KHUTBAH IDUL FITRI 1446 H/2025M : “KANTHI HIKMAHIPUN IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA NUJU MASYARAKAT INGKANG MAJENG”

 

KHUTBAH IDUL FITRI  1446 H/2025M

“KANTHI HIKMAHIPUN IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA NUJU MASYARAKAT INGKANG MAJENG”

 Dening : Anis Purwanto

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر

الله أكبر الله أكبر

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

            Langkung rumiyin, sumangga kita sami nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya. Sahingga kanthi ijin Allah SWT, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Fitri ingkang kebak kebahagiaan punika seget kempal manunggal ngupadi ridlanipun Allah SWT, kanthi nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglaeraken raos syukur dhumateng Allah SWT.

            Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Kita syukuri nikmatipun Allah SWT ingkang awujud dhatengipun Idul Fitri punika mboten sarana pesta pora nuruti hawa nefsu lan selera, nanging nikmatipun Allah punia kita syukuri kanthi nindakaken rukuk lan sujud dumateng Allah SWT, Gusti ingkang Maha Kuwaos lan Maha Tunggal. Wanten ing enjang punika, kita umat Islam ngempal wanten ing masjid Al- Muhtadin  ingkang minangka kebanggakan masyarakat Dusun Tumang kagem nindakaken shalat Idul Fitri.

Malah kanthi manah gumbira lan raos syukur punika, kita agungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala wingi sonten saksampunipun serap suryo, lan terus hengga sedalu muput, kanthi cara-cara ingkang makruf.  Sesarengan kaum muslimin seindenging bawana, saking kitha ageng ngantos ing pelosok dusun, sami ngumandangaken takbir ngebaki angkasa, ngegungaken asmanipun Allah SWT, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dumateng Allah, nundukaken jiwa raga, ngabektos wanten ngarsanipun Allah SWT.

            Atur keterangan punika kadasaraken saking pangandikanipun Allah, wanten ing Surat Al Baqarah ayat 185 :

وَلَا يُرِيدُ بِڪُمُ ٱلۡعُسۡرَ وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ

 “Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.   

Allahu Akbar 3 X Walillahil–hamd.Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

            Idul Fitri dipun syariataken dening Agama Islam setahun sepindah.Saksampunipun umat Islam rampung nindakaken ibadah siyam, setunggal wulan wetah ing wulan Ramadhan. Idul Fitri ingkang tegesipun wangsul dhateng kesucian, minangka hari Raya Fitrah utawi dinten ageng fitri, dipun syariataken minangka wujud saking dhawuh Nabi Muhammad SAW :“ LISHSHOIMI FAR KHATAANI FARKHATUN ‘INDAL FITRI WA FARKHATUN ‘INDA LIQOOIROBBIH”

“Wong pasa ing sasi Ramadhan iku kaparingan kegembiraan warna loro, yaiku gumbira nalika rampung anggone pasa lan gumbira nalika ketemu karo Pangerane mbesuk ana ing dina akhir”

Mila pancen kasinggihan, bilih ingkang saget ngraosaken kebahagiaan lan kegembiraan ingkang hakiki, mbaten sanes kejawi namung tiyang ingkang menghayati saha ngamalaken piyambak dhawuhipun Allah SWT, nindakaken kewajiban siyam ing wulan Ramadhan. Dhawuh punika sampun kita tindakaken kanthi sukses, kadasaraken iman lan niat ngupadi ridlanipun Allah SWT.

Ibadah siyam saestu mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna,  nggembleng jiwa kita dados kiyat, watak lan kepribaden kita dados luhur,  sikep kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi sedaya reribet, lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene waja. Kita medal saking wulan Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan, dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganipun ibu, resik lan suci jiwanipun, lepas saking sedaya kalepatan.

Tiyang ingkang ngibadah siyamipun makaten punika, pantes sanget lan sampun sakmestinipun manawi nalika cekap saking anggenipun nindakaken kewajiban suci, rumaos seneng, rumaos gumbira lan muji syukur dhumateng Allah SWT.     Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a : “TAQOBALALLOHU MINNA WA MINGKUM WA JA’ALANALLOHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WAL MAQBULLIN”

“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saget ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”

Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.

Allahu Akbar 3 X Walillahil–hamd.Jama’ah Shalat Idul Fitri Rakhimakumullah.

Minangka kelanjutan saking keberhasilan anggen kita nindakaken ibadah siyam, ing akhir Ramadhan kita dipun wajibaken mbayar zakat fitrah, ingkang pembagianipun dipun utamekaken kangge para fakir miskin. Bab punika kadasaraekn saking dhawuh pangandikanipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW :

“FARODHO ROSULULLAHI SHOLALLOHU ‘ALAIHI WASALAM : ZAKATAL FITRI TUHROTAN LISHSHOIMI MINAL LAGHWI WARROFASI WA TUHROTA LILLMASAKIIN”.

 “Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.

Zakat fitrah mujudaken simbul saking solidaritas lan kesetiakawanan sosial, sak sampunipun ngraosaken ngelak lan luwe ing wulan Ramadhan. Sahingga tiyang mukmin nggadahi raos welas asih dhumateng kaum dhu’afak.Kanthi pangajab kaum dhuafak punika saget ngraosaken kebahagiaan ing swasono Idul Fitri, kados ingkang kita raosaken ing dinten punika.

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Ritual Ramadhan , saget mbikak kesadaran kita kangge nutup lawangipun neroko dalah mbikak lawangipun suwarga, punika dados landesan moral kito. Sebab kados padatan, ing rikola siyam Ramadhan sedaya kegiatan umat Islam ribah total lan ningkat. Masjid-masjid lan mushola ingkang biasanipun sepen jamaah, ing wulan Ramadhan jamaahipun rame, kepara malah mbludak. Hikmah Ramadhan salah satunggalipun minangka sarana kangge ndadar sifat kejujuran kaum muslimin. Mboten wonten tiyang ingkang jujur kados dene jujuripun tiyang ingkang siyam, mboten wonten tiyang ingkang disiplin kados dene disiplinipin tiyang ingkang nindakaken siyam Ramadhan. Pramila tepat sanget bilih Ramadhan kita dadosaken minangka “REVOLOSI MENTAL UMAT ISLAM”.

Pramila saking punika, kita minangka bangsa Indonesialan kaum muslimin khususipun, ingkang taksih nyepeng dalah njunjung inggil adat ketimuran, ingkang lelandasan falsafah poncosilo, kanthi Ketuhanan Yang Maha Esa minangka sila ingkang kapisan, sanget ngraosaken prihatin lan miris dene ngantos ing ssat sapunika kita anyipati kedadosan-kedaosan ingkang jer lelawanan kaliyan landesan nagari dalah agami, kados begal, kecu, maling, perampasan, madat lan ugi rojo pati ingkang dados berita ingkang asifat nasional.

Rerangkaian ibadah Ramadhan , milai siyam, tarawih berjamaah, zakat fitrah sarta Idul Fitri, minangka model gerakan revolosi mental umat Islam, ingkang dipun tindakaken setunggal wulan wetah. Awit, revolosi mental kedah dados satunggalipun gerakan Nasional,  kagem ngribah bangso Indonesia dados bongso ingkal adil makmur “BALDATUN TOYYIBATUN WA ROBBUN GHOFUR”. Kita ugi kedah wantun nemtokaken nasib bangso kita piyambak.Awit “Alloh mboten badhe ngribah salah satunggalipun kaum, kajawi piyambaipun purun ngribah dirinipun piyambak”.

Atur keterangan punika kadasaraken saking pangandikanipun Allah, wanten ing Surat Ar-Ra’d ayat 11 :

إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوۡمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُواْ مَا بِأَنفُسِہِمۡ‌ۗ وَإِذَآ أَرَادَ ٱللَّهُ بِقَوۡمٍ۬ سُوٓءً۬ا فَلَا مَرَدَّ لَهُ ۥ‌ۚ وَمَا لَهُم مِّن دُونِهِۦ مِن وَالٍ

 “Satemene Allah ora bakal ngrobah nasipe salah sawijine kaum, sakdurunge dheweke ngrubah awake dhewe”.

Namung kangge nuju masyarakat Indonesia ing majeng lahir batosipun, kita bangsa Indonesia taksih ngadepi mawarni-warni ujian ingkang awrat, ing antawisipun saget kita aturaken inggih punika masalah pemberantasan koropsi, penegakan hukum, disamping masalah ekonomi ingkang kedah terus kita dandosi lan terus mbetahaken partisipasi kita bangsa Indonesia.

Kangge ngadhepi mangsa-mangsa ingkang saya rumit lan komplek punika, kaum muslimin kedah ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT kangge modal mbangun umat nuju masyarakat majeng ing sedaya bidang. Kajawi saking punika, tentu kita kedah ngagem pola hidup sedernana lan tetep ngencengaken ikat pinggang. Sahingga kanthi kesadaran ingkang makaten punika, kita beridul fitri mbaten sarana bermewah-mewahan lan pemborosan.

Satunggaling syair nyebadaken : “LAISAL ‘IDU LIMAN LABISAL JADID, BALIL I‘DU LIMAN THO’ATUHU TAZIID”

“Idul Fitri iku dudu hak milik kanggone wong-wong kang nyandang nganggo sarwa anyar lan mangan ngombe sarwa mewah, namging Idul Fitri iku duweke wong-wong kang wis bisa ningkatake ketaatane marang Allah lan utusane”.

Allahu Akbar 3 X Walillahil –hamd.Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Kanthi hikmah Idul Fitri kita sageta ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT lan saget ningkataken pengibadahan kita. Sebab kita nembe medal saking gemblengan jiwa, salami setunggal wulan wetah. Sahingga jiwa kita dados teguh lan kiat, kesabaran kita dados tangguh, watak lan kepribaden kita dados luhur lan sikep kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi ujian lan pacoben. Pantes bilih kita kasanepakaken kados prajurit ingkang nembe wangsul saking medan peperangan ageng, kanthi mbekta kemenangan ingkang gemilang. Kita ugi saget kasanepakaken kados dene jabang bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbanipun ibu, resik lan suci saking sedaya kalepatan.       

Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.

Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.

Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak, minangka perwujudan saking fungi kita minangka kalifatullah fil ardhi, nuju masyarakat Indonesia majeng. Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.

Selajengipun kangge penutup khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

DO’A : nyumanggakaken khotib

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA