KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : LAILATUL QODAR

 

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :

LAILATUL QODAR

Dening : Anis Purwanto

 

 إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah

 

 Dinten Jum’at siang punika kita sampun  ing akhir tahapan 10 dinten pungkasan ing wulan Ramadhan inggih punika tanggal 21 Ramadhan. Ing ateges  sakpunika  insya Allah kita sedya sampun mlebet ing tahaban “itqun minan naar “ utawi tahaban pembebasan kawula saking siksanipun latu neraka. Sahingga kanthi makaten kita saya caket dhateng tujuanipun siyam ing wulan Ramadhan, inggih punika anggayuh kalenggahanipun taqwa. Kadas ingkang kasebat ing Surat Al Baqarah ayat 183 :

 

َـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ

“He wong-wong kang podho iman, sira kabeh padha diwajibake nglakoni pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira padha dadi wong kang taqwa”

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

 

Pramila wonten ing wekdal-wekdal 10 dinten pungkasan saking wulan Ramadhan, Kanjeng Muhammad SAW saya ngencengaken anggenipun nindakaken pengibadahan kanthi konsentrasi saha manunggalaken niat namung kangge nggayuh kamulyanipun Lailatul Qadar.

Lailatul Qqdar minangka amalan puncak ing wulan ramadhan, sebab kita sampun asring mireng kados pundi ageng lan agungipun Lailatul Qadar ingkang sedya badhe dipun paringaken dhateng para kawulanipun Allah ingkang mila estu-estu nggesangaken dalu=dalunipun wulan Ramadhan kangge mempeng ngibadah, khususipun ing 10 dinten pungkasan.

Wanten ing Surat Al Qadar ayat 4 lan 5 Allah SWT sampun ngendika :

 

إِنَّآ أَنزَلۡنَـٰهُ فِى لَيۡلَةِ ٱلۡقَدۡرِ (١) وَمَآ أَدۡرَٮٰكَ مَا لَيۡلَةُ ٱلۡقَدۡرِ (٢) لَيۡلَةُ ٱلۡقَدۡرِ خَيۡرٌ۬ مِّنۡ أَلۡفِ شَہۡرٍ۬ (٣) تَنَزَّلُ ٱلۡمَلَـٰٓٮِٕكَةُ وَٱلرُّوحُ فِيہَا بِإِذۡنِ رَبِّہِم مِّن كُلِّ أَمۡرٍ۬ (٤) سَلَـٰمٌ هِىَ حَتَّىٰ مَطۡلَعِ ٱلۡفَجۡرِ (٥)


  “Satemene Insung wus nurunake Al-Qur’an ana ing bengi kamulyan. Apa sira ngerti, apa bengi kamulyan iku ? Bengi kamulyan iku luwih utama tinimbang sewu sasi. Ana ing bengi iku para Malaikat  lan Malaikat Jibril padha tumurun ana ing bengine lailatul qadar iku, kanthi idine Pangerane (kanggo ngatur) sakabehane perkara. (Yaiku) bengi kang (kebak) keslametan (lan katentremane) nganti mletheke fajar”

 

Kanthi ayat punika Allah SWT nerangaken bilih Lailatul qadar iku luwih utama tinimbang sewu wulan. Dados manawi dipun ukur mawi agengipun ganjaran, ngibadah wanten ing malam lailatul qadarpunika ganjaranipun langkung ageng tinimbang ngibadah wanten ing sadangunipun 1000 wulan, utawi 83 tahun langkung 3 wulan.

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

 

Gambaran kesaenan makaten punika saestu kraos agung lan ageng tumrap kita kaum muslimin. Pramila namung sih saha kanagrahanipun Gusti Allah kemawon ingkang saget paring kalenggahan ingkang mulya lan luhur makaten punika.

Kajawi saking punika lailatul qadar mbeta lan ngemut ketentreman , kedhamean saha kawilujengan. Mila mesthinipun tiyang engkang pikantuk berkah lan hikmahipun lailatul qadar punika badhe ngraosaken tentrem, dhame lan wilujeng kanthi tansah pikantuk tuntunanipun hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.

 

Akhiripun, sumangga para sederek, mumpung taksih wonten wekdal ngantos akhir wulan Ramadhan punika, kita giataken malih, kita tengenaken anggen kita ngibadah. Mugia siyam kita saget katampi ing ngarsanipun Allah SWT minangka siyam ingkang mabrur. Sahingga kita saget kaganjar rahmat, maghfirah, lan itqum minannar, lan kawangsulaken malih dhateng swasana fitrah, kanthi pikantuk pencerahan sejati, inggih punika nur hidayahipun Allah SWT ingkang manjing waanten ing salebetipun manah, pikiran lan wanten ing sadhengahipun amal tumindah. Wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1445 H / 2024 M

KHUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA 1445 H/2024M

KHUTBAH JUM’AT MENYAMBUT TANGGAL 1 MUHARAM 1447 H : HIJRIYAH UNTUK KITA SEMUA