NUTUP WULAN RAMADHAN

 

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :

NUTUP WULAN RAMADHAN

Dening : Anis Purwanto

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

 

Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah

 

 Dinten Jum’at siang punika minangka Jum’at pungkasan ing wulan Ramadhan , kita sampun  ing 5 dinten ing  tahapan itqum minannar saking wulan Ramadhan, inggih punika tanggal 26 Ramadhan. Insya Allah dinten Rebu Pahing ngajeng kita bandhe mlebet ing tanggal 1 Syawal 1445 H. Sahingga kanthi makaten kita saya caket dhateng tujuanipun siyam ing wulan Ramadhan, inggih punika anggayuh kalenggahanipun taqwa. Kadas ingkang kasebat ing Surat Al Baqarah ayat 183 :

 

َـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

“He wong-wong kang podho iman, sira kabeh padha diwajibake nglakoni pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira padha dadi wong kang taqwa”

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

 

Wulan Ramadhan sampun badhe telas, ing dalem kita nindakaken ibadah siyam saha amalan-amalan Ramadhan sanesipun, kita di pun latih supados jujur, tertip, dislipin, inggih shalatipun, trawehipun, tadarusipun, saha nahan saking sedaya ingkang mbatalaten saha ngguguraken ibadah siyam kita.

Sedaya piwucal agung punika , estunipun saget ndadosaken kita tiyang ingkang anggadhahi kuwlitas unggul lan inggil, saya ningkat iman dalah taqwanipun. Mila saking punika, mestinipun amalan-amalan agung punika  sampun ngantos mandheg, sesarengan kalian telasipun wulan Ramadhan. Awit tiyang ingkang nindakaken kesaenan, ateges piyambakipun ugi pas nembe nilar amal tumindak ingkang awon. Mila pahalanipun lajeng dobel,  pikantuk   saking anggenipunipun  nindakaken amalan sae, lan dipun tambah malih saking anggenipun nilar  tumindak awon.  Menika dereng pahalanipun Allah ingkang asalipun saking ketaatan utawi ketaaqwaan. Awit saking ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT, Gusti Allah badhe paring rahmad.

Dhawuh Allah SWT ing Surat Ali Imran ayat 132 , nyebadaken :

وَأَطِيعُواْ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ لَعَلَّڪُمۡ تُرۡحَمُونَ (١٣٢)

“Lan taata sira marang Allah lan rasule supaya sira kabeh padha diparingi rahmad”

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

 

Pramila mangga, wulan Ramadhan ingkang namung kantun 5 dinten, bilih kita etang saking dinten punika, kita lajengaken ngantos tamat. Trawehin, tadarusipun kita lajengaken, zakat fitahipun ugi kedah kita bayaken kagem nyampurnakaken ibadah siyam kita.

Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.

            Wondene wujudipun taqwa inggih punika nindakaken sawarnining dhawuhipun Allah lan nebihi saking  awisanipun Allah, kanthi tujuan utami supados kita pikantuk perlindunganipun Allah,  kaluberan rahmat welas asihipun Allah SWT.

 

            Kados kasebat ing surat Ali Imran ayat 31 :

 

قُلۡ إِن كُنتُمۡ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحۡبِبۡكُمُ ٱللَّهُ وَيَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡ‌ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ۬ رَّحِيمٌ۬  

Kandhakna (Muhammad) !. Yen sira kabeh iku tresna (seneng Taqwa) marang Allah, sira kabeh manuta ingsun (Nabi Muhammad). Yen sira manut ingsun, Allah temtu tresna marang sira kabeh, lan paring pangapura marang dosa-dosanira. Awit Allah iku Maha paring pangapura lan Maha welas asih.

Akhiripun, sumangga para sederek, mumpung taksih wonten wekdal ngantos akhir wulan Ramadhan punika, kita giataken malih, kita tengenaken anggen kita ngibadah. Mugia siyam kita saget katampi ing ngarsanipun Allah SWT minangka siyam ingkang mabrur. Sahingga kita saget kaganjar rahmat, maghfirah, lan itqum minannar, lan kawangsulaken malih dhateng swasana fitrah, kanthi pikantuk pencerahan sejati, inggih punika nur hidayahipun Allah SWT ingkang manjing waanten ing salebetipun manah, pikiran lan wanten ing sadhengahipun amal tumindah. Wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA