan temenan Ingsun bakal paring pinwales marang dheweke kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang apa-apa sing wis ditindakake dening dheweke”.
Gesang punika kados ubengipun rodo. Sekedhap wonten ing nginggil, lan sekedhap malih gantos ing ngandhap. Sekedhap ngraosaken padhang kanthi lumubering kanikmatan, nanging ing wekdal sanesipun, ujianipun Allah jer mujudaken piwucal ingkang penting sanget kangge ndadar kekiyatanipun iman dalah taqwa kita dhumateng Allah SWT. Mila namung tiyang ingkang tansah syukur wanten ing ngarsanipun Allah kewawon ingkang badhe mbentenaken ing antawisipun kita para kaum muslimin, pundi ingkang wareg utawi luwe, pundi ingkang rena lan lila. Wondene wonteneipun usaha, obah lan ubet, mujudaken pengejawantahan saking raos syukur. Maksudipun, bilih rahmat saha kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dhateng kita sedaya punika, mila lajeng kita ginakaken kagem kemaslahatan gesang kita ing ndonya khatal akhirat.
Rasulullah piyambak mila sampun paring conto, bilih panjenenganipun punika kawulanipun Allah ingkang mboten nate nganggur, wonten kemawon ingkang tansah panjenenganipun ayahi, panjenenganipun ugi paring piwucal dalah tuladha dhumaten sedaya umatipun. Rosululllah paring piwucal mugia kita tansah nyuwun pangrekso dhumateng Allah SWT saking perkawis wolu , inggaih punika : raos sumpek lan sedhih, sifat ringkih lan keset, sikep pengecut lan medhit, kathah utang saha perbudhaan.
Mila saking punika , kadas ingkang kita raosaken ing saat punika, kita nembe kemawon medal saking wulan ramadhan, malah sakpunika kita sampun ing tengahipun wulan syawal, ing ateges sekedap malih badhe gantos wulan Dzulqa’dah utawi wulan Selo wanten ingkang nyebat wulan Longkang. Raos gumbira ing manah ing rikala kita nindakaken ibadah ing wulan Ramadhan, lan ugi ing rikala kita ber hari raya idul fitri taksih saget kita raosaken, mila sak menika kantun mendhet hikmah-hikmahipun wulan Ramadhan lan idul fitri. Sumangga amalan-amalan ingkang sampu sae ing wulan Ramadhan ngantos ing wulan syawal punika kita lestantunaken.
Sakpunika kita wajib nerusaken amalan-amalan Ramadhan punika ngantas dhatengipun Ramadhan tahun ngajeng, insya Allah. Sumangga kegiatan keagamaan ingkang sampun mlampah ing wulan Ramadhan kita lajengaken, awit tembung syawal punika maknanipun ningkat, sahingga sampun sakmestinipun kita lajeng kagungan pepinginan murih sedaya saget ningkat, shalat kita , ibadah kita, lan sedaya amalan-amalan muamalah kita sak saget-saget langkung sae malih, langkung semangat lan langkung ihklas.
Kita ajrih sampun ngantos kedadosan kados ingkang sampun dipun aturaken wanten ing Al-Qur’an Surat Yasin ayat 10 :
وَسَوَآءٌ عَلَيۡہِمۡ ءَأَنذَرۡتَهُمۡ أَمۡ لَمۡ تُنذِرۡهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
“Padha wae munggue dheweke iku, apa kowe paring peringatan marang dheweke, apa ora, kanggo dheweke padha wae, dhewekw ora bakal percoyo.
Makaten para sederek peringatan saking Allah, mugi-mugi kita sedaya dipun tebihaken saking sifat ingkang kados makaten punika. Mugia kita saget nerusaken amal ibadah, kados ingkang sampun kita tindakaken sesarengan, syukur-syukur langkung sae , langkung ningkat. Mugi-mugi kita tetep kaparingan hidayahi Allah SWT, manggih kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Komentar
Posting Komentar